Rabu, 20 Januari 2021

BERKAH

 

Rebo Legi 20 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 16:1-14

Jabur 86

Lukas 18 :15-17

Sang Malaekate Yehuwah banjur ngandika marang Ibu Hagar: “Sira balia marang bendaranira lan nungkula marang ing pamengkune.” Karomaneh dipangandikani dening Sang Malaekate Yehuwah mangkena: “Turunira bakal Suntangkarake dadi akeh banget, nganti ora kena dietung, awit saka akehe.” Purwaning Dumadi 16:9-10

 

Mbokmenawa saben sing maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK  wis nate krungu tembung BERKAH, amarga saben ndedonga seneng nyebut tembung kuwi.  Meh saben ndedonga, tembung saing paling okeh dewe sinebut ya BERKAH kuwi, sanadyan racak’e “njaluk” BERKAH terus lan arang wae nganggo banget ndedongan isa andum BERKAH. Uga ora sithik sing nduweni penemu yen BERKAH kuwi wujude bandha, utamane duwit. Salkiyane nampa banda sing ketok mata, durung kinaranan BERKAH, kamangka sehat, wareg, aman, tenang lan ayem kuwi kabeh ya klebu BERKAH, ananging arang wong sing aturpanuwun nalika sehat, nembe eling pas lara. Lho, lha sejatine BERKAH kuwi apa ta? BERKAH kuwi samubarag kang tinampa tanpa mbudidaya babarblas.

 

Crita neng Kitab Purwaning Dumadi bab 16 nyritakake bab BERKAH, yakuwi kang tinampa dening ibu Hagar. Nalika rinasa dening ibu Sarai wis lacuk amarga ngremehake ibu Sarai sing minangka bendara, ibu Hagar tinundung lunga, lan tumeka ing pasamunan sing panase ngeram, Ya ing papan kono kuwi ibu Hagar dipethuki malaekate Gusti, lan dingendikani bakalan entuk BERKAH saka Sang Yehuwah. Kuwi murni BERKAH saka Gusti Allah. Pancen ana syarat sing dadi syarat saka malaekate Sang Yehuwah, saiku sakwise nampa kabar yen entuk BERKAH, ibu Hagar kudi mbalik marang ibu Sarai lan tumungkul minangka tanda pamratobat saka ing kaluputan. Ibu Hagar nglakoni kabeh kersane Gusti Allah, sepisan maneh kuwi sakwise entuk kabar yen pinaringan BERKAH.

 

Ing jaman saiki crita bab ibu Sarai lan Ibu Hagar kereb dingo eyel-eyelan. Kabeh rebutan bener lan bela-belanan, malah nganti direwangi gelut lan perang mbarang. Kuwi klakone merga ora sinau sejarah kanthi tliti. Lire kepiye kok diarani ora tliti? Lha sejatine antarane ibu Sarai lan ibu Hagar kuwi kabeh nampa BERKAH saka Gusti Allah. Dene BERKAH kuwi jian murni amarga lomane Gusti Allah marah sagunging titah, mulane yen titah kudu polah kuwi yawis lumrah. Mula saka kuwi, aja pada tukar padu bab sing nampa BERKAH, sing penting kudu dimangerteni yen Gusti Allah maringi BERKAH marang sagunging titah. Mung wae, yen pada arep andum BERKAH, rasah ndadak nganggo syarat ndakig-ndakig, ye jik nganggo syarat mbuh sapa kuwi sing diconto.

 

“Jindul Jo, aku wingi sirku arep ngabari si Solebo, yen aku arep nglumpukake tangga-teparo njur ngaturi rawuh “kyaine”,taksuwun ular-ular..” Lik Ndoleng sore kuwi miwiti jejagongan langsung misuh merga nemahi pengalaman sing ora dadi kekarepane.

“Lha Siwo Solebo muni apa kok sampeyan malah “ngrama inggil” ngono kuw?. Apa bab Yu wasti Lik?” Unine Dalijo.

“Dusss!!..malah tekan Wasti. Oraaa ..Iki bab liya!” Semaure Lik Ndoleng.

“Weh, lha bab apa Lik? Wo Solebo crita yen kang Markun tuku mobil anyar?Iyo Lik?” Iin melu nrunjul-nrunjul.

“Weladalah..ora cooooahh!! Iki bab arepku ngundang “kyaine”, disuwun sesorah, merga aku arep andum berkah karo  kyaine. Lha penemuku kaya ngono kuwi malah dikumbah karo si Solebo. Jiannn..” Sambate Lik Ndoleng.

“Weh, sing bener kuwi siwo Solebo, cen kudu ngono kuwi. Penemu sampeyan kuwi luput, sanadyan kuwi sing okeh klakone. Mung arep andum BERKAH wae ndadak ngakon, mbuh kuwi sesorah, ular-ular lan sakpanunggalane. Kuwi padha wae karo “mlekotho” Lik. Ya yen arep andum BERKAH ya andum wae, rasah alesan kon neka-neka..” Unine Dalijo.

“Kaya yen sampeyan nukokne pulsa data Yu Wasti kae lho Lik, tanpa syarat lan tanpa dijaluk..”Unine Iin njur mak klebat mlebu ngomah.

“Trondolooooo..kenek lor-kidul cahh!!” Batine Lik Ndoleng, sinambi ngukuri sirahe sing rambute mung limanglas.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH