Kamis, 06 September 2018

PETAN


KEMIS WAGE 6 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK


Yesaya 30 : 27-33
Jabur  146
Lukas 6 :6-11

“Para ahli Torèt lan wong Farisi padha ngulataké apa Gusti Yésus bakal marasaké wong lara mau ing dina Sabbat, apa ora. Sebab wong-wong mau padha nggolèki kaluputané, arep dianggo dhadhakan nggugat Panjenengané.” Lukas 6:7

Jaman biyen, tumrap para warga karang padesan sing umum’e olah tetanen, ana akeh wektu sing longgar. Kayata yen mangsa ketiga dawa utawa bubar panenan. Lha neng wektu kang longgar kuwi, para ibu sing wis rampung gawean pawon banjur ana sing pada nrumpi. Omah sing cedak, pada ngrumpi neng teras utawa cedak omah, sor wit-witan sing edum. Lha ing kahanan kaya mengkonokuwi, racak’e banjur pada PETAN. Apa ta petan kuwi? Kuwi pagawean nguyak lan nggoleki Tuma lan Kor (anak tuma) sing ana neng rambute para ibu sing racak’e ya dawa-dawa. Sajroning petan nggolek Tuma lan Kor kuwi ya kerep’e sinambi ngrumpi, lan kala-kala ya “METANI” tangga lan teparone. Lho apa ana sing kleru karo pagawean PETAN kuwi? Ora ana yen kabeh nduweni tujuan apik, ananging yen Petan kuwi tujuanne mung nggoleki alaning liyan, kuwi sing ora apik.

Bab PETAN sing mung mider nggoleki alaning liyan kuwi, sing paling berbakat wong Parisi lan Ahli Toret. Rumangsa paling paham Hukum Toret, mula ya rumangsa sing isa njaga pranatan agama mau. Mulane njur dadi polisining agama, kabeh wong diawasi utawa dipetani klakuane, manut paham agamane dewekne. Salah lan bener kuwi manut karepe dewe, ora manut karo sing dadi tujuanne pranatan kuwi. Uga, salah lan bener kuwi bab untung lan rugi, yen isa nguntungke kelompok utawa pihak’e ya diarani untung, sanadyan akeh sing dirugekake. Merga kahanan kaya mengkono kuwi mau, wong Parisi lan Ahli Toret kuwi hobine petan, metani salahe liyan ananging ora merduli salahe dewe. Seneng ngarani tumindake wong liya salah, ning tumindak’e dewe sanadyan salah pol, ning ragelem yen diarani luput utawa kleru. Conto neng Injil Lukas 6 ayat 6-11 cetha wela-wela, lha wong ana wong lara, mesakne banget, njur Gusti Yesus nyarasake kok diluputke. Kuwi kan mraktekne apa kuwi katresnan sejati, ning merga ana pranatan yen dina sabat ora olih makarya, mula sing ditindakna Gusti Yesus kuwi klebu salah neng matane wong Parisi.

“Dal, Nduk I’in, kuwi piwulange Gusti Yesus, sing manut tapsiranku, sing penting tresna. Sing adedasar tresna kuwi mesti benere”, Lik Ndoleng kojah, nalika sore kuwi peteng ndedet kaya jaman purba, merga listrike lagi mati.
“Wah, kula sarujuk sanget Lik, cen kedah ngoten, samukawis niku kedah linambaran tresna, pora yo ngono ta kang Dal?”, Nduk I’in nyauri sinambi takon.
“Haiyah…aku ngerti karepe Lik Ndoleng kuwi. Padune yen nglirak-nglirik Yu Wasti, singsat-singsot saben ngliwati ngarepe Yu Wasti kuwi ben diarani sah, apik ta lik?”, Dalijo mangsuli, ning semuneanyel banget.
“Lho,kok isa ngono kang Dal?Kuwi pora ia diarani yen sampeyan METANI tumindak’e paklik Ndoleng?”, Nduk I’in saja ora trima paklike diarani kleru karo Dalijo.
“Lha kan ngono ta Lik?”, Dalijo nglirik Lik Ndoleng..
“Asemmb..kok ya ngerti wae ta Jo awakmu kwi!!”, Lik Ndoleng semaur semu isin.

Ora kabeh METANI kuwi ala, gumantung tujuanne, mulane ayo esuk iki miwiti urip sinambi metani lelakon uripe dewe-dewe, apa ya jik kerep METANI panguripaning liyan?

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH