Kamis, 21 Januari 2021

SEMPULITAN

 

Kemis Pahing 21 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK


TANDURAN PORANG


Yeremia 19 :1-15

Jabur 62 :5-12

Wahyu 18 :11-20

Kandhakna mengkene: Dhuh, para ratu ing Yehuda lan para tiyang ing Yerusalem! Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumados, Gusti Allahipun Israel: Lah Ingsun bakal ndhatengake bilai ing panggonan kene, nganti wong kang krungu bakal sumruweng kupinge! Amarga para wong iku wus nyingkur Ingsun, ngwenehi papan marang allah ngamanca lan wus ngobong dupa kanggo allah liyane, kang ora disumurupi dhewe, apadene para leluhure lan para raja ing Yehuda. Panggonan iki kebak getihe wong kang ora duwe kaluputan.” Yeremia 19 :3-4

 

SEMPULITAN kuwi tembung kang artine kurang luwih mengkene, tumindak kang ora jujur lan ora manut karo pranatan utawa paugeran sing ana. Ben gampang dingo gegambaran, yen lumrahe wong mlaku kuwi liwat dalan sing wis cinawis, ananging malah ngliwati dalan kang ora lumrah, kudune liwat dalan malah nabras ngliwati jurangan. Isa uga  mengkene, dikon jaga neng pos ronda malah klayapan nyedaki omahe rondo, kuwi klebu tumindak kang kinaranan SEMPULITAN. Mbokmenawa ana para maos sing kagungan kawruh luwih pas bab SEMPULITAN, isa mengko diisekake neng kolom komentar, sanadyan aku yakin mbolokin mustahil kuwi klakon, lha wong senenge mung maca thokthil, lan ora maido kedawan tulisane wae wis nggumunake, pomeneh kon nulis neng kolom komentar. hehe

 




Ana crita neng Kitab Yeremia, sing gede-cilik’e isa klebu “golongan” SEMPULITAN, yakuwi bab patraping urip sing dilakoni dening bangsa Yehuda lan ngisrael. Lha apa ta jane kuwi sing dilakoni bangsa ngisrael lan Yehuda? Para bangsa kuwi wis bosen nyembah lan ngabekti marang  Sang Yehuwah, malah milih nyembah sesembahan liya,lan malah padha menehi (mbangun) papan marang allah liya, uga ngobong dupa marang allah liya kuwi. Kuwi kabeh isa kinaranan SEMPULITAN, amarga wis wani ngungkuri Sang Yehuwah sing wis nulungi saklawase bangsa kuwi ana. Kahanan kang kaya mengkono kuwi ora dadi keparenge Gusti Allah, Sang Yehuwah, mula njur (saja rada nessu) kongkonan marang Yeremia supaya ngelikake. Jian, dupeh Gusti Allah wae njur kongkan-kongkon wae, kamangka jane ya isa dewe lho..xixi..

 

Ing jaman saiki mbokmenawa malah luwih okih sing tumindak kaya kang dialami dening bangsa Yehuda lan ngisrael. Lire kepiye? Lha saiki ora sithik sing mung ketoke manembah marang Gusti Allah, ananging kuwi isa wae mung nuruti kekarepane dewe, ketoke misungsungke berkahe Gusti, ananging ya mung ben atine marem, saiki okeh sing ketoke ngabekti neng papan pangabekti, ananging atine ora ngener marang Gusti, amarga tekan papan pangabekti mung turu, ora’a turu ya ora nggatekake piwulang. Kuwi kabeh klebu patraping urip kang kinaranan SEMPULITAN. Mulane, sakdurunge Gusti Allah nguripake maneh “spirit Yeremia”, ndang padha mertobat, aja SEMPULITAN. Tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki muga-muga migunani, yen ora ya busak wae..hehe.

 

“Jo…ndang muliha, iki ana dayoh. Si Solebo karo Kang Kentho” Swarane Lik Ndoleng pas nilpun Dalijo. Sakwise nilpun njur jagongan, nunggu tekane Dalijo.

“Lha kok mulih seka ngalas ra bareng ta Leng?” Takone Solebo.

“Aku maeng ngomong karo Dalijo, wetengku mumet, njur pamit mulih..” Semaure Lik Ndoleng.

“Ealahh…seprana-seprene jik hoby SEMPULITAN kowe ki leng, ndoleng. Seka rambutmu tuwuh selikur kari saiki limanglas, jik berbakat SEMPULITAN..jiannn!!” Pakde Kentho nguneni Lik Ndoleng.

“Duss..menenga wae ntho..aja crigis. Konangan ponakanku Iin, klakon remuk aku ngko!” Unine Lik Ndoleng, njur Iin njedul nggawa kopi lan jisamsu,pitunem l lan pacitan telo goreng.

“Wis apal kula niki pakde, wong pancen paklik Ndoleng niku bakatipun SEMPULITAN, napa malih menawi bab Yu Wasti, poll” Unine Iin, njur bablas mlebu pawon meneh. Durung kober semaur, ketungka tekane Dalijo saka arah tegal kulon ndesa.

“Weh, jare mumet Lik wetenge? Tik sajak santai temen. Bejamu Lik, mau Yu Wasti ngirim sing ndangir Porang, jane nggoleki sampeyan, tapi tak omongi, mulih ndisik Yu, jare wetenge mumet. Takira krungu omonganku njur trenyuh, malah ngapok-ngapokke. Jiann!” Omonge Dalijo, nur melu lungguh sakwise wisuh neng sor mlinjo.

“Kamprett ngompolll….ratahu bejo lurr..Duss! Apa iki pikoleh SEMPULITAN yoo?” Grenengane Lik Ndoleng lan mung diesemi sinambi nyruput kopi dening Kang Solebo lan Pakde Kentho.

 

Mbah’e

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH