Senin, 11 Januari 2021

TETAK

 

Senen Pahing 11 Januari 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 17 :1-13

Jabur 69 :1-5,30-3

Rum 4: 1-12

Iki prasetyaningSun kang kudu sira tetepi, prajanjian ing antarane Ingsun lan sira dalah turun-turunira, yaiku supaya sadhengaha panunggalanira kang lanang katetakana. Sira padha netakana ikutira, iku kang minangka pratandhaning prasetyan ing antarane Ingsun lan sira. “ Purwaning Dumadi 17:10-11

 

Mbokmenawa sing maca tulisan iki meh kabeh sing wis nate krungu bab tembung TETAK, yakuwi salahsawijining “ritual” kang mligi kanggo wong lanang. Lho kok mung wong lanang kuwi nalare piye? Stt..mengko wae ben dijlentrehake Kang Dalijo.. Ing andharan BENINGE EMBUN ESUK iki ora arep njlentrehake bab TETAK sing lumrah klakon ing jaman saiki, ananging arep nyritakake bab TETAK neng Kitab Suci, lan uga njajal mangerteni maksud saka TETAK kuwi.

 

Neng Kitab Purwaning Dumadi bab 17, neng kana dicritakne bab dhawuhe Gusti Allah marang rama Abram, supaya sumadya nampa prajanjian karo Gusti Allah. Dene  minangka tandaning prajanjian kuwi TETAK, yakuwi ngiris daging sithik, neng perangane raga sing sinengker. Sttt..sepisan meneh, ngko iki sing njlentrehake Kang Dalijo. Dene tegese “ngiris daging” kanthi sengaja kuwi ya nduweni arti, yakuwi ngrasakake lara, metokake getih lan tatu. Kuwi kabeh minangka pepeling kanggone menungsa, yen nalika ngayahi kuwi kabeh, sejatine minangka pratanda netepi kersane Gusti.

Yen disawang saka sisih “spiritual”, ngiris daging kanthi sengaja kuwi ya ngemu teges, menawa menungsa kuwi kudu watu tatu, supaya dadi srana pepiling marang Gusti Allah. Pepeling bab sing wigati, yakuwi nalika kelingan bab tatu kuwi, bab rasa larane, kuwi minangka tanda prasetyanine Gusti kang maringi berkah.

 

Ing jaman saiki, ana ing tata kapercayan, menungsa ya kuwi wani “TETAK” lan netaki wataking kamanungsan kang cengkah karo kersane Gusti. Dene apa watak kamanungsan sing cengkah karo Gusti kuwi apa, siji lan sijine beda, mula ya sumangga para maos sing mithati dewe, njur ditata supaya uripe sansaya apik ana ing ngarsane Gusti. PAncen ora gampang “NETAKI” pepinginan kamanungsan kuwi, ana kalamangsane ya larane ngeram, ana kalamangsane ya tatu, ananging kuwi kang mbiyen dialami dening Rama Abraham, minangka tanda nampane prasetya saka Gusti Allah.

 

“ Lik, aku mau neng warunge Yu Wasti ngguyu kepingkel-pingkel tenan..jiann” Unine Iin, sinambi nyuguhake kopi lan kimpul goring.

“Weh, lha weruh baba pa tik kepingkel-pingkel kuwi?” Takone Dalijo.

“Lha iya, biasane dewekne kuwi kul(cool) lho In, mosok isa ngguyu nganti kepingkel-pingkel?” Lik Ndoleng sajak sansaya penasaran.

“Arep ngomong, tapi wedi sampeyan tersinggung Lik..”Muni ngono, Iin njur lungguh neng dingklik pojok jendela.

“Weh, jan-jane apa ta In, aja marakne mumet paklik?” Dalijo sajak ora sabar.

“Lha Yu Wasti kuwi crita, ditakoni Yu Warinem, apa mbiyen rasido karo Lik Ndoleng merga ngerti yen ora TETAK,..Lha Yu Wasti ya ngguyu kepingkel-pingkel, merga bab Paklik TETAK lan ora kuwi dewekne jarene rung paham..”Semaure Iin.

“Weh, lha sampeyan kuwi jan-jane TETAK apa ora ta Lik?” Takone Dalijo.

“Bajindulll..cah wedok wis padha setengah tuwa jik iyike ngeram…Warinem kuwi jian racetha, mulakna Dik Wasti mbiyen wegah..” Semu mbatin Lik Ndoleng munine.

“Weh, beneran ta Lik, sampeyan ora TETAK?” Takone Dalijo meneh.

“Hussh…aku manut unine Gepeng Sunarto, sing penting kuwi njaga kesehatan..Lan uga TETAK ing bab spiritual” Semaure Lik Ndoleng sajak sok wicaksana.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH