Sabtu, 29 September 2018

ASU


Setu Paing 29 September 2018
BENINGE EMBUN ESUK


Pangandaring Toret 27       :1-10
Jabur                          19        :8-15
Yokhanan                 1         :47-51
Ing panggonan kono kowé ngedegna mesbèh saka watu sing durung tau digarap nganggo piranti wesi” PT 27:5

Mesti sing maca tulisan renungan basa jawa padinan “Beninge Embun Esuk” iki langsung kaget, nalika maca judule. Lire piye?Lha mosok mung telung hurup, kuwi wae jeneng kewan sing paling memelas. Lha kenapa ta kok memelas?Lha wis genah jenenge ASU, ning arang  sing “wani” ngarani kanthi blak kotang terus embuh..hehe..Ana sing ngarani mbaung, erwe,guguk,lawuh lan jik akeh meneh jeneng samaran tumrap kewan iki. Sanadyan dadi kewan sing memelas, ning sejatine akeh pasinaon seka kewan iki, kayata: Asu  nduweni rasa Bekti karo ndarane sing dhuwur, Asu kuwi mesti nggawe tanda tumrap papan sing pernah diliwati, lumantar uyuh. Mulane saben lumaku ngandi wae singi diliwati, Asu mesti diluk-diluk nguyuh, persis kaya Lik Ndoleng pas anyang-anyangen. Kuwi kabeh dilakoni minangka tanda, yen wis pernah ngliwati  ben ora lali marang papan kuwi.

Bab tanda kuwi , neng Kitab Suci ya dadi piwulang, kayadene neng Pangandaring Toret bab 27. Nalika nabi Musa mimpin bangsa ngisrael ngliwati Bengawan Yarden, Nabi Musa dawuh marang bangsa ngisrael, supaya nggawe tanda lumantar watu-watu sing kanggo nyebrang. Tujuanne supaya tansah eling yen Gusti tansah nunggil lan nulungi. Musa sadar yen bangsa ngisrael mbandele ora njamak, yen rekasa sambat ngaruara, ning yen kepenak lali karo Gustine. Mulane lumantar tanda kuwi Musa nduweni ancas, ben bangsa ora lali lan ora nglalekne Gusti. Uga sakliyane kuwi, supaya bangsa ngisrael kuwi eling yen kabeh sing dirancang dening Gusti kuwi apik, ngener marang kahanan sing luwih apik, sanadyan kala-kala rinasa rekasa.
Bab nglalekne panuntune Gusti kuwi ora mung jamane nabi Musa lan bangsa ngisrael wae, jaman saiki ya akeh, mula jan-jane sing jenenge tanda kuwi penting banget, ben ora lali. Saiki sing jenenge Asu, titah kang kerep ka’asorake wae pinter nggawe tanda, supaya tetep eling karo pangrumate Gusti, mosok sing maca tulisan iki malah nglalekne, mosok kalah karo Asu?hehe..

“Jo, iki mengko sing pada ngamuk kepiye?”, Lik ndoleng sajak kuwatir nalika esuk-esuk mbukak androite.
“Weh,lha ana apa ta lik?Ana Sunarmi neng Donggala po ana apa?Aja maahi aku ya melu bingung lik!!!”, Dalijo semaur karo rada keweden.
“Dudu, iki lho aku maca renungan basa jawa kok wani-wanine nulis Asu, mbok nganggo jeneng singlon”, Lik Ndoleng njawab
“Oalahh lik, kuwi ta, aku ya lagi maca. Yen aku sih, rapopo, wong ya jenenge cen kuwi, arep diarani apa. Cen wong jawa kuwi kokean petung, njeneng-njnengke dewe ning wegah ngarani jenenge, jare saru” Dalijo mangsuli.
“Hush, joditeruske, mremen ngandi-ngandi koengko. Saiki ayo maca tanda apa sing dikersakne Gusti seka jagad raya sing sansaya horeg iki. Kok diluk-diluk gempa”, Lik ndoleng ngajak repleksi jare.
“Lik, entuk salam seka Yu Warsi, ngko seka “sawah” kon mampir, meh dikopeni. Saiki kok tambah luemuu ya lik yu Wasti kuwi?”, Nduk I’in nimbrung rembug.
“Ooo..brarti gempa kuwi merga Yu Wasti obah yo lik?”, Dalijo mangsuli.
“Crigis Joooo!!”, Lik Ndoleng nesu

Sing baku, ayo eling karo pakaryane Gusti, lumantar nggawe tanda nalika mrangguli pitulungane Gusti..

Mbahe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH