Kamis, 13 September 2018

ISA MACA


BENINGE EMBUN ESUK
KEMIS LEGI 13 SEPTEMBER 2018
ISA MACA

Yosua 2:1-14
Mazmur 116:1-9
Lukas 7:1-10

Bareng mireng aturé perwira mau, Gusti Yésus gumun banget. Panjenengané nuli mirsani wong akèh sing padha ndhèrèkaké sarta ngandika: “Aku durung tau tumon pengandel sing semono gedhéné, senajan ing antarané wong Israèl pisan.”Lukas 7:10

Tumrab bocah sing lagi pada sekolah, sing paling utama supayane bisa lancer anggone neruske pasinaone yakuwi bab MACA. Sing wis wasis utawa lancer maca’ne, mesti luwih gampang neruske pasinaone, ananging sing durung isa lancar maca utawa durung isa maca, mesti pasinaone bakalan kangelan. Sing diarani ISA MACA kuwi nalika bocah utawa sapa wae sing wis bisa nggathuk-nggathukne hurup supaya isa muni lan nduweni teges utawa arti, kuwi sing diarani  isa maca. Dene sing diarani durung isa maca, yakuwi sing durung utawa ora bisa nggathuk-nggathukne hurup supaya bisa ana tegese.

Ana crita saka Kitab Suci, babagan senopati Rum sing wis nate krungu crita kasektene Gusti Yesus. Saka crita-crita kuwi, senopati mau nduweni penemu yen apa wae bisa klakon adedasar kapercayan marang Gusti Yesus. Mula nalikane rewange senopati mau lara banget, njur ngepasi  Gusti Yesus  ana papan kono, senopati mau banjur nyuwun marang para pinitua Yahudi, cikben Gusti  ngrawuhi rewange ben marasake. Senopati kuwi miguna’ake tata panguripane minangka tentara kanggo mraktekake kapercayane. Yen ana donyaning tentara bab dhawuh kuwi mandi banget, mula imane utawa kapercayane senopati kuwi ya lumaku mangkono, angger Gusti dhawuh mesti klakon. Senopati kuwi “isa maca” kahanan, ya kahanane dewe lan uga kahanane Gusti Yesus. Mirsani lelakon sing kaya mengkono kuwi Gusti Yesus gumun,lan kabeh ndadekne apa sing dadi panyuwune (kebutuhane) senopati Rum mau klakon kabeh.
Amarga isa maca kahanan, ya kahanane dewe lan kahanae  Gusti, mula iman’e senopati mau urip, merga urip banjur isa murup lan ndadekne padang ana ing sakiwa tengene. Mula sing pada sregep anggone sinau ben isa maca kahanan, maca sasmita, maca obah mosiking jaman , amarga kabeh kuwi dadi “Bahasane Gusti” kanggo awake dewe kabeh.

“Jo, wingi aku mulih layat, mampir warunge Wasti, ananging takjak guneman kok njemblem wae, ana apa ya?”, Lik Ndoleng cluluk dewe, nalika lagi lungguh ana ruang tamu karo Dalijo lan Nduk I’in.
“Cen sampeyan niku minangka tiyang jaler kebangeten tenan kok lik, ora isa maca atine wong wedok, mung nggugu karepe dewe, rumangsa dadi wong lanang, Ala ning kudu menang. Lha wong disambati Yu Wasti, dijaluki tulung, dijak taren bab greja, lha kok kemaki njenengan niku, sok sibuk, sok penting,kamangka ya nyatane ora. Niku sing ndadekne Yu Wasti gregeten kalih sampeyan lik”, Nduk I’in nyemprot pakne cilik sak kayange.
“Cen ngono kok In paklikmu kuwi. Kemakine pol, rumangsa menang dewe, pinter dewe, ning jan-janne ora isa maca kahanan, pomeneh maca kahanane liyan, ning njaluke wong liya kon maca kahanane njur mangerteni”, Dalijo sajak kemropok melu nguneni Lik Ndoleng, karo klepas-klepus ngisep jarumsuper..
“Hmmmm..dikumbah tenan aku iki cahhh….”, Lik Ndoleng semaur karo nyruput kopine sing sak teko gede.

Lur, ayo pada tansah sinau supaya isa maca kahanane liyan..

Mbahe  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH