Kamis, 28 Januari 2021

LEGAWA

 

Kemis Wage 28 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Pangandharing Toret 3 :23-29

Jabur 111

Rum 9 :6-18

Nanging Pangeran Yehuwah duka marang aku marga saka kowe, lan ora nyembadani panyuwunku, malah aku dipangandikani dening Sang Yehuwah: Wis cukup, sira aja munjuk maneh marang Ingsun bab prakara iku.

Pangandharing Toret 3 :26

 

LEGAWA, kuwi tembung kang mayar tinulis lan diomongake, ananging ora mayar nglakonine. Tembung LEGAWA kuwi tegese nampa kahanan sakwutuhe sanadyan beda karo kekarepane. Sansaya angel meneh amarga meh kabeh menungsa kuwi nduweni kekarepan lan ilok’e, ora kabeh kekarepan kuwi isa kelakon. Ora sithik sing ngamuk lan nesu nalika kekarepane ora klakon. Bojo isa diamuk, anak dipisuh-pisuhi, udan salah, panas salah, peteng kleru lan padang ya ora bener. Pokok’e yen nesu amarga kekarepane ora klakon, kabeh rinasa ala lan babarblas ora apik. Mulane, isa nglakoni kahanan kang dumadi kanthi LEGAWA kuwi jian wong sing jempolan, jos temenan.

 

Ana crita neng Kitab Suci, pernahe neng Kitab Pangandharing Toret, neng kana dicritakne bab kepiye anggone nabi Musa LEGAWA nampa keputusane Gusti Allah babagan uripe. Nabi Musa sing mandegani bangsa ngisrael metu saka pangawulan Mesir, cetha wela-wela tujuane tanah prajanjina, Kanaan. Ananging amarga luputing tumindak, sanadyan sithik, nabi Musa ora dikeparengake lumebu menyang tanah prajanjian, Kenaan. Janjane nabi Musa ya kompain,protes marang Gusti Allah, ananging keputusane Gusti allah wis golong-gilig, Musa ora olih mlebu kenaan! Titik! Ing wekasane, nabi Musa ya nampa sanadyan abot, ananging sakwise “berproses” njur pungkasane nampa kanthi LEGAWA. Ora kleru yen nabi Musa “rada” nyalahake wong akeh, yakuwi bangsa ngisrael, amarga nalika kekurangan banyu, njur padha ngamuk, kuwi dadi nesune Musa njur njojoh parang nganti metu banyune. Tumindak njojoh parang kuwi kang kapirsan luput dening Gusti, amarga ora nyuwun palilahe, mula pungkasane nabi Musa ora dikeparengake mlebu Kenaan.




 

Nabi Musa isa nampa keputusane Gusti Allah kanti LEGAWA, awit nyadari kahanane tumindak kang nate dilakoni. Bener, ana proses supaya LEGAWA nampa kasunyatan, yen jarene “ibu-ibu milenial” saiki, kudu ndang “mop-on” (move on). Nami Musa isa ndang mop on merga sadhar kahanan kang nate dumadi ing mangsa kawuri, lan kuwi isa dadi kaca benggalaning urip tumrap menungsa ing jaman saiki, aja gampang ngamuk lan protes marang kahanan kang klakon. Kabeh kahanan kuwi  mesti ana gegayutane karo sing mbiyen nate tinindakake, mula nalika kahanan kuwi ora gathuk kareo kekarepan, ndang tinampa wae kanthi LEGAWA. Mung patrap urip nampa kahanan kanthi LEGAWA kang njalari urip kebak ing tentrem rahayu.

 

“Lho, kok ora kaya biasane Leng, kok malah jarik’an, lha sarungmu ngandi?” Takone wak’ane Solebo, nalika bengi kuwi jejagongan kaya padatan neng Cakruk Sor Talok.

“Lha iki lak merga si Dalijo kae, ngerti gendeng bocor ora ndang diganti, mula kabeh sarungku teles Bo” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Kuwi laky a salahmu ta Lik, lha wong dikandani gendeng papan kanggo njereng sarung bocor kok malah jik tetep njereng sarung neng kono, aja nyalahke kang Dal..” Unine Iin, sinambi kluthak-klutik, sajak nggawe kopi neng pawon.

“Sepurane Lik, lali durung takbenekne gendenge,aku nglanjari Porangku sing do ambruk keterak putting beliung” Dalijo muni saka lor omah, sajak nembe mulih saka warung tuku MLD.

“Lha apa ora isa ndandani dewe ta Leng? wong gawean ketok lan mayar wae kok ndadak ngakon Dalijo?” takone Wak’ane Solebo.

“Janjane ya isa, ananging ana sing enom, mosok wong tuwek kon pethakilan..”Semaure Lik Ndoleng.

“Haiyah, biasane ya pethakilan we..saben nyawang Wasti mesti sliramu pethakilan lho Leng” Pakde Kento njedul, lan ora kaya padatan, saiki wani njarag Lik Ndoleng.

“Dus, saiki kowe melu-melu nggarapi aku bab Wasti To!?Asemb tenan og..”Lik Ndoleng sajak salah tingkah.

“Wis, ora sarungan ora apa-apa, jarikan kaya “putri kraton” ngono ya jik luwes. Lakonana kabeh kanti LEGAWA, iklas, kaya piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK kae..”Sesorahe Pakde Kento.

“Iyo Lik, iklasna kanthi LEGAWA Yu Wasti sing sangat bahagia karo kang Markun..”Iin muni sinambi nyuguhake kopi neng cakruk.

“Trondolooo buntungggg..kabeh ngece aku..Dusss!!!” Batine Lik Ndoleng, merga arep muni wedi didukani pakde Miyogol, sing galake ngeram.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH