Senin, 03 September 2018

LALI


SENEN LEGI 3 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandaring Toret 4 : 9-14
Jabur 106 : 1-6,13-23, 47-48
Lukas 5 :33-39

“Mulané gatèkna lan rasak-rasakna sing temenan, supaya sajegmu urip aja nganti lali karo apa sing kokdeleng nganggo mripatmu dhéwé. Malah critakna marang anak-putumu  Pangandaring Toret 4:9

Sapa wae mesti tahu ngalami kahanan LALI, merga iki sipat amanungsan sing mesti makuwon ana ing menungsa sajroning urip neng donya iki. Lali kuwi tegese ora kelingan, merga akeh sebab’e. isa merga akehe perkara utawa isa uga merga alt sing dingo nyimpen wis ora kuat.  Lali kuwi beda karo nglali, merga yen  nglali kuwi sejatine eling utawa kelingan, mung wae reka-reka ora eling. Biasane tujuan wong sing nglali kuwi rada negative, ngendani tanggungjawab. Dene sakliyane nglali, ana uga tembung nglalekne, yen iki tegese ngupaya cikben isa lali marang samubarang kahanan, biasane iki perkara sing ura apik, njur diusahakne nglalekne. Bali menyang bab LALI,  iki bab sing lumrah neng sipate manungsa, merga yen ora duwe sipat iki, jian mbebayani tenan. Sing kudu didadekne pengati-ati, aja nganti bab lali kuwi dingo papan pandelik’an seka tanggungjawab panguripan iki.

Bab LALI kuwi nate dadi wassumelange Nabi Musa marang wong ngisrael, mulane kuwi diwulangake kanti temenan. Kaya sing dadi wacan Kitab Suci ing dina iki, minggu sepisan ing September 2018, pernahe neng dina senen  legi iki. Nabi Musa meling marang bangsa ngisrael supaya nduweni cara ben ora lali. Apa carane? Tansah ngrasak-ngrasakne perkara sing nate disawang lan dialami. Ing kana mesti akeh kedadeyan sing ngedab-edabi, lha sing  kaya mengkono kuwi mesti merga katresnane Gusti. Pancen kabeh sing kalkon iki kersane Gusti, ananging yen jik isa tinemu nalar, biasane menungsa nyepelekne lan rumangsa isa nglakoni dewe, njur kementhus,kumlungkung lan nglalekne Gusti. Mulane, ben luwih gampang ben ora lali karo Gusti, rasak-rasakna sing nate kok alami,sing ora tinemu nalar. Apa kuwi? Ya manga para maos sing kagungan pengalaman, merga mesti beda-beda. Kuwi kabeh srana supaya ora lali, ning yen jan-janje eling ananing nglali, kuwi urusane langsung karo Sing Ngecet Lombok.

“ Nduk I’in, sesuk yen nyang pasar, titip tukokna sepatu kets yo, aku meh melu olahraga Poli”, Lik Ndoleng ngomong karo Nduk I’in.
“Weh, napa taksih saget Lik, lha wong padarane pun nggembol bal ngoten..”, Nduk I’in mangsuli.
“Sejeg’e urip ratahu nyekel bal poli, bareng setengah umur ndadak nggaya lik”, Dalijo nimbrung.
“Weladalah, iki kuwi caraku ngeling-eling pamain poli Kajakstan sing ayune sundul langit, mbiyen jan-jane yen isa ngrumat awak, Warsi kae yo lencir lho cah..”, Sajak nggremeng Lik Ndoleng ngrasani Wasti.
“Lhaaa..raktenan ta..padune mung kelingan Yu Wasti weee…”, Dalijo lan Nduk I’in kompak ngece Lik Ndoleng.

Apa wae isa dadi srane ngelingi samubarang, ning sakisa-isane sing positif. Uga aja nganti nglali marang berkahe Gusti..
Ayo makarya lurrr..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH