Rabu, 19 September 2018

DONG


REBO PAHING 19 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 10                 :12-20
Mazmur 119              :169-176
Lukas 8                      : 4-15
“Para sekabat nuli padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus bab tegesé pasemon mau.
Pangandikané: “Wewadiné Kratoné Allah kuwi mung diblakakaké marang kowé. Déné wong-wong liya mung Dakwulang srana pasemon, supaya senajan padha ndeleng, ora weruh, lan senajan padha krungu ora ngerti.”Lukas 4:9-10

Tembung “Dong” kuwi tegese paham utawa ngerti sing luwih jelas. Tembung dong kuwi ora kabeh “aksen” basa jawa migunak’ake, ananging kabeh ngerti tegese tembung dong kuwi. Merga tegese dong kuwi ngerti utawa paham kanti luwih jelas, mula njur ana istilah DDR, kuwi kanggo wong sing angel paham. Dene  DDR kuwi singkatan seka Daya Dong Rendah, yen sing maca tulisan iki mesam-mesem merga rumangsa de de er, ya sumangga wae, anggere kuwi ditampa kanti gumolonging manah lho ya..Bali neng tembung Dong . Ora gampang wong kuwi isa “dong” marang apa wae, ana sing cepet, anasing rada cepet la nana sing rendhet,kuwi kasunyatan. Kabeh kuwi ya titahe Gusti, sing cepet dong ya aja maido sing ora cepet, dene sing ora cepet dong ya aja gampang mutungan, kudu tansah gathuk lan rukun.

Nalika Gusti Yesus ngubengi kutha-kutha sakjrone peladosane, Gusti migunakae akeh cara kanggo memulang, salah sijine nganggo pasemon utawa gegambaran. Neng Lukas 8 ayat 4-15 kuwi ya ngono, Gusti mulang nganggo gegambaran. Piwulange bab kratone  swarga, sing digambarake kaya winih sing apik. Ana sing disebar neng padasan,pinggir ndalan lan lemah sing loh. Lha jebule sanadyan wis dadi para sekabate, sing wis meh karotengah tahun gulang gulung  lan runtang-runtung karo Gusti,para sekabate kuwi durung DONG karo piwulange Gusti. Pora yo jian kojur tenan yen ngene iki. Yen aku dadi sing mulang, mesti wis takamuk, paling ora tak bully neng medsos, merga angel dong’e. 

Rumangsa durung DONG, para sekabate Gusti njur takon marang Gusti. Iki sing dadi kersane Gusti, isa ngrumangsani yen cen durung DONG, ora rumangsa wis Dong. Gusti ngersakne kabeh JUJUR, klebu yen durung DONG. Orasah kemaki, sok-sok’an wis dong jebule blass rangerti apa-apa.Kadankala, para siswane Gusti ing jaman saiki kuwi okeh kemakine, rumangsa isin yen diarani ora dong, mula sanadyan ora ngerti blas, ngaku yen wis paham, ananging bareng kon nindakne, bingung..Mungkin sing maca tulisan iki ya ana wae sing sok rumangsa wis dong, ning rangerti apa-apa..hehe

“Lik, kotbahe dek minggu wingi kae jian nyemes aku tenan” NdukI’in sinambi ndondomi kaose bojone cluluk nalika sore kuwi santai neng teras.
“Cen iyo kok nduk”, Lik Ndoleng mangsuli sinambi klepas-klepus, sajak jik eling tenan.
“Kok cen iyo kuwi, baba pa ta jan-janne lik?”, Dalijo takon, karo nglinthing udud,sajak kenthekan rokok merga tiga dawa lan ya tanggal tuwa.
“weh, lha pra bab ratu Wasti sing nylametke bangsa ngisrael kae ta Jo?”, Wangsulane Lik Ndoleng
“Lhaaa rak tenan tooo, ora ngerti, durung dong ning kok kemaki rumangsa wis paham. Kotbahe bab nyingkur kekarepan lik, ora bab ratu Wasti. Mbok ya gek mop on ta lik, elingmu kok mung Yu Wastiii wae”, Dalijo nggrenengi bapakne cilik.

Lur, ayo urip kanthi ujur, yen samubarang durung dong ya ngaku wae, njur takon, rasah kemaki rumangsa dong, ning jebule blasss rangerti..


Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH