Kamis, 20 September 2018

PAYUNG lan PAYUNGAN


KEMIS PON 20 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK


Hakim-Hakim 6                     : 1-10
Mazmur           54      
Lukas                          8                     : 16-18
“Kowé wis padha Dakslametaké saka tangané wong Mesir lan saka bangsa-bangsa ing tanah kéné sing mungsuhi kowé. Bangsa-bangsa mau Daklungakaké saka kéné nalika kowé padha nyerang dhèwèké, sarta tanahé Dakparingaké marang kowé.” Para Hakim 6:9

Saben sing maca tulisan iki mesti wis paham kabeh akro apa sing diarani payung, yakuwi piranti sing fungsine kanggu ngayomi utawa nglindungi saka panas lan udan. Dene tegese payungan yakuwi nindakke ayahan lumantar Payung kanggo ngayomi saka kahanan sing ana. Kahanan kuwi isa merga panas lan uga merga udan. Yen kala mangsane udan, sapa sing payungan mesti aman seka banyuning udan, paling ora luwih aman tinimbang ora payungan. Semono uga  yen ngepasi panas, sing payungan mesti luwih aman tinimbang sing ora payungan.

Wacan Kitab Suci dina iki, kemis pon tanggal 20 september 2018, khusus wacan seka Perjanjian Lawas, nyritak’ake lelakone bangsa Israel. Lha lelakon pa ta? Lelakon sing uripe wis diayomi lan ditulungi dening Gusti. Diayomi kuwi yang manut karo tema renungan dina iki ya pada karo dipayungi. Gusti peiyambak sing janji yen panjenengane sing dadi PAYUNG lan isa kanggo PAYUNGAN wong-wong ngisrael. Ananging amarga mbandhel, mbalela lan ngeyel, sanadyan wis “ngango payung” nin ijik seneng polah. Ya amrga polah lan ora manut kuwi mau sing ndadekne uripe wong ngisrael tinempuh ing bebaya kang akeh. Bareng wis rumangsa ora bisa ngatasi bebaya sing dirasakne, lagi wong ngisrael sambat karo Gusti. Sanadyan mbalelane ora njamak kaya’a ngapa, ananging merga tresnane Gusti kuwi jian pol tenan, mula nalika sambat ya ditulungi, samabt “kudanan lan kepanasen” ya dipayungi maneh.

Menungsa kuwi racak’e meh kaya wong ngisrael neng  kitab para Hakim 6 kuwi. Seneng polah, bareng ngrasakne rekasa njur sambat gero-gero karo Gusti. Menungsa nalika rekasa lali yen sejatine wis nduwe payung sing apik tenan lan payung kuwi tansah isa dingo payungan kapan wae, ora mungkin nampik. Saiki gari gumantung karo sapa wae sing maca tulisan iki, meh setya nggunakake PAYUNG kanggo PAYUNGAN apa arep tetep penthalitan, kuwi bali menyang sapa wae sing maca tulisan iki.

“In, paklik ngandi?”, Dalijo takon karo dulure wedok sing ayune ngromyong kuwi.
“Jik neng kamar kang, bar diamuk mbok cilik, merga kurang gawean njarag Suminten, anake sing nduwe tobongan”, Wangsulane Nduk I’in sinambi dolanan HP.
“Cen paklik kuwi angele ngeram dikandani, wis DIPAYUNGI nenikahan lan wis nduwe buntut 2 kokya ijik ngeyele poll..”, Dalijo mangsuli.
“Lhaiyo kang, paribasan payung, nenikahane karo bulik kuwi pora ya payung kanggo brayate paklik, ananging ora tahu manut, mula saiki rekasa diamuk bulik”, Iin njawab.
“Iyo In, payunge kuwi ya nenikahan lan Katresnan, yen mbedal seka kuwi, mesti sengsara”, Dalijo mangsuli karo nglepus..

Lur, yen wis duwe payung, ya ayo nggo payungan, aja sempulitan, ngko malah kudanan po kepanasen..

Mbahe..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH