Jumat, 07 September 2018

SAGUH


JEMUAH KLIWON 7 SEPTEMBER 2018
BENINGE EMBUN ESUK


Yesaya 32 :1-8
Jabur 146
Lukas 6 : 12-19
“….Panjenengané nuli milih wong rolas, sing padha disebut rasul.. Gusti Yésus nuli tedhak saka ing gunung kadhèrèkaké déning rasul rolas…” Lukas 6 :13b, 17a

Saguh, kuwi tembung sing sederhana,lumrah lan saben wong ngerti utawa paham tegese. Lah njur apa kuwi tegese tembuh SAGUH kuwi? Saguh kuwi isa diartekne sumadya nglakoni apa wae sing disuwun dening liyan marang uripe. Conto sederhana, yen wis saguh dadi Jayeng (yen daerah Tuntang Matean), lha mbok kepiyeo wae kudu dilakoni, semono uga yen ana wong duwe gawe, njur kejatah dadi subak, sing tukang ngangsu, apa wae kahanane, ya kudu siap nglakoni. Kuwi kurang luwihe artine tembung SAGUH. Dene kosokbaline saguh kuwi selak, tegese, sanadyan wis sumadya, ananging tekan tempuking gawe ngendani apa sing wis dadi kesanggemane.

Wacan Kitab Suci ing dina iki, Jemuah Kliwon pitu September rongewu wolulas, mirunggan sing seka Injil, nyritakake, apa kuwi tegese SAGUH. Gusti Yesus kuwi akeh penderek’e, ananging nalika mung nimbali wong cacah 12, kabeh pada nyaguhi timbalane Gusti. Mestine wae wong 12 kuwi ya nduweni kepentingan pribadi dewe-dewe, ananging amarga wis yakin satus persen yang nyaguhi dawuhe Gusti kuwi luwih utama, mula samubarang sing mung urusan pribadi ditinggal, luwih nggatekne sing dadi kersane Gusti. Kaya sing kacritakne neng Injil Lukas bab 6, akeh sing nderek Gusti, ning Gusti miji mirunggan 12 wong, lan kabeh pada saguh, hora selak. 12 sing kapiji kuwi ya duwe kepentingan pribadi, duwe brayat lan duwe butuh, ananging bab nderek Gusti luwih utama.

“Lik, kok necis arep ngandi?”, Dalijo takon marang Lik Ndoleng, merga sora kuwi nyalawadi, dandan kaya ABG meh apel.
“Aku arep rapat majelis Jo, wong rongminggu wing iwis diteguhke, iki rapat sepisanan”, Wangsulane Lik Ndoleng muanteb.
“Wah, yo jos tenan Lik, muanteb. Ananging rapate hora mung pisan iki lho lik”, Nduk I’in nimbrung karo ngelikake.
“Iyo Lik, telung tahun masa jabatan Majelis lho, rapat kuwi tugase utamane, aja enda, aja selak.yen wis saguh ya kudu kaya 12 murid’e Gusti Yesus, kabeh ditinggal, kabeh dikiwakne, sing utama nderek kersane Gusti”, Dalijo criwis kaya bakul jamu neng pasar.
“aja mung kaya abor-obor blarak, padang mula bukane, ning njur mbleret. Kaya pakde Sronto kae, arane majelis, ning arang rapat. Alesan ning ngarit, lali, arisan, keturon lan sakteruse. Malah sok-sok alesane jare mbah ndito sok teologis. Jare arisan kuwi ya pelayan,…jiannn”, Dalijo jik ngecipris wae.
“Weh, tik kaya manuk cucak pengen ngendog ta Jo, jebul koe gi yap inter?”, Lik Ndoleng mangsuli criwise Dalijo.

Yen wis saguh kuwi ya lakonana apa wae tugas timbalan, rasah ndakik-ndakik nggolek alesan..Ayo makarya jumbuh karo sing awake dewe saguhi lurr..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH