Rabu, 12 September 2018

GAMAN BALUNG


REBO KLIWON 12 SEPTRMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Hakim-Hakim 15      : 9-20
Yesaya           38       :10-20
Lukas                          6         :43-49

“Kebeneran Simson nemu balung uwangé kuldi sing isih anyar. Balung mau dijupuk, banjur digawé ngantemi wong Filistin, nganti wong sèwu sing mati” Hakim-Hakim 15:15

Sing diarani gaman, yakuwi apa wae sing bisa dingo ageman kanggo perang. Gaman kuwi ana loro, sing katon utawa awujud barang lan sing ora katon sing awujut kasekten utawa pengandel-andel. Sing awujud barang sing katon, kayata keris,tumbak, pedang lan liya-liyane, sing pas sasi sura iki pada di kumbah utawa diresiki. Dene sing ora awujud baranr kuwi ising diarani aji-ajai utawa aji jaya kawijayan. Ananging apa wae bentuk’e, gaman kuwi gunane minangka srana utawa piranti kanggo nggampangke manungsa ngadepi samubarang. Gaman sing katon kuwi sejatine kalah amph yen dibandingke karo daya kekuatan sing ora katon. Dene sing ora katon kuwi sing diarani pengandel yen neng basane  agama diarani IMAN.

Nalika Simson ngadepi kahanan sing abot tur ya rumit, Simson ora selak,oran enda. Simson wani ngadepi, Simson awatak Satria, yen istilah saiki Jentel (Gentle).  Manut critane Kitab Suci, nalika ngadepi mungsuh sing abot, Simson mbutuhke gaman, lan gaman sing dingo ngadepi mungsuhe kuwi mung awujud BALUNG Kuldi. Katon remeh, ananging daya kekuatan sing ana sakmburine BALUNG Kuldi kuwi sing ngedab-edabi, lha apa ta? Daya kekuatan sing manggon ana ing uripe Simson kuwi ora liya kejaba Gusti Kang Akarya Jagad. Amarga katuntun dening Gusti dewe, mulane apa wae isa diagem gaman dening Simson. BALUNG Kuldi kuwi mung piranti, dene sing utama yakuwi panuntune Gusti dewe. Mulane saiki ayo pada mburi Sih Rahmate Gusti, kuwi sing baku, dene liyane kuwi mung piranti, mung Gaman sing katon. Yen sing katon kuwi ora linambaran daya kekuatane Gusti, blass ora ana apa-apane. Sugiho duwit, banda donya lan mas rajabrana, yen ora tinalesan Sih Rahmate Gusti ya renek artine. Duit, mas rajabrana lan banda liyane kuwi mung kaya Balung Kuldi, yen ora tinalesan Sih Rahmate Gusti ora ana artine blassss.

“Lik, Simson kuwi jian ampuh tenan yo, mosok mungsuh sewu lemus mung karo balung?”, Nduk I’in sore kuwi, bubar rewang takon karo bapakne cilik.
“Kuwi merga diparingi Sih Rahmat karo Gusti nduk, yen ora ya tangeh lamun”, Wangsulane Lik Ndoleng sinambi nglepus tujuname. “Mbiyen pas jik enom, kabeh cewek mesti kekinthil mbek aku nduk, merga aku nduwe gaman, yakuwi bagusku iki”, Terusane Lik Ndoleng.
“Hmmmmm, bagusa kaya ngapa wae, nyatane wurung karo Yu Wasti we, renek gunane Lik..kuwi kaya balung kuldi neng critane Simson, ning sing ngnaggo sampeyan, mularenek gunane..hahaha”, Dalijo nyauri semu ngece karo dolanan WA, sajak’e lagi weanan, mbuh karo sapa.
Crigiss Jo, kowe kuwi pisan-pisan mbok mbelani aku…. Kaya payu-payuo wae, karo Tarsi nyatane yo raisa ngempakne gamanmu”, Lik Ndoleng males Dalijo.

Lur, gaman kuwi mung piranti, sing utama Sih Rahmate Gusti. Dadi yen saiki pada sugih duit, sugih banda liyane, kuwi yen tanpa Sih Rahmate Gusti ora maedahi, malah isa  nekakne bilahi..

Mbahe..




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH