Selasa, 04 September 2018

MANGRO


SELASA PAING 4 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandaring Toret 5:15-20
Jabur 106 :1-6,13-23,47-48
Lukas 6:1-5

“Aja pisan-pisan kowé padha nglakoni dosa srana gawé reca sing koksembah rupa apa waé…” Pangandaring Toret 4:16a

Muga-muga para maos jik kelingan crita neng buku bahasa Indonesia SD. Critane bab lelakone Si Pandir, sing nembe entuk ulem. Omahe Si Pandir neng pinggir kali, ndilalah entuk ulem loro, sing siji seka hulu, nggone adoh, ning sing ngundangi wong sugih, lan suguhane genah jos tenan. Sijine neng hilir, cedak ananging sing ngulemi wong biasa-biasa wae, mula genah yen suguhane mengkone ya mung biasa-biasa wae. Nalika meh mangkat bingung, mula munggah, ngarah suguhan sing jos, ananging bareng entuk seprosepuluh lelaku, njur mikir, adoh lan kesel, durung meneh ngko kentekan suguhan, njur balik wae nyang sing ngisor. Lagi wae mlaku pirang menit, njur mikir, tiwas mlaku nekani ulem, ananging suguhane biasa-biasa wae. Lelakon ngono kuwi bola-bali, nganti nalika bali munggah pethukan tanggane sing meh mulih, merga nggon nduwur wis rampung, Si Pandir wedi ngisor y telat, mula cenkelak nututi sing ngisor, ananging sakdurunge tekan tujuan, ketemu tanggane sing crita yen acarane wis bubar. Apa sing dilakoni Si Pandir kuwi karan MANGRO,.

Njur apa ta tegese MANGRO kuwi? Mangro kuwi kahanan sing dialami lan dirasakne menungsa nalika ora isa  milih siji pilihaning urip ing antarane pilihan sing uakiuiih tenan. Paribasan lelaku, yen mlaku ngalor mesti ora tekan kidul lan kosokbaline, mulane yen arep mlaku ngalor, yowis nglencengke pikir marang sisih Lor, orasah mikir sing kidul, kuwi sing jenenge focus,manteb lan bakuh. Sikep mangro kuwi ora maedahi apa wae, mesti ngrusak urip lan uga tatanan. Merga ngrusak tatanan lan panguripan, mula Gusti Allah ya ora kersa menawa menungsa pada mangro babagan manembah marang Piyambak’E. Kuwi nate diwulangke deneng nabi Musa neng kitab Pangandaring Toret 4 ayat 16a, kaya sing dadi nats ing dina iki. Manut kitab kuwi, mangro kuwi dosa lho ya, kamangka dosa kuwi kadya kembang sing isa ngetokne woh, kembange dosa wohe neraka.

“Wah, jebule Gusti Allah kuwi cemburunan ya Lik?”, Nduk I’in nyoba takon marang Paklik’e sing bagus kaya irus, lik Ndoleng.
“Weh, jebule iyo ik nduk..yen ngono, mengko yen aku cemburu sah-sah wae..”, Sajak mbungahi Lik Ndoleng nalika ditakoni ponakane sing plagehane Jolak-jalik kaya manuk prenjak kuwi.
“Weladalah, kuwi tafsir sing ora pener kabeh. Crita Kitab Suci dina iki ora bab Gusti cemburu, ning bab ora mangro, istilahe ora MENDUA. Ngener mung marang siji wae”, Daljio njajal njelaske sakisane.
“Oooo, brarti mbiyen rasido entuk mbak Tarsi merga kowe mangro yo Kang Dal?”, Nduk I’in takon semu ngece marang Dalijo.
“Hmmm…iyik kowe kui In..!”, Rada nesu Dalijo mangsuli karo mlaku menyang warung merga rokok’e entek, wong suwi raketok nglepuse.

Lur, nderek Gusti utawa manembah kuwi aja pisan-pisan mangro, mbuh karo apa wae, kudu ngener marang Gusti. Ayo makarya uga kinantenan focus marang apa wae gaean peparinge Gusti iki..


Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH