Sabtu, 22 September 2018

ajurmumur


Setu Kliwon 22 September 2018
Beninge Embun Esuk

2 Para Raja 17:5-18
Jabur 54
Lukas 9            :1-6
"Runtuhé Samaria merga Israèl wis gawé dosa ana ing ngarsané Pangéran, Allahé, sing wis ngluwari Israèl saka tangané raja Mesir, diirid metu saka tanah mau. Wong Israèl mau padha nyembah marang déwa-déwa" 2 Para Raja 17:7

Sing diarani ajur kuwi nalika barang utawa kahanan wis ora kaya bentuk asline meneh. Merga yen wis ora kaya wujud asline barang kuwi wis ora isa digunak’ake maneh, kayata gelas sing seka bekung, yen wis ajur yawis ora kena kanggo nggawe, ora ana gunane. Semono uga bab sing dudu barang, kayata pengarep-arep, sing diarani ajur kuwi ya nalika pengarep-arepe wis ora mungkin diwujudke meneh. Kuwi kabeh sing diarani ajur. Dene yen tembung ajur kuwi dibangetke, njur ditambahi tembung saklingga , yakui mumur, mula njur ana sebutan ajurmumur, sing tegese ajur banget. Dadi ajurmumur kuwi kahanan sing wis meh ora ana gunane.

Nalika bangsa ngisrael mbalela karo Gusti, jan-jane Gusti ora langsung nesu njur ngamuk ngejur-jur bangsa ngisrael kuwi. Gusti ijik ngelikne, maringi wektu supaya mertobat. Bangsa ngisrael bareng wis kepenak uripe kereb lali manembah, malah nyembah sing dudu Gusti Allah. Mirsa kahanan kaya mengkono  kuwi Gusti ngutus para utusan (nabi) kanggo ngelikne, ananging ora nate digagas pepengete Gusti kuwi, malah sansaya kemaki tur nggleleng. Mulane Gusti banjur ngutus  retune Negara Asyur, ben nggejak lan ngremuk bangsa sing mbalela kuwi. Tenan, dikandani ngeyel malah kemaki glelang-gleleng, njur Gusti dewe sing tandang gawe, ajurrmumur bangsa ngisrael kuwi.

Kadagkala, awake dewe kerep nglakoni apa kang dilakoni bangsa ngisrael kuwi, MBALELA. Rumangsa pinter, rumangsa isa,rumangsa kuat, rumangsa wani lan sakpiturute. Nalika dielikne malah nggecak lan nggething sing ngelikne,bareng nemoni rekasa,remuk lan ajur mumur, banjur sadar ananging sok wis kasep,telat. Dielikne yen kleru, ngeyel, dielikne kon ngaBEKTI ya ranggagas, dielikne kon nampa timbalan peladosan, malah semune ngece Gusti yen randuwe wektu, kamangka yen mincing po WAnan wektune turah-turah, bareng dislenthik Gusti njur sambat gero-gero, kuwi kabeh nate klakon neng uripe wong jaman saiki (klebu sing maca tulisan iki), mula sakdurunge ajurmumur, yen dielikne ya ndang sadar..

“Lik, kok HP ora aktif ta, tak esemes,wea,lan telpun hora nyambung?”, Nduk I’in takon nyang pakne cilik Ndoleng,ananging  Lik Ndoleng mung klepas-klepus meneng wae.
“HPne paklik ajurmumur In, wingi dibanting mbok cilik, wong kon nyrumbat kambil malah dolanan HP wae”, Dalijo mangsuli, sajak ngerti.
“Crigis Jo, dibanting merga aku ranyrumbat kambil yoo, kuwi aku lagi maca berita, mikire mbokmu cilik aku WAnan karo Wasti”, Ujug-ujug  Lik Ndoleng mangsuli.
“Lha kan wis takelikne ta lik, aja WAnan karo Yu Wasti, mengko malah klora-kleru”, Dalijo njawab karo sumeh.
“Sing Wanan karo wasti wae sapa, aku kuwi maca berita. Cen wong wedok kuwo kerep cemburu buta!!Mung nuruti rasa, kabeh digebyah uyah, iki sing marakne ajurmumur, mbok komunikasi sik,ora ujug-ujug ngamuk”, Lik Ndoleng malah genti ngamuk ngaruara..

Sing pokok lur, yen dielekna, ndang pada sadara, ben aja ajurmumur…

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH