Sabtu, 02 Januari 2021

WEDI-ASIH

 Setu Pon 2 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK


Wulang Bebasan 1:1-7

Jabur 148

Yakobus 3:13-18

“Wedi-asih marang Yehuwah iku wiwitaning kawruh, nanging wong bodho padha ngremehake kawicaksanan lan pamerdi.” Wulang Bebasan 1:1


Tembung WEDI-ASIH kuwi pancen arang banget didadekne pitembungan padinan, merga kuwi klebu basa sing dhuwur. Sejatatine, tembung WEDI-ASIH kuwi tegese ya Wedi, ananging kayane LAI kurang sreg yen mung nganggo tembung Wedi, amarga iki sesambungane kao Gusti Kang Akarya Jagad. Mula, supaya ben ketok apik lan rinasa enak lan kepenak, sanadyan tegese ya kurang luwih ya pada, njur ditambahi tembuh Asih, ben sinawang lan rinasa luwih enak dirungu lan dirasakne.


WEDI marang Gusti kuwi sejatine pepesthen, mosok ana titak sing wani karo Gustine? Sanadyan ya sejatine okeh sing ora mung Wedi, malah kepara maneni lan ngece marang Gusti. Malah mbok menawa sing maca tulisan iki ya ora sithik sing sok manani lan malah ngece marang Gusti, lumantar tumindak sing mung nggugu kekarepane dewe. Wedi kuwi kahanan, yakuwi kahanan kang rumangsa asor, mula biasane sapa wae sing Wedi mesti mbudidaya enda, mlipir lan uga ing kahanan kang beda, amarga Wedi njur ngajak kanca. WEDI-ASIH kuwi ya tetep Wedi, ora wani, ananging ora ana sedya kanggo maneni, apa meneh ngece. WEDI-ASIH kuwi wedi kang linambaran urmat, mula iki tembung kang pas kanggo nggabarake sesambungane menungsa minangka titak karo Gusti Allah. WEDI-ASIH kuwi isa kanggo pancatan urip kang apik, amarga sakabehing lakuning urip linambaran rasa sadhar yen Gusti tansah pirsa, mula uripe tetep ngati-ati.


Piwulange Kitab Wulang Bebasan ing dina iki, dina kapindho tahun 2021 muga-muga wae migunani tumrap sapa wae sing maca tulisan iki, lan isa dadi garan urip kang luwih apik tekan ing saklawase.


“Selamat Tahun Baru ya Jo, muga-muga uripmu sansaya kepenak..ora rekasa teruss” Unine Lik Ndoleng, nalika mulih seka tahun barunan njur keturon lan tangi-tangi wis tanggal loro.

“Iyo Lik, semono uga paklIK, tansah luwih becIK, ora mung nglirak-nglirIK lan ya ora wedi kirIK, merga nyawang sing nganggo JarIK..”Unine Dalijo sajak nganggo parikan kanthi guru lagu “IK”.

“Dongake mung sederhana, mugane wae paklik leren anggone nglirik Yu Wasti..”Nduk Iin, kaya tahun 2020an, jik seneng njarag pakne cilik.

“Duss..lha kok tekan kuwi meneh ta Ik?Dalijo kuwi takonana, wingi ketemu Tarsi ra, jarene mulih seka njakarta..!” Lik Ndoleng sajak erosi.

“Sssstt..aja nesunan Lik, kudu WEDI-ASIH marang Gusti kang maha pirsa lho..”Dalijo kanthi sareh ngelikne Lik Ndoleng.

“Ngko yen luwih sabar, mesti Yu Wasti klepek-klepek lho Lik..”Muni ngono Iin njur mak klepat mlebu pawon, dene Lik Ndoleng mung cengar-cengir, sanadyan ya jik misuh sakjroning batin.

“Jindulll.” Batine Lik Ndoleng.



mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH