Minggu, 16 September 2018

NYINGKUR


MINGGU WAGE 16 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 50                 :4-9a
Mazmur 116              :1-9
Yakobus 3                 :1-12
Markus 8                    :27-38
“Sing sapa ndhèrèk Aku, kudu nyingkur awaké dhéwé, ngangkat salibé, banjur ngetutburi Aku.” Markus 8:34b

Tembung nyingkur kuwi saiki arang digunakne. Saka sing tua lan sing enom wis arang banget nggunakne tembung iki. Mula lumrah yen saikine arang wong sing paham tegese, apa meneh cah enom, mesti babar blas ora ngerti tegese. Nyingkur kuwi seka tembung SINGKUR, sing tegese kurang luwih nglawan seka kekarepan. Yen kudune mlaku ngetan, njur malah mlaku ngulon kuwi sing diarani nyingkur. Yen kudune tresna karo pasangan, njur ora tresna kuwi ya isa diarani nyingkur. Sanadyan babagan nyingkur kuwi akeh sing ngemu teges negative, ning akeh uga sing ngemu teges positif.

Wacan Injil suci ing dina iki, minggu wage 16 september 2018, ngemu piwulang luhur seka Gusti Yesus bab kepiye carane supaya bener anggone pada nderek Gusti. Njur apa sing bener, kepiye? Jebule sing dikersakne Gusti bab nderek Panjenengane kuwi ana gandeng cenenge karo tembung nyingkur kuwi. Sing sapa ora gelem nyingkur pepinginan kamanungsane, kekarepan kamangnusane kuwi ora bisa diarani nderek Gusti utawa murid’e Gusti. Lha iki sing abuuuott, lha lire kepiye ta? Menungsa iki sakjeg’e urip kan sing dauber,diburu kan kabeh sing isa ndadekne seneng lan bungahe, kamangka yen meh nderek Gusti, kuwi kabeh kudu diendani, kudu disingkur. Lha pora aboot yen ngene iki? Ananging mung sing gelem nyingkur kekarepan kamangnusane wae sing olih ganjaran siswane Gusti, liyane kuwi saatus persen tampik.

Menungsa, klebu awake dewe sing nulis lan maca tulisan iki, klebu menungsa yen jik nduweni pepinginan. Lan pepinginan kuwi mestine ya amrih bungah utawa senenge. Lha yen arep nderek Gusti, kuwi kabeh kudu disingkuri. Contone, dina minggu esuk, penake turu, lha wong libur, pomeneh sewengi bar dolan tur njedoot..kuwi jarenen dulur-dulur Serab ndepok, mula yen kudu ngibadah neng greja ya abot tenan. Mula racak’e njur wegah nyingkur pepinginan kamanungsan kuwi. Kamangka yen ora gelem nyingkuri pepinginan kamanungsan kuwi oa pantes dadi siswane Gusti lho..pora medeni yen ngene iki..

“Kuii lik, wacanen renungan kuwi, aja mung nguber marem wae, kuwi mung nguja mareming kamanungsanmu”, Dalijo ujug-ujug ngelikne Lik Ndoleng
“Iyo Dal, aku ngerti, mula sesuk aku meh ngibadah, mangkat esuk ben ora telat”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Wah apik kuwi lik, ning jolali lho lik, ngko bengi lek-lekan mae Mas Wadi, tampa putu, muga-muga jik kuat tangi esuk”, Dalijo neruske wangsulane.
“Hmmm, mangkat esuk palinga gur arep linggih mburi dewe ta lik”, Nduk I’in cluluk saja nyemes bapakne cilik.
“Ambuhhhh Nduk…kowe kuwi kabeh polahku kok kleruuu..mbok nyingkur kekarepanmu sing mung pengen nyemesi aku wae….”, Lik Ndoleng sajak sambat..
“Hehe..ra rame yen ra ngoso sampeyan lik…”, Wangsulane I’in santai..

Lur, ayo pada nyingkur kekarepaning kamanungsan awake dewe, sanadyan ya abot. Sing ngantuk,males, kesel, ayo ngibadah…ben tetep dadi siswane Gusti Yesus.

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH