Minggu, 30 September 2018

BUNGLON


Minggu 30 September 2018

BENINGE EMBUN ESUK


Wilangan 11:4-6,10-16,24-29
Jabur 19   :8-15
Yakobus 5 : 13-20
Markus 9 : 38-50
“Yèn kancamu ana sing susah, dongakna! Yèn ana sing seneng atiné, padha menyanyia” Yak 5:13

Bunglon kuwi kewan sing ana neng daerah tropis, mulane tumrap wong ngindonesa, ora angel nemokne  kewan iki. Bunglon dudu klebu  kewan paporit  tumrab manungsa, mbuh merga apa. Malah kepara sing klakon, Bunglon kuwi nduweni “jeneng elek” tumrap panguripane  menungsa. Iki isa ditemokne nalika ana wong sing  nduwe  sipat  mencla-mencle. Mulane kerep yen ana sing nduweni sikap mencla-mencle diarani Bunglon.  Ananging  lumantar tulisan Beninge Embun Esuk iki, ayo nyoba nemokne sipat apik seka Bunglon.

Bunglon kuwi kewan sing isa mapanake awak ana ing saweneh kahanan. Nalika manggon ana neng kahanan sing werna dasare abang, kulite Bunglon kuwi owah utawa malih abang, memper papan sing dipanggoni, semono uga nalika pindah nggon neng papan sing werna dasare ireng, mesti Bunglon enggal-enggal ngelih rupane dadi ireng. Kuwi kabeh sejatine nduwe tujuan. Dening sing nitahke, yaiku Gusti Allah, gampanging mindah wernaning awak kuwi minangka cara kanggo “bertahan hidup”, seka ancaman utawa bebaya seka sakiwa lan tengene. Dadi, owah-owahane wernaning kulite Bunglon kuwi kanggo tujuan sing apik.

Njur  pitakone, apa yen ana wong sing gampang mada werna karo kahanan kuwi ala?Njur isa uga diarani mencle-mencle? Kanggo njawab perkara iki, ayo sinau saka piwulange alm. Eyang Yakobus. Lumantar surate marang pasamuan, eyang Yakobus nelikne supaya uripe pasamuan kuwi isa ajur-ajer marang kahanan. Yen karo sing susah ya kudu bisa ngrasakne susah, yen karo sing bungah ya kudu isa ngimbangi kabungahane liyan, sanadyan mbok menawa uripe lagi ora patio bungah. Kuwi kabeh sing isa diarani empan-papan utawa ajur-ajer, isa mapanke uripneng sadenganh kahanan.

Seka gegambaran ing dhuwur, ayo saiki isa matrap urip sing empan papan kan ajur-ajur,sinau kaya patrab uripe Bunglon, ben tansah apik sakabehe. Kuwi ora atees mencla-mencle,merga sing diarani mencla-mencle kuwi nalika tujuan tumindake mung kanggo senenge dewe lan isa ngrusak kahananing liyan.

“Jo, suk pilpres koe meh nyoblos nomer pira?”, Lik Ndoleng ujug-ujug takon karo Dalijo.
“Genah sing apik dewe  ta lik”, Dalijo mangsuli karo nglepus Djarum Supere.
“Weh, kowe tik ora konsisten,mencla-mencle, 2014 milih sing genep, kok iki sing apik dewe?”, Lik Ndoleng sajak ora mathuk.
“Yo saksirku ta lik..kuwi prentuling atiku,kuwi dudu tegese aku mencla-mencle bab  angka pilihan, kuwi merga aku nyawang sing apik”, Dalijo mangsuli.
“Lik, jare Yu Wasti meh milih sing genep  lho, sampeyan piye?”, I’in nimbrung.
“Aku tak manut Wasti wae ahhh”, Lik Ndoleng semaur.
“OOO, dasar ora duwe prinsip!!!”, Dalijo semaur.

Awatak Bunglon kuwi klebu ora apik nalika ora mrentul saka punjering ati lan batine, nalika mung gumantung  karo  kahanan sing nguntungke  awake dewe.

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH