Sabtu, 15 September 2018

KAPAN BENERE?


SETU PON 15 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yusak                         6          :22-27
Jabur/mazmur          116     :1-9
Lukas                                     7          :31-35
“Nabi Yohanes Pembaptis rawuh — panjenengané siyam lan ora ngunjuk anggur — kokunèkaké: ‘Kuwi wong kepanjingan dhemit!’
Putrané Manungsa rawuh — Panjenengané dhahar lan ngunjuk — kokunèkaké: ‘Delengen, wong nggragas, wong sing seneng ndem-ndeman, kancané pegawé pajeg lan wong ala!’
Senajan mengkono, sing bener kuwi kawicaksanané Gusti Allah” Lukas 7:33-35b

Sanadya racak’e ora duwur pendidikane, ananging para sedulur sing nyopiri Trek kae jian kreatif tenan. Conto kreatipe para sopir trek yakuwi tulisan sing neng bokonge trek. Ana tulisan mengkene “Kapan Benere?” Yen mung maca saktleraman lan ora ngerti “jagad’ing sopir trek”, mesti tulisan kuwi ora ngemu teges. Ananging tumrap para sopir, tulisan kuwi jero banget artine. Kuwi dinggo nyindir petugas sing ngurusi dalan. Kok nganti nduweni penemu ngono kuwi piye critane? Ana sing tahu crita, yen dadi sopir trek kuwi rekasane pol tenan. Apa wae mesti disalahke petugas. Iki ora merga salah, ning merga nggolek-nggolek keselahan para sopir, ben isa nilang lan entuk duit. Dadi tulisan “Kapan Benere?”, Kuwi ya ana gandeng karo wong liya.

Mulane, yen saiki nyawang jejer ing nduwur kuwi, mestine isa miwiti ngerti arah tulisan iki.  Crita seka Kitab Suci neng Injil Lukas 7:31-35 kuwi ngrembug bab tumindak sing ora tahu (di)BENER(ke). Lha sapa sing tumindak?Ya sapa wae sing paling digething. Saka crita lukas 7 ayat 31-35, awake dewe isa methik pasinaon, yen gething kuwi ndadegne urip anane mung nyalahke liyan wae. Kuwi sing dilakoni para wong Parisi, kabeh tumindake Gusti Yesus tansah diawat-awati, yen ana sing kira-kira  salah,langsung dipaido,disikat neng ngarepe wong akeh. Manut wong Parisi, kabeh sing ditumindakne Gusti Yesus kuwi sarwa salah, kleru kabeh. Mula jan-jan’e Gusti Yesus bisa wae njur protes neng JUBAHE. Wujud protese ya tulisan “Kapan Benere?”

Apa kang tinulis neng bokong trek kuwi sejatine ya nyindir awake dewe, sing maca tulisan iki. Ora bab disalah-alahke wae, ning bab pitakonan nggo awake dewe, apa ya awake dewe iki wis klebu nglakoni tumindak sing bener? Yen ijik pada kerengan, ngamuk’an, nesunan, males, sakmenange dewe, apa iki kabeh kuwi wis klebu tumindak sing bener?Yen uwis ya jaganen ananging yen durung bener, ya ngusahakna, ben  dipirsani bener karo Gusti.Yen mung soal disolah-salahke wae, Gusti Yesus paling pengalaman, ananging Gusti ora nate baper, njur nyetatus galau..Gusti tetep setya nindakne kasaenan, sanadyan digethingi liyan. Kudune awake dewe ya kaya Gusti, sanadyan dipaido, diolok-olok, ning tetep bakoh ngrumati kapercayan iki.

“Adoowwwhh…”, Nduk I’in njerit sakkemenge, nalika lik ndoleng nggeplek bokonge, merga jare ana nyamuk’e.
“Iki lho nduk, ana nyamuk kurang ajar, nemplok neng bokongmu”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Estune lik, jojo gek malah benten, menggalih Yu Wasti, njur kula sing liwat, njur digeplekk”, I’in sajak ratrima.
“Mbok nyebut lik, wis tuwa kok nggledis”, Dalijo sinambi ngudak kopine sing pait nyalahke Lik Ndoleng.
“Koe cah loro cen musuhi aku, renek sing bener tumindakku”, SAjak nesu lik Ndoleng mangsuli.
“Waaaaww. Lik ndoleng nesuuu”Dalijo lan Nduk I’in kompak njarag pakne cilik.
“Kapan Benere cahhh aku ikiii….?”, Sambate Lik Ndoleng.

Gawean sing paling gampang kuwi cen nyalahke liyan, ning kuwi ora maedahi, mula ayo makarya sing maedahi..

Mbahe


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH