Senin, 24 September 2018

PULIH


Senen Paing 24 September 2018
BENINGE EMBUN ESUK

2 Para Raja 5:1-14
Jabur 139
Lukas 9:7-9
"Mulané Naaman banjur menyang Kali Yardèn, siram ing kono lan slulup rambah kaping pitu, kaya dhawuhé Nabi Élisa. Naaman dadi waras temenan. Sarirané seger kaya wong nom" 2 Para Raja 5:14

Sing diarani pulih kuwi bali marang kahanan kaya nalika wiwitan kacipta. Tembung pulih kuwi ijik seduluran karo mulih, sing tegese bali marang omah sing dadi asale. Bab iki gampang wae digolekne gegambaran, yen ana bocah dolan, mesti mengkone kudu mulih, la nana ngomah kuwi isa nglakoni sabarang apa wae kanthi luwih bebas lan mardika. Mulane yen wis mulih kuwi racak’e bali marang kahanan sing luwih apik. Dene yen so kana sing angel mulih, kuwi merga ana pepalang,pambengan,panggoda lan liya-liyane, sing marakne durung bisa mulih lan tekan ngomah. Mulane sing diarani mulih lan pulih kuwi mesti kudu ngliwati proses.

Ana senopati kawentar ana ing crita Kitab Suci, jenenge Naaman. Sanadyan kawentar ning duwe kekurangan, yakuwi lelara budug’en sing sejene lara tur ya ngisin-isine banget. Tamba wis ora kurang-kurang ning ya meksa rung PULIH. Mula nalika ana kabar seka abdine sing seka ngisrael, yen ing daerahe ana “dukun” top markotop, sakwise ngliwati proses sing ora gampang, Naaman njur gelem marani dukun seka ngisrael kuwi. Ananging bareng tekan padepokane si dukun sing karan Elisa, babar blas ora dijopa-japu pinjale ngasu, malah dikon kungkum neng bengawan Yarde. Naaman njur esmosi, lha neng negarane akeh kali sing luwih resik tur ya apik,lha iki kok kon slulup neng bengawan Yarden sing ambune blas ora enak. Mula njur mutung meh bali neng negarane. Ana rewange sing ngerih-erih ben gelem, njr gelem. Bareng bar slulup, banjur….badalaaaaa…sehat maning sonnn..PULIH kaya sakdurunge budug’en Senopati Naaman sehat waras merga gelem NGLIWATI PROSES sing dadi kersane Gusti.

Ana pasinaon apik kaya beninge embun esuk seka crita iki. Sepisan, kersane Gusti kuwi pancen ora klebu nalar, lha wong lara gatel kok malah kon slulup neng bengawan sing ora resik. Kapindone, kanggo isa mulih lan PULIH kuwi kudu gelem ngliwati dalane kang isa diarani proses, lan kuwi kudu manut sing kagungan urip, yakuwi Gusti. Mulane yen saiki ana sing jik ngrasakne “Lara”, kaya larane Naaman, mbuh kuwi lara awak,lara pikir lan lara ati merga pengarep-arepe durung kalkon, siji sing kudu dingerteni, kudu ngliwati proses ben PULIH. Umpamane dalane proses kuwi ora tinemu nalar, aja nggresula, malah lakonono, merga kuwi dalanne mujijate Gusti, kaya lelakone Naaman.

“Nduk In, kira-kira aku isa ngalami kaya Naaman ora yo?”, Lik Ndoleng takon karo Nduk I’in.
“Lha baba pa ta lik?”, I’in mangsuli karo dondom klambine bojone.
“Yen aku mbaleni ‘kisahku’ karo Wasti, jojo gek iki jik proses”, Lik Ndoleng blaka suta.
“Kuwi jenenge memaksakan kehendak lik, meksa Gusti, merga kuwi ora ana apik’e blas. Lha anak-bojomu mbok kapakne arepan?”, Dalijo karo klepas klepus ngisep Djarum supere.
“Yen kuwi ora niat nggae PULIH lik, nggae bubrah ta iya…ora MULIH ning minggat”, I’in semaur sajak muring banget.

Lur, ayo ngliwati apa wae dalaning urip kanggo PULIH’e uripe awake dewe sing kala-kala kelangan panjering urip iki. Ayo ngliwati apa wae dalaning proses kuwi ben isa PULIH..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH