Jumat, 28 September 2018

MANTEB


Jemuah Legi 28 September 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandaring Toret 1         :1-18
Jabur 19        :8-15
Lukas             9          :51-56
“Mulané, kémahmu bedholen, lungaa menyang tanah pegunungané wong Amori lan daérah-daérah sakiwa-tengené, nganti tekan Lebak Yardèn. Padha mangkata mrana, lan padha manggona ing kana.” PT 1:7a;8b

Minangka jejangkepe jagad, mulane kabeh kudu ada pasangan lan uga lawan’ne. mulane yen ana padang lan peteng, sithik lan akeh, uga ana mangu-mangu lan MANTEB. Dadi sing diarani manteb kuwi kahanan sing dialami sapa wae, nalika wis isa neluk’ake rasa sing diarani mangu-mangu.Kanggo tumuju menyang kahanan sing manteb kuwi jian dalane rumpil tenan. Akeh panggoda, tantangan, reribet sing tansah memalangi lakuning urip tumuju marang rasa MANTEB kuwi. Isa dingo conto kuwi wong omah-omah, bebrayatan,sanadyan wis pirang-pirang tahun, ning ya meksa ijik kerep ginayutan rasa mangu-mangu. Mulane yen ana brayat anyar, pomeneh calon brayat, sing jik sok mangu-mangu, kuwi lumrah, wajar, manusiawi. Aja kalah karo rasa kuatir, ning “gajul” wae rasa kuwi, merga apa sing wis dipilih kuwi yaw is diaturne Gusti.

Kanggo nundung rasa mangu-mangu kuwi ana pirang-pirang cara, salah sijine keyakinan. Kaya sing ditulis neng Kitab Suci, kanggo mantebke bangsa ngisrael nampane kanugrahaning Gusti sing wujudte lemah warisan, mula kudu manteb anggone nguapayakne. Sanadyan kudu ngadepi perkara-perkara sing abot tur ya angel, ning keyakinane kudu mantebs. Lire pie kok kon kudu manteb? Merga wis dijamin mesti kasil karo Gusti Allah piyambak. Sing kudu digatekno bab ninggal patrab urip kuno. Kaya neng nats ing nduwur, bangsa ngisrael kon mbedol kemahe, tegese, bongkaren patrab urip lawas sing seprana-seprene dadi zona nyamanmu, ben ganti kahanan. Mbedol “kemah” lawas kuwi ora gampang, kuwi pada dene ngilangi watak utawa sipat sing ora manut kersane Gusti. Rumangsane tumindake bener, kamangka luput, lan isa wae natoni liyan, ning kerepe ora sadar lan rumangsa bener dewe.yen wis bar mbedol, njur MLAKUA, tumuju marang kang kinersakne Gusti, rasah kuatir, merga Gusti wus mranata. Mlakua sing MANTEB..

“Jo,mkoe kuwi mbok gek rabi! Sing manteb  wae karo Yatmi, rasah mikir Tarsi. Yen kekurangane Yatmi, tampanen, merga kowe ya uakihhh kurangmu. Rasah rumangsa ngganteng dewe, nyatane yara payu-payu!!”, Lik Ndoleng sore kuwi ngecuprus ngandani Dalijo.
“Ngajak bolo ya lik..dupeh mbiyen raklakon nyanding Yu Wasti wae, saiki nyurung-nyurung aku kon gekndang ngrengkuh Yatmi”, Wangsulane Dalijo santai.
“Lha koe kuwi wis manteb rung ta Jooo!?”, Lik Ndoleng semune sansaya  kemropok.
“Kang Dal wis manteb lik, wingi crita karo aku”Iin uga melu nenaggepi.
“Yowis, gek kana nggaweo ulem,sing penting koe manteb joo..”, Lik Ndoleng mungkasi  pituture..

Sing manteb ae lurr..Gusti ora sare!!

Mbahe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH