Minggu, 02 September 2018

BUKET


MINGGU KLIWON 2 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandaring Toret 4         : 1-2,6-9
Jabur 15
Yakobus 1                             : 7-27
Markus 7                                1-8,14-15,21-23

“Sebab kuwi metu saka njeroning atiné manungsa. Ya saka ing ati kuwi tekané pikiran-pikiran ala sing njalari wong laku jina, nyolong, matèni, laku bandrèk, srakah, lan sakèhé penggawé ala, ngapusi, kurang ajar, mèri, memisuh, umuk, sembrana. Kabèh sing ala kuwi metu saka njeroné manungsa. Lan ya kuwi sing marahi manungsa dadi najis.”Markus 7:21-23


Kabeh sing gumlethak neng jagad iki jebul jangkep lan pepasangan. Yen ana padang mesti ana peteng, yen ana adoh mesti ana cedak,yen ana seneng mesti ya ana susah lan sakpiturute. Semono uga yang ana sing bening, mesti ya ana sing buket (ana sing ngarani buthek). Tembung buket kuwi sejatine kanggo ngarani kahananing banyu, ananging saiki wis dingo neng samubarang kahanan, contone, yen lagi kakehan pikiran isa diarani buket oikirane. Buket kuwi kahanan banyu sing merga kecampuran sabarang kalir, njur ilang beninge. Biasane sing isa ndadekne buket kuwi rereget, mbuh apa wae modele rereget kuwi. Banyu sing buket isa didadekne bening, lan carane mbeningke akeh banget utawa werna-werna. Ananging sing kudu di mangerteni kuwi seka ngendi asale rereget sing marakne buket kuwi. Yen buket kuwi seka sumber, njur sing diresiki mung kolah atawa bak tampungan banyune, kuwi mung marakne kesel lan sithik pituwase, mula sing luwih pas, diresiki seka sumbere.

Pangandikane Gusti Yesus ana ing Markus 7 ayat 21-23, sing dadi wacan Kitab Suci dina iki, minggu 2 september 2018 memulang bab kepiye isane kabeh dadi bening. Wong-wong Parisi karo Saduki senengane tumindak sakmenange dewe,sok semuci-suci, sok idealis, sok pinter, sok kuwat lan sakpiturute. Neng Markus 7 kuwi wong Parisi lan Saduki takon baba pa sing najis lan ora. Pikire wong-wong Parisi lan Saduki, najis kuwi sing lumebu neng sakjroning urip, jebul manut kawicaksanan lan piwulange Gusti Yesus, sing najis kuwi sabarang kang metu seka uriping manungsa. Jare Gusti Yesus, kabeh kuwi seka pikiran, yen pikirane tansah apik, mesti sing klakon ya apik, yen pikirane ositip ya tumindake positip, ananging yen pikirane elek terus, sabarang sing kawetu ya tansah elek. Kamangka elek kuwi klebu najis, lan najis kuwi ora entuk jatah neng kratoning swarga….

“Ngopo ngalamun Jo?”, Aloke lik Ndoleng bubar ngresiki grejo, merga grejane cen ranganggo koster, kabeh seneng reresik, ndilalah wengi kuwi jatah brayate lik Ndoleng.
“Sedih lik, esengim meh rampung, kamangka hiburan seka esengem kanggoke jian top markotop”, Dalijo wangsulan sajak aras-arasen.
“Halahhh, ngomong esengem, wong sing ditonton mung poli pante wedok, poli indoor wedok, renang wedok, loncat indah wedok weee”, Nduk I’in nimbrung karo nggawa kopi neng teras greja,
“Kowe yo ngono In, senengmu mung nyawang atlit lanang….hayoo ngakuuu?”, Dalijo wegah kalah.
“Wis..wis…kabeh bener, olih wae nyawang atlit esengems, mboh lanang mbuh wadon, sing kudu mbok tata kuwi pikiranmu cah..”, Pituture Lik Ndoleng, sajak wicaksono. “Yen pikiranmu kuwi tansah ala utawa BUKET, nyawang apa wae ya imajinasine buket, sing ora sopan, ning yen pikiranmu bening, nyawanga sing apa wae, imajinasine ya tetep sing sopan lan apik”, Lik Ndoleng mbablaske kojahe.
“Prett, njenengan we nggere nyawang atlit poli wedok Kajakstan, clegak-cleguk wae lik..sok semuci…”Dalijo jik kober mangsuli.
“Cen Crigis koe gi Joooo!!”, Sentake Lik Ndoleng.

Ayu ngibadah lur, merga iki dina minggu, sowan Gusti linambaran pikiran sing bening..

Mbahe..




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH