Minggu, 09 September 2018

JANGKEB


MINGGU PAHING 9 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yesaya 35     : 4-7a
Jabur 125
Yakobus 2     :1-17
Markus           : 7 24-37
“…ing segara wedhi bakal metu banyuné, lan kali-kali bakal mili ana ing ara-ara samun.” Yesaya 35:6c


Jangkeb kuwi kahanan sing samubarange pas. Yen etungan, sing diarani jangkeb kuwi nalika ora kurang lan ora luwih, mulane tumrap wong jawa ana unen-unen, kabeh kuwi kudu pas. Aja seneng sing ketambahan “an”, merga kuwi ora becik. Wargeg yen kewaregen ora apik, seneng yen kesenengen ya ora paik, mulane kudu pas utawa jangkeb. Mula yen ana sing nglakoni urip kurang, utawa nerak pranatan masyarakat, isa diarani wong sing ora jangkeb. Mulane, samubarang sing ginelar neng jagad iki wis katitahake jangkeb karo Gusti, kayata: yen ana padang mesti ana peteng, merga padang kuwi nembe isa dirasakne nalika menungsa nate ngalami peteng. Mulane, yen gelem padang yan kudu gelem nampa sing diarani peteng kuwi.

Wacan Kitab Suci dina iki, minggu pahing sanga sepetember 2018, ngajal awake dewe ngrumangsani yen samubarang neng donya iki dibutuhke. Saka Yesaya 35 ayat 4-7a, awake dewe entuk pasinaon, yen kahanane pasamuan utawa padang gurun kuwi ya ana paedahe. Lha apa paedahe? Seka kahanan Padang Gurun sing genah garing sring kuwi, Gusti isa nindakne kaelokan, ngetokne banyu sing ngedab-edabi. Yen mung ana sumber banyu seka daerah subur ijo royo-royo wae kuwi lumrah.  Seka Jabur 125, awake dewe entuk piwulang, yen kahanan sing sarwawinates kuwi ndadekne awake dewe kudu sumende marang Gusti, ben aja kumenthus lan kemaki rumangsa isa sakabehe. Dene seka Yakobus, awake dewe diweling karo Gusti, supaya awake dewe nampa sapa wae, mbuh kuwi seka suku ngendi wae, aja disawang kahanae, ning sawangen sapa sing nitahke, merga kabeh kuwi dititahke Gusti kanthi JANGKEB. Sikep nampa sapa wae kuwi jumbuh jaro piwulange Gusti Yesus neng Markus 7 ayat 24-37, seka kana awake dewe dielingke Gusti lumantar pekaryane, yen Gusti nampa kabeh wong, apa wae kahanane.
Seka andaran ing nduwur, sejatine awake dewe diwulang supaya isa nampa apa wae kahanan sing nempuh neng uripe dewe. Yen lagi rekasa ya aja nggresula, merga rekasa kuwi dikersakne Gusti, nggo ndadar menungsa isa ngajeni kahanan sing ora rekasa. Semono uda nalika lagi lara, ya aja nggresula, merga lumantar lara, menungsa ngerti ajine sehat. Mulane, ayo pada siaga, siap sumadya nampa apa wae kahanan sing ana, orasah nggresula merga kabeh wis tinitahke Gusti Kanthi JANGKEB.

“Ngapa lik, tik maca HP karo meam-mesem?”, Dalijo takon karo lik Ndoleng.
“Iki lho Jo, kancaku esempe WA aku, nakokne kabarku, wong lagi isa srawung meneh sakwise 25 tahun rapethuk. Lagi gojek, olok-olokan nalika jaman mbiyen pas esempe”, Wangsulane Lik Ndoleng, karo jik plengah-plengeh nyawan HP.
“Poyo duwe kenangan ta lik njenengan niku?”, Nduk I’in takon karo pamit arep mangkat rewang.
“Yo nduwe ta nduk, kuwi lak jejangkepe jaman lan kahanan, mosok aku randuwe kenangan. Akeh lho kenanganku jaman semana”, Lik Ndoleng mangsuli, karo nutuli HPne.
“Takkira mung kelingan Yu Wasti wae lik, minangka kenangan pait, merga raklakon sesambungan karo Yu Wasti”, Dalijo njarag, ngelingke Lik Ndoleng marang masa lalune.
“Huss, iki lagi chatt karo Mini, kancaku esempe mbiyen sing yen mesem dekik’e nggliyenke wong lanang..”, Lik Ndoleng sajak sumringah.
“Hmmm..kuwi ya isa diarani JABGKEB lik?Ngko yen mbok cilik ngonangi njur ngamuk, aja kaget, merga kuwi ya jejangkebe jagad”, Dalijo jik mangsuli karo arep mangkat nyinom.
“Asembb…!!!”, Lik Ndoleng sajak semu nesu mangsuli.

Ayu ngibadah lur, sianrtan nggembol kapercayan yen kabeh sing lumaku neng jagad iki kudu jangkeb..

Mbahe..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH