Rabu, 26 September 2018

NGENYANG


Rebo Wage 26 September 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia 1      :4-10
Jabur 139:1-18
Lukas 9:43b-45
Dhuh Allah Ingkang Mahakwasa, kawula mboten saged wicanten, margi kawula taksih nèm” . Yer 1:6

Sing sapa wae nate lunga neng pasar, mesti kerep ngonangi para ibu kaya meh padu nalika nyang-nyangan. Kuwi kelakon nalika lagi blanja kanggo kebutuhan padinan. Nyang-nyangan kuwi mesti klakon nalika bakul lan sing tuku durung gathuk neng urusan reregan. Biasane sing adol regane luwih duwur tinimbang sing tuku, yen durung gathuk, tekano pendak sura, ramungkin klakon doltinuku kuwi mau. Kabeh isa klakon nalika sing adol ngudukne regal an sing meh tuku ngunggahne anggone ngregani.
Bab nyang-nyangan mono oramung neng nggon dodolan lan tetukon, ning ya neng babagan liyane.

Kaya sing tinulis neng Kitab Yeremia bab siji ayat 6 dina iki. Nalika Gusti kepareng nimbali Yeremia kanggo tugas istimewa, yakuwi ngengon lan ngelikne bangsa Ngisrael, Yeremia NYANG-NYANGAN utawa NGENYANG  supaya bisa endak,selak. Alesane yo jian mlebu nalar tenan, jik enom lan (jare) raisa ngomong. Sejatine alesane Yeremia kuwi mlebu nalar, ananging yen digatekne, kuwi pada wae NGREMEHAKE Gusti sing nitahne lan sing nimbali. Gusti mesti wis paham karo sapa wae sing dititahke, mulane kuwi kersa nimbali. Ananging menungsa kerep nglalekne panerten iki, rumangsane Gusti isa diapusi,mula alesane enom lan raisa ngomong, rumangsane Gusti isa dinyang sakpenak’e udele dewe (mbuh sing randuwe udel..hehe). Bareng diwelehke Fusti bab sapa sejatine dewekne (Yeremia) lan sapa sejatine Gusti, Yeremia banjur sadar lan gelem NAMPA TIMBALAN, merga yakin yen mesti dijangkepi Gusti, Yeremia wis hora ngenyang meneh.
Mulane, sapa wae kudu sadar, yen Gust iwis nimbali kuwi, mbuh lantaran apa wae, aja ditampik (nganggo A lho ya….hehe), sanggemi wae, mesti dijangkepi Gusti, yen nampik ya kudu ngerti konsekwensine..

“Lik, pikantuk undangan, njing malem jemuah,rapat panitia natal”, Nduk I’in matur karo pakne cilik Ndoleng.
“Wah, malem jemuah kui aku repot, ana pertemuan kelompok tani”, Lik Ndoleng mangsuli karo santai.
“Lha wong dudu petani kokya alesane meh kumpulan kelompok tani ta lik, jian amggonmu ngenyang undangane pasamuan kok ya jian wasis temen”, Dalijo nyaruwe karo ngudak kopi neng gelas, merga nduk I’in jik rada nesu..
“Crigis Joo, ngerti wae alesanku, sirku meh taknyang undangan iki, malah koe ngerti. Dusss..!!”, Lik Ndoleng kisinan merga diwelehke Dalijo.

Lur, yen sing nimbali Gusti dewe, lan kuwi gumantung iman, aja pisan-pisan ditampik,aja mbok nyang,aja mbok endani, bilahi sing ngenteni..


Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH