Jumat, 31 Agustus 2018

ENDA


JEMUAH PON 31 AGUSTUS 2018
BENINGE EMBUN ESUK


Pangentasan            32 :15-35
Jabur 15
Matheus                     9 :9-13

“…Sampun ngantos duka bendara kula, panjenengan pirsa piyambak bilih bangsa punika sampun kawengku ing piawon,…” Pangentasan 32 :22a


Yen ana neng sajroning peprangan, sapa sing trengginas isa wal saka seranganing mungsuh, kuwi sing bakalan menang. Dene kaprigelan sing marakne ucul saka samubarang seranganne musuh kuwi sing diarani ENDA, dadi tembung enda kuwi tegese kaprigellaning wong lan uga titah liya kanggo mbudidaya ucul saka serangane musuh utawa sarupaning bebaya sing nempuh marang uripe.

Sakbubare rampung nggawe reca awujut pedhet mas, bangsa Israel seneng banget, merga rumangsa entuk sesembahan anyar lan Rama Harun ya kayane ora rumangsa  luput. Kahanan dadi beda nalika nabi Musa mudun, sakwise rampung anggone manembah. Mirsa kahanan sing OWAH kaya mengkono, njur takon marang kakangne, yakuwi rama Harun. Ananging bareng weduh yen nabi Musa  duka, rama Harun selak, ENDA, yen sing klakon kuwi merga ndendenge wong Israel. Kamangka sejatine, nalika wong Israel taren lan rewel njaluk sesembahan liya, rama Harus isa nampik sinambi memulang bab kabeneran. Mbuh entuk beselan apa lan pira kok wektu wong Israel njaluk sesembahan liya njur dituruti karep rama Harun. Lan sing luwih mrihatinake, akeh sing enda njur nyalahke pihak liyane, kaya rama Harus sing malah nuding wong akeh.

Apa sing ditindakne rama Harun, yakuwi bab ENDA seka tanggung jawab kuwi isa dialami lan dilakoni sapa wae. Isa bocah isa wong tuwa, isa wong bagus isa wong ayu, lan uga isa dilakoni dening para pengareping pasamuan. Pokok’e yan babagan tanggungjwab kuwi akeh sing ngendani, pomeneh yen kuwi sing kleru. Sing maca tulisan iki, mungkin ya ana sing pernah ngendani tanggungjawab, ngendani timbalaning Gusti, ngendani kewajibaning urip, mbuh sing wujudte apa, sing ngerti mung sing nglakoni lan sing maca tulisan iki karo mesam-mesem, sajak isin karo awake dewe.

“Lik, mbiyen kuwi jan-jane sing enda ki Yu Wasti po sampeyan?”, Sore kuwi melih seka bidston Dalijo takon karo Lik Ndoleng.
“..Weh, aku Jo, sing enda, merga karepke nggolek sing luwih kinyis-kinyis, lho malah entuk’e yo setali tiga uang, pada baen…”, Wangsulane Lik Ndoleng.
“Ooo…ngaten ta lik, tapi jarene Yu Tukini karo Mbokde Supeni, njenengan ditampik. Hmm..lha sing leres sing pundi lik? Aja aja njenengan namun ENDA sing mbiyen jan-jane ditampik kalih yu  Wasti”, Sajak ngece Dalijo takon karo Lik Ndoleng.
“Iyo ding kang Dal, mbiyen paklik sing mburu, mbledig yu Wasti,nganti direwangi ndelik-ndelik ben isa nyawang ding..” Nduk I’in nambahi ngece lik Ndoleng.
“Yuhh..crigis kabeh cahh..gek kono ndang tumandang gawe..” Lik Ndoleng sajak nesu sithik.

Lur, bab ngendani tanggung jawab kuwi isa dilakoni sapa wae, ning kuwi ora dadi kersane Gusti, mula ayo miwiti dina iki kanthi semangat arep sinau tanggungjawab..mbuh piye lakuning lelakon..


Mbahe…



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH