Rabu, 13 Januari 2021

BRUJUL

 

Rebo Wage 13 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Yesaya 41 :14-20

Jabur 69 :1-5,30-36

Yokanan 1 : 29-34

Lah sira Sundadekake piranti pangrontogan kang landhep lan anyar, kang ana untune rong larik; sira bakal ngrontogi gunung-gunung sarta iku bakal padha sira remuk, sarta tengger-tengger iya bakal sira dadekake kaya mrambut…” Yesaya 41 :15

 

Sing rumangsa asal-usule saka ndesa utawa ndusun utun, mesti wis nate krungu apa kang kinaranan BRUJUL (ana uga sing ngarani Luku), yakuwi salah sawijining Piranti utawa alat sing isa kanggo mbiyantu gaweane menungsa. Arane wae Piranti,mula isane migunani ya nalika digunakake, yen ora digunakake,apika kaya ngapa piranti kuwi ya muspra tanpa guna. Mbalik neng BRUJUL, kuwi ya Piranti tumrap para sedulur tani, dene pungsine ya kanggo mbiyantu ngolah lemah, ngganti pakaryan sing diarani Macul. BRUJUL kuwi isane migunani ya nalika digunakake, dene nalika digunaake, si BRUJUL kuwi ora milah-milih, apa wae kang diliwati mesti disasak nganti resik, amarga “tugase” BRUJUL kuwi ya ngresiki lan molak-malik lemah, supaya dadi (luwih) subur lan isa ditanduri. Sing kudu dieling, ancase gawean saka BRUJUL yakuwi Mbrujul, yakuwi supaya lemahe dadi luwih subur, ora ana liyane, dene nalika ana sing dadi ora rusak, kuwi sing diarani Konsekwensi logise.

 



Neng Kitab Yesaya, ana tulisan bab BRUJUL, sanadyan eneng kana tinulis “Pangrontogan”, yakuwi sawijining Piranti kang pungsine kanggo ngremuk who anggur uga isa dingo ngresiki lemah ing pategalan kang kacawisake kanggo nandur tetanduran. Neng Yesaya ayat 15 cetha, “Lan sira Sundadekake dadekake piranti Pangrontogan (BRUJUL) kang landep lan anyar…..” Cetha, yen BRUJUL kuwi Piranti kang digawedewe dening Sang Yehuwah lan Piranti kuwi tetep landhep lan anyar, supaya pungsine ora suda. Jenenge wae Piranti, mula ya ora isa nampik kekarepane sing nduwe lan sing arep nganggokne. Ukara gegambarane bangsa ngisrael yen didadekake Piranti kuwi supaya bangsa ngisrael eling, yen kudu manut marang Sang Yehuwah, ora kaya menungsa jaman saiki,mung jejere Piranti wae jik wani nampik kersane Gusti, wegah diajak makarya ananging mung njolak-njaluk berkahe wae, jian pray a njengkelake kae..

 

Menungsa (klebu sing maca tulisan iki njur mesam-mesem, sing ora mesem tegese kemaki lan kemayu..hehe) sejatine kabeh ya mung sadrema BRUJUL, Pirantine Gusti Allah. Mula ya kudu manut karo sing ngersake lan ora pareng malah “ngatur” Sing Kagungan. Jejere piranti, BRUJUL kuwi yen wis makarya ya tanpa  kompromi, kabeh disasak,disikat lan dijur-jur, supaya tegalane dadi luwih subur lan sakmengkone tandurane tuwuh lan ngetokake who kaya sing dikersakne sing nandur. BRUJUL kuwi nalika dikanggokne sing nduwe, ora mungkin sambar, ora mungkin milih-milih, anane mung manut. Yen samangsa nerak utawa nabrak watu atos njur gowang, ya bakalane disah ben landhep meneh. Lan sakwise Landhep njur dikanggokne sing nduwe kanggo makarya meneh. BRUJUL sakapike kaya ngapa, ora ana ajine babarblas nalika ora dikanggokne mbrujul..

 

“Jo, aku jianm jik kemropok, ngontorku ngeram karo Markun. Lha wong mbukak warung, ditukoni wae kok elak-elik..kan sing tuku kuwi ratu,bebas …” Lik Ndoleng gembreneng dewe, swarane ora cetha, merga lirih tur ya grimis gemricih.

“Apik Lik..joss..” Unine Iin, saka kidul omah, merga saka krungu umrengane Lik Ndoleng.

“Opak-apik, apa kowe krungu In? Lha wong Dalijo sing cedak wae babarblas ora ngreken..”Sambate Lik Ndoleng.

“Pokoke sampeyan diumreng kang Markun kan Lik?” Takone Iin.

“Aku krungu Lik, lan aku dadi eling lan ngerti, jare mbah’e, kuwi kang Markun nembe ngayahi ayahan kaya BRUJUL, nasak apa wae sing kurang pener, cikben penenr. Lha sampeyan tuku  udud sak’ler wae tekok neko-neko, padune mung meh nglirik Yu Wasti, mula dielikake kang Markun” Semaure Dalijo, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Jangkrik Kepedesen Lombok Imet.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH