Selasa, 18 September 2018

NGLADENI TUR YA NGRAGAD’I


SELASA LEGI 18 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK

1 Raja-Raja 13                      : 11-25
Mazmur 119                          : 169-176
Lukas 8                                  : 1-3
“Para wong wadon mau padha ngladèni Gusti Yésus lan wong-wong sing padha ndhèrèk Panjenengané. Déné ragadé peladosan kabèh padha disangga dhéwé déning wong-wong wadon mau.” Lukas 8:3b

Wani toh-tohan aku, yen dikon milih antarane “ngladeni” karo “diladeni” , sing maca tulisan mesti milih diladeni. Kuwi yen jujur, ning yen sok-sok’an soleh, macak urip ben katon relejies, mesti mangsuline seneng nglayani. Semono uga bab ngragad’I lan diragad’I, yen kon milih mesti pilih diragad’i. kuwi kabeh wis pathok’an alamiah, ora isa diselak’i. lha apa ta sing diarani ngladeni lan ngragdi kuwi? Ngladeni kuwi tumindak sing diayahi manut karo apa sing dikarepke liya, dene diladeni kuwi nampa samubarang seka liyan manut kekarepane dewe. Semono uga ngragad’e, yokuwi ngetokne ragad (biasane duwit) kanggo kecukupane butuhe liyan, dene diragagad’I kuwi orasah mbayar apa kang dadi tanggungane, merga wis ana sing anggung/mbayar.

Crita Kitab Suci saka Lukas 8 ayat 1-3, nyritak’ake babagan ngladeni lan ngragad’i. Ana sakperangan pawongan wadon kang nderekne tindak’e Gusti Yesus leladi. Para wong wadon kuwi nate ditulungi lan dislametke karo Gusti Yesus, mulane njur nderekne minangka pamaturnuwune. Ora mung ngetutke thok lan nambahe momotan peladosane Gusti, ananging para wong wadon kuwi ya  ngladeni lan nyukupi kabeh kebutuhane Gusti lan para sekabate. Nyukupi ing kene babagan RAGAD, apa wae kabutuhane Gusti Yesus lan brayate,,,eh salah , Gusti Yesus rakagungan brayat (anak bojo) lan para sekabate, dicukupi. Yen dirasak-rasakne, jian poll tenan semangate para wong wadon sing nderek Gusti kuwi, yen saiki semangat kuwi jik isa diluru, mesti soal peladosan dadi ngrembaka lan sembada. Sing kudu dicathet, Gusti Yesus hora meksa wong-wong wadon kuwi nderekne, ning wong-wong wadon kuwi TUWUH DEWE KESADARANE, iki sing jian apik tenan. Uga para wong wadon kuwi tulus iklas ngragad’I lan ngladeni, ora ana tujuan liyane,. Pora jiann gut tenan yen sepirit ngene iki saiki jik isa ditemokne, mesti pasamuane Gusti jos gandoss..

“Ndukkkk….I’innnn, endi kopine..nggae kopi kok sewindu kuwi kopi cap apaaaa???”, Lik Ndoleng bengak-bengok ngundang ponakane sing kon nggawekne kopi.
“Sik lik…sekedap to..”, Nduk I’in mangsuli seka pawon, ketungka tekane Dalijo mulih seka warunge Yu Wasti, jare meh ngetheng rokok.
“Kowe barang kuwi Jo, tuku rokok rongler wae, mung cedak, kok patangjam rung tekan”, Lik Ndoleng sajak ngamuk kabeh wong, mbuh po merga PMS, ning piyayi kakung mosok PMS. Dalijo lungguh, lagi meh wangsulan ketungka metune I’in nggawa kopi mongah-mongah.
“Mbok ya sabar ta lik..wis ngakon, maido,bengak-bengok..mbok ya ngerteni sing ngladeni, ora maido wae”, Nduk I’in sajak nesu.
“Halah pada wae, siji kon ngladeni njur nuntutan, sijine ngladeni tapi ora iklas. Aku wae sing tuku kopi, tuku rokok, tur ya tuku dewe ning nggo bebarengan meneng wae”, Dalijo muni karo ngisep Djarum Supere.

Ayoo lur, misungsungke urip iki kanggo nderek Gusti, ya ngladeni ya ngragad’I, ajamung nuntuttttttt wae…

Mbahe…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH