Sabtu, 01 September 2018

BOREG


SETU WAGE 1 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Pangentasan 34:8-28
Jabur 15
Yokhanan 18: 28-32

Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Lah Ingsun nganakake prajanjian. Ana ing ngarepe bangsanira kabeh, Ingsun bakal nindakake kaelokan kang durung tau kelakon ana ing salumahing bumi ing satengahe sakehe bangsa; temah bangsanira kabeh bakal padha nyipati pakaryaning Yehuwah, awitdene apa kang bakal Suntindakake marang sira iku nyata-nyata nggegirisi.” Pangentasan 34:10

Wong Jawa kuwi jian saking wasise, kabeh isa dieguhne manut kekarepane. Yen ngarani wong ngutang kuwi dudi ngutang, ning jare nabung sing dijupuk ndisik. Jan-jane yo bener, wong kasunyatane ya ngono, sanadyan ora entuk bunga bank. Uga ana sing ngarani, yen arep utang kuwi wong isa wasis banget, njur yen meh nyaur isa suabuare ngeram. Kuwi kabeh mrentul saka pengalamaning urip, yen jare istilahe pakde Mbolotuk diarani experience. Renungan esuk iki, ing wiwitaning wulan September, pernahe neng setu wage siji September rongewu wolulas, arep ngajak para pamaos mangerteni bab BAREG.

Lho apa ta sejatine BOREG kuwi? Kuwi tembung landha, sing tegese jaminan. Biasane lembaga keuangan utawa perbankan yen ana sing meh nabung sing dijupuk ndisik, mbutuhke Boreg, kang wujute isa sertipikat, BPKB lan uga SK. Bola-bali ngrembug wasise wong jawa, jare yen nggo boreg, mbuh kuwi sertipikat, Sk lan BPKP, kuwi diarani lagi sekolah, mula kerep nggo gegojekan yen SKne sekolah ra lulus-lulus. Bali neng Boreg mau, bank mesti nyaguhi jumlahe “tabungan jupuk ndisik” manut ajining boreg. Yen boreg’e mung aji 20 yuta, paling akih isa nabung 15 juta lan sakpanunggalane. Intine, boreg kuwi minangka syarat mutlak nabung jupuk ndisik isa klakon.

Yen menungsa wae dipameri Boreg njur percaya, lha iki neng critane Kitab Suci, bangsa ngisrael iya diwenehi “Boreg”. Njur sapa lan apa wujud’e boreg kuwi? Sing manehi boreg Gusti Allah dewe lan ujud boreg ya Gusti Allah dewe. Mulane yen nganti bangsa ngisrael (klebu uga awake dewe) ora yakin utawa percaya ya kebangeten. Sing kagungan urip dewe sing dadi Boreg bab mangsa ngarep awake dewe, mulane mesti terjamin. Dadi, sejatine yen Gusti paring dhawuh utawa nimbali neng donyaning peladosan njur awake dewe enda kuwi jian ora ngajeni boreg lan sing mboreg”i.

“Kang Dal, mbiyen dik Tarsi pora mbok kek’I boreg sing jos tik jare ibune ra percaya karo sliramu?”, Nduk I’in ujug-ujug takon Dalijo naliko resik-resik greja.
“Dhapure Daljio kaya barongan ngono sapa sing gelem percaya ta Nduk, girap-girap ta iyo..!”, Lik Ndoleng nyrobot, sajak olih “peluang emas” males Dalijo sing kerep ngece.
“Uasembbb…kabeh ngroyok aku…sing nyawang aku ora bagus kuwi sing kleru mripate lik, mulane ndang kana preksa nyang bu bidan, lak ngko liwat ngarepe Yu Wasti”, Dalijo jik isa semaur males Lik Ndoleng.

Lur, ayo esuk iki, ing pambukaning wulan September, makarya sinartan pangerten yen kabeh wis diboreg’I, wis dijamin karo Gusti.

Mbah’e




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH