Kamis, 27 September 2018

NJERENG


Kemis Kliwon 27 September 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Pangentasan 18 :13-27
Jabur 19 : 8-15
Lukas 9 :46-50
“Kowé mung gawé kesel awakmu dhéwé lan wong-wong kuwi. Pegawéan iki kakèhen yèn mung ditindakaké déning wong siji” Pangentasan 18:18

Saka rumangsaku, kabeh sing maca tulisan iki ngerti apa kuwi klasa. Biasane  seka bahan mendong yen jaman mbiyen, ning saiki wis macem-macem bahan dasare.  Klasa kuwi biasane dilepet utawa digulung yen oara digunakne, ananging yen meh digunakne  kudu dijereng  utawa digelar. Pagawean nggelar utawa nglukar klasa seka lempitane kuwi sing diarani NJERENG, mula yen ana tembung, “ Mbok kana gekndang  njereng klasa, selak dayohe teka”, tegese  gage  nggelar utawa njereng klasa ben isa dingo lungguh dayohe. Lho, kena ngapa kok klasa kuwi kudu dijereng?Merga yen ora dijereng, pigunane ora akeh mung kanggo wong sithik banget, beda karo nalika dijereng. Yen digulung utawa dilempit, paling mung isa nggo linggih wong siji, ananging yen wis dijereng isa kanggo wong akeh.

Bab njereng kuwi jebul horamung bab klasa, ananging uga bab  gawean. Kaya sing tinulis neng Kitab Suci,  Pangentasan 18. Ing kana Musa dirawuhi mertuane, njur pirsa yen Musa mung dewe  ngayahi samubarang gawean, mula njur paring pangandikan, yen gawean kuwi kudu diedum. Mula Musa enggal  tumandang , milah lan milih sapa-sapa sing  gelem dijak makarya. Lho kok mung babagan  GELEM, lha apa kabeh ISA? Yen para maos jik eling, renungan wingi wis njlentrehne  bab  Gusti sing mesti bakal njangkepi kanggo sapa wae sing ditimbali. Mula saka kuwi, Musa ya percaya yen sapa wae  isa nampa “JERENGAN” pakaryane Gusti sing saksuwene  iki mung dipek dewe dening Musa. Manut bapak  mertuane  Musa, ora apik  nguwasani, klebu kuwi nguwasani pakaryan, mula kudu diedum utawa dijereng. Tujuanne dijereng kuwi supaya kabeh kumanan gawean , merga gawean kuwi sejatine kunci anggone Gusti mbabar berkah. Yen gelem berkahe  ya kudu gelem gaweane, aja mung gelem nampa kresek irenge ning wegah mangkat kendurenne.

“Jo, aku ngko nitip ulem kuwi ya, jare meh nyang Mbrengkut?”, Lik Ndoleng  semanta karo Dalijo.
“Yo ra popo Lik, nggere  jatah sangune seka  Lik Yono sing duwe gawe mbok kekne aku”, Dalijo semaur.
“Lhadalah, jebul kowe kuwi ya petungan bangetttt, mung dijaluk’i tulung ngono wae  njaluk  jatah”, Lik Ndoleng semaur.
“Lha sampeyan kan ya dikek’e biaya ta lik, djarum super sebungkus karo  duit  seketewu, mosok meh mbokpek sangune, njur gaweane  pasrahke aku. Njereng  gawean ya njereng sanguine ta lik..”,Dalijo ngecipris malah mulang Lik Ndoleng.
“Lik, yen ngulemi liwat Ndawung  Yu Wasti arep nunut”, Nduk I’in cluluk.
“Weh, rasah mbok gawa Jo uleme, meh tak terke dewe”, Lik Ndoleng mbengok , rasido ngakon Dalijo ngiderke ulem.

Yen gaweane dijereng, kudune berkahe ya melu dijereng, ora mung ngakon nyambut gawe ning wegah njereng berkahe..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH