Jumat, 21 September 2018

BROBAT


JEMUAH WAGE 21 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK


1 Raja-Raja 22          :24-40
Mazmur  54
Matius  9                    :9-13
Gusti Yésus mireng pitakonan mau, nuli ngandika: “Wong sing waras ora butuh dhokter. Sing butuh dhokter kuwi wong sing lara.”Matheus 9:12

Tembung brobat kuwi tegese tumindak kanggo nggolek kesarasan. Tembung iki popular neng ndesa, kanggo nyebut sapa wae sing lumaku menyang mantra,dokter utawa puskesmas kanggo mara tamba,utawa nggolek obat. Lelara apa wae mesti isa waras menawa wis nglakoni apa sing diarani brobat kuwi. Sing ngupaya brobat kuwi mesti sing lara, paling ora rumangsa lara utawa ora sehat. bab iki sing pokok bab RUMANGSA, merga mbok’a lara ananging yen ora rumangsa lara, mokal yen arep brobat, uga mokalisa diobati sanadyan mara tamba utawa brobat nalika ora lelara neng awak’e.

Wacan Kitab Suci ing dina iki, jemuah wage 21 september 2018 saka Injil Matius 9 ayat 9-13, nyritakne bab BROBAT kuwi. Nalika Gusti mirsa Matius si tukang pajek, njur ditimbali, njur uga mampir, kuwi ndadekne wong parisi mrekatak utawa nesu. Merga tumrap wong parisi, tukang pajek kuwi klebu golongane wong dosa lan Gusti Yesus kuwi nabi suci. Mulane nalika Gusti Yesus nimbali Matius si tukang pajek,njur disemprit, pomeneh nalika Gusti malah mampir lan dahar bareng wong akeh, balane Matius. Nalika ditakoni wong parisi, Gusti wangsulan yen sing butuh obat kuwi sing lara, yen ora lara  ora butuh obat. Wangsulane Gusti jian sareh tenan, sanadyan ditakoni karo emosi.
Saka crita ing Injil Matius kuwi, akeh pasinaon sing isa dijupuk. Sepisan, bab sapa sing butuh obat. Mung wong lara sing butuh obat, mula kudu brobat. Kaping loro bab rumangsa, lha mbok lara’a kaya ngapa ananging yen ora rumangsa yen lara, mula angel ngobatine, dene kaping telune ora isin. Lara karo isin kuwi rekasa banget, mula bab isin mesti disingkirke. Semana uga wong dosa, nalika kerawuhan Gusti, sanadyan  disengiti wong sing rumangsa suci, yakuwi wong parisi, ananging ora peduli, sing penting sehat maneh.

“Lik, jare greja arep ana test pesikologi, arep melu ra lik?”, Dalijo takon karo Lik Ndoleng.
“Po pesikologi kuwi sing diarani kejiawaan kuwi kang Dal?”, I’in nyrobot takon karo ngudak kopine.
“Iyo, kuwi test kanggo ngertine kondisi kejiawaane uwong, yen apik ya tokne wae, yen kurang apik ya diobati”, Wangsulane Dalijo.
“Wooo, lha yen aku melu test njur ora patio sehat, brarti aku klebu kenthir ya Dal?Wegah..aku waras cah..ora kenthir”, Lik Ndoleng njawab sajak nesu.
“Lha po rumangsa kenthir ta lik?”, Dalijo njarag.
“Crigis Jo, iki lakyo merga Wasti kae..”Mak Clemong Lik Ndoleng wangsulan.

Lur, ayo pada niti priksa, awake dewe iki sehat po ora, yen sehat ya sokur, ning yen ora sehat ya ayo brobat. Yen sing ra sehat bab kapercayane, ya enggal sowane Gusti Yesus.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH