Selasa, 11 September 2018

MATA WALANG


SELASA WAGE 11 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yosua 8         : 1-23
Yesaya 38     : 10-20
Lukas 6          : 39-42

“Kowé dhasar wong lamis. Balok sing ana ing mripatmu kuwi ilangana dhisik, temah kowé bakal bisa ndeleng klawan cetha lan bisa ngilangi tatal sing ana ing mripaté sedulurmu.”Lukas 6:42b

Kabeh sing maca tulisan iki mesti wis nate weruh kewan sing isa disebut serangga, kayata Walang, Kinjeng,Jangkrik, Gangsir lan sakpanunggalane. Kuwi kabeh kewan sing unik, salah siji sing ndadekne unik yakuwi matane. Lho kepriye unike? Merga matane kewan-kewan kuwi kabeh, ora isa kedep, lan malah, antarane melek lan merem pada wae. Mula kerep ana sing gegojekan,yen ora isa nyawang samubarang sing ana kiwa tengene, utawa sakcedake, sanadyan cetha wela-wela, diarani mata walang, melek-merem pada wae.

Seka wacan Kitab Suci leksionari (ora kabeh sing maca renungan critane Ndoleng Dalijo iki paham apa kuei leksionari, mulane sing ana sing penasaran ben WA mbahe sing nganggit tulisan iki) dina iki, mirunggan seka Injil Lukas bab 6 ayat 39-42, ana piwulang luhur. Piwulang kuwi awujud paidon (seka tembung paido) seka Gusti Yesus. Apa wujud paidon kuwi? Nalika akeh wong Farisi lan Saduki mung isane nyalahke wong liya merga diarani ora nglakoni hukum Toret, Gusti Yesus duka. Lha ngapa duka? Merga wong-wong kuwi mung nyawang salahe liyan, dene salahe dewe blas ora disadari. Kuwi diumpamakke Gusti kaya wong sing ngelikne kancane yen ana Coro neng matane kancane, dene Tengu neng matane dewe ora sadar. Nalika rumangsa nyawang ana Tengu neng matane kancane njur bengak-bengok, koar-koar, kamangka neng matane dewe ana Coro sak kepelan tangan. Merga ana Coro kuwi mau, mulane ora bisa ndeleng kiwa tengene kanthi permana lan tablang.
Akeh wong sing lumaku kaya sing dipaido Gusti Yesus, isane mung nyawang luput lan kurange liyan wae. Isane mung maido,ngritik, ngepaluasi, nyaranke, ananging yen genti dikritik,diwenehi masukan malah ngamuk nesu, mencereng kaya Bethara Kala nyawang sukertane menungsa. Mungkin ya ana sing maca iki njur mencereng, merga klebu sing ora isa nyawang, klebu sing diarani “Merem Melek Pada Wae”, raisa nyawang babar blas. Yen rumangsa, njur nesu, ya mangga wae, ning yen rumangsa njur mertobat, ya manga wae, kuwi hak pribadi.

“Joooo…wis ketemu Rek’ku? Ge endang, selak kecut cangkemku sedina rung udud”, Lik Ndoleng mbengok ngundang Dalijo, nunggu rek sing arep dingo nyumet  tujuenam’e.
“Ora enek erek Likkkk…mbuh ten pundi”, Wangsulane Dalijo santai..
“Lha iki lho lik rek’e, genah neng cedak cas-casan hape ngono”, Nduk I’in nemokne njur ngekekne nyang Lik Ndoleng.
“Woooo..cen mripate Dalijo kuwi kaya mripat walang, melek merem pada wae”, Lik Ndoleng maido Dalijo karo nampani rek njur nyumet udud’e.
“Halah, nggoleki dewe seka dek sura tahun wingi nganti saiki pendak sura ora ketemu, kok ya jik kober maido, jian sampean persis kaya sing dingendikakne Gusti lik, isane mung nyawang salah lan kurange wong liya”, Daljio nggrememng, ning ya kober nyilih rek njur nyumet jarumsupere..

Lur, aja mung isane nyawang lupute liyan, ning ayo nyadari kekurangane dewe-dewe, njur ditata ben luwih apik..

Salam Sura
Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH