Senin, 17 September 2018

NGILANG


SENEN KLIWON 17 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK


1 Raja-raja 13           : 1-10
Mazmur 119              : 169-176
Lukas 7                      : 36-50
“Kawula menika kesasar kados ménda ingkang ketriwal. Paduka kersaa rawuh madosi kawula, abdi Paduka, margi kawula mboten nglirwakaken dhawuh Paduka” Mazmur 116:176

Sing diarani ilang kuwi nalika apa sing dadi duwek’e utawa apa wae sing nate ana ing pangwasane, njur ora isa dimangerteni neng ngendi kahanane meneh. Conto sing sederhana yakuwi nalika duit sing maune dicekel ananging merga ora ngati-ati, njur kecer lan ora isa dikuwasani meneh. Ilang kuwi asipat pasif, mula beda karo NGILANG. Ngilang kuwi tegese, sengaja nglungani utawa ngendani seka apa sing sakbenere dadi tanggung jawabe. Dadi ngilang kuwi asipat aktif, sengaja nglakoni lan merga sengaja, iki dilakoni kanthi sadar.

Dina iki, senen kliwon tanggal 17 september 2108, saka Kitab Suci ana pasinaon sing apik tumrab uri iki. Pasinaon kuwi ana gegeyutane karo bab ILANG lan ngilang. Seka mazmur 119 ayat 176, ana piwulang bab paseksine juru jabur, yen uripe lagi kesasar. Merga kesasar mula dadi ketriwal. Kenapa isa kesasar lan ketriwal? Bisa merga kesel njur ora bisa ngetutke lakuning liyan, uga bisa merga ora isa ngerteni tanda lumantar swara lan kahanan. Iki gegambaran wedus sing dingon. Wedus kuwi akeh, lan uga akeh modele, mesti wae ana sing budge,malesan,ngeyel lan sakpanunggalane. Merga budge mula raisa krungu lakune rombongan akeh, merga wuta mula rasia ngerti dalan sing kudu diambah. Yen kui kabeh sing klakon lumrah,merga kui sing diarani ILANG, lan pantes njerit njaluk tulung.

Sing repot kuwi yen NGILANG. Ngerti dalane, ngerti kahanane, ning sengaja mbedal seka rombongan, njur ngliwati dalan sing beda. merga beda dalan, mulane isa ilang, ning ilang iki sing disengaja, mulane diarani NGILANG. Sing akeh tinemu ana neng pasamuan kuwi sing ngilang, sing sengaja ngedohi lakuning bebarengan, sengaja nampik tetimbalan, njur bareng nemahi kasangsaran njerit-njerit njaluk tulung.  Sing repot meneh yen jeritane ora ending dirungokne, banjur rumangsa dilirwakke, dijarke wae lan njur nesu, ngamuk, ngritik lan sakteruse. Merga sengaja ngilang., bareng kesasar njur njerit-nerit njaluk tulung, pora ngisin-isine jan-janne?

“Jo, wingi sore pora entuk undangan, tik ora ngetok pas rapat?”, Pitakone Lik Ndoelng marang Dalijo.
“Weh, hora ik lik, lha rapat apa?”, Dalijo mangsuli, sajak kaget.
“Rapat pembentukan panitia Natal, iki wis wulan September. Kowe janjane meh didadekne panitia, ning merga ora mangkat, njr rasida”, Lik Ndoleng mangsuli.
“Rasah alesan kang, wingi bengi genah ya njenengan tampa dewe surate, ngono kok ngomong ora ngerti! Jian pinter enda koe kui kang..Njur ngko aku sing mbok salahke!:, Nduk I’in komplen merga Dalijo sejatine wis entuk undangan rapat kuwi.
“Senengane kok NGILANG!!!”, Lik Ndoleng nyentak karo mrengut..

Hayo, sing maca tulisan iki kereb ILANG apa NGILANG???

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH