Selasa, 05 Januari 2021

IKLAS

 Selasa Legi 5 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Wulang Bebasan 22:1-9

Jabur 110

Lukas 6:27-31

“Wong kang njejaluk marang kowe, wenehana, lan aja njaluk baline marang darbekmu kang wis dijupuk ing wong.”Lukas 6:30


IKLAS, kuwi tembung kang mayar nalika nulis lan ngomongake, ananging abote ngeram menawa dilakoni. IKLAS kuwi kahanan ati kang wening, kang mapanake kabeh ana ing pranatane Sing kagungan Jagad, mula nyawang samubarang kang ana kuwi minangka Kagungane Gusti, dudu duweke dewe. Sanadyan kayane mung mayar, ananging sejatine ora okeh menungsa sing isa “lulus” nglakoni IKLAS ana ing uripe. Mbokmenawa ana sing isa IKLAS kuwi amarga kepeksa, sing di-IKLAS-ake ora patio nduweni pangaji lan utawa amarga ya mung Kepeksa.


Piwulange Kitab Suci ing dina iki, saka Lukas bab 6 ayat 30 cetha banget, ngajak kabeh menungsa supaya isa IKLAS. Ing kene kahanane sejatine mangkene, ora kabeh titah kang kinaranan menungsa kuwi padha oleh nampani berkahe Gusti. Ana sing nampa sithik la nana sing akeh, iki dudu bab sregep lan orane, ananging pancen ya kudu kaya mengkono kuwi. Lha ing kahanan kang kaya mengkono kuwi kudune patrap urip IKLAS isa dilakoni, sing nduweni menehi marang kang ora nduweni. Pancen ora kabeh kabutuhane urip, ananging mung marang bab-bab kang puentinge ngeram lan jian ora isa diupayakne dewe. Ing kahanan ini Kawaskitan Kamanungsan kudu diasah ben landhep lan titis olehe nyawang bab kahanan sing kudu digatekake lan sakbanjure IKLAS nglakonine. Yen ana sing jian mbutuhake,ananging malah merem lan rumangsa kuwi dudu urusane, jian kuwi babar blas ora isa sinebut menungsa, apameneh pendereke Sang Mesih.


Mula saka kuwi, payo saiki ngasah kawaskitaning urip, nglatih panyawaning batin, mumpun jik wiwitaning tahun, cikben isa negrti kahanan kang bener-bener mbutuhake lan sakbanjure tumindak “Weweh” kanthi IKLAS. Mung amarga tumindak IKLAS kuwi jagad isa ngrasakne katentreman, lan ing sakjroning IKLAS kuwi jian ora ana tumindak Nesu, Ngamuk, Mutung lan saksedulure kuwi, anane mung ayem tentrem sanadyan tata kamanungsan ana sing pindah papan marang kang mbutuhake.


“Jo, selamat hepi nyuyier ya..sepurane telat, wingi lali..”Unine Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika sore kuwi jagongan neng Lincak pojokan omah.

“Iyo Lik, no wot-wot, ara apa-apa.woles, eslow wae..”Wangsulane Dalijo sinambi nyumet MLDne, lan ketungka njedule Iin, nggawa danggoreng lan kopi neng teko sing sajak lethek merga umure wis suwene ngeram.

“Ngapa In, kok praupanmu njegadul kaya Jentrung mangan Lombok, mbok yen makarya kuwi sing IKLAs, mau yen ragelemnggawekne kopi mbok ben Dalijo sing nggawe..” Unine Lik Ndoleng.

“Weh, aku IKLAS lik, mbok yakin-mbolokin..iki merga sampeyan durung adus merga ademe kaya ngene, mulane raisa nyawang kanthi padhang..” Wangsulane IIn.

“Oiya Lik  wis pirang ndina ra adus?” Takone Dalijo.

“Adeeme raukuran Jo..males adus aku..”Unine Lik Ndoleng.

“Ooooo…dadi iki ta sebab-musababe, lagi paham aku Lik..jian. “Unine IIn.

“Apa?” Takone Lik Ndoleng.

“Yu Wasti wegah karo sampeyan kuwi merga ragelem adus ta jebule…hahaha” Muni Ngono Iin njur mlayu neng njero ngomah.

“Jindulllll..Kecukmbendoo..Wis rongewuselikur, cah-cah iki jik eling wae bab Wasti..Dusss!!” Batine Lik Ndoleng.


mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH