Minggu
Kliwon 24 Januari 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Yunus
3 :1-5
Jabur
62 :5-12
1
Korinta 7 :29-31
Markus
1 :14-20
“Banjur padha didhawuhi Gusti Yesus
mangkene: “Ayo, padha melua Aku, kowe bakal Dakdadekake tukang golek uwong.” Sakarone
nuli enggal-enggal ninggal jalane lan ndherekake Panjenengane.” Markus 1:17-18
MEGURU
kuwi asale saka tembung lingga “guru”, sing tegese pawongan kang bisa menehi
piwulang, dene ujud’e piwulang kuwi isa
apik lan uga ora apik. Saka lingga “guru” kuwi njur isa dadi pirang-pirang
tembung, isa paguron sing tegese papan sinau marang guru lan uga MEGURU, sing tegese melu
pawongan sing dipercaya isa dadi guru, ya guru bab kawruhing urip uga guru bab
ulah kanuragan. Dadi cekak aose, MEGURU kuwi
tumindak kang kanthi sadhar dilakoni amarga nduweni krenteg neng ati
pengen nampa kawruh lan uga kakuwataning urip. Dadi, MEGURU kuwi sejatine sing
butuh dudu guru, ananging (calon) murid.
Crita
neng Injil Markus bab 1 kang dadi wacan dina minggu kliwon iki isa dadi kaca
benggalaning urip, tumrap sapa wae sing jarene “murid’e Gusti Yesus”. Yen neng
crita Kitab Suci, nalika Gusti tindak lan pirsa ana pawongan kang nembe
makarya, njur ditimbali,diajak nderekne Panjengane, wong-wong kuwi ora
semaya,apa meneh selak,langsung nderek lan nderekae Gusti. Kira-kira kok isa
kaya mengkono kuwi nalare kepiye ya? Mbokmenawa gegambaran iki isa dingo mbandingake,
cikben luwih mayar mangerteni. Jaman biyen, oeh wong pengen nggolek “kasekten”,
mula wani jajah praja milangkori nggolek guru sekti. Nalika entuk kabar ana
guru sekti, sanadyan adohe ngeram, mesti diparani, amarga butuh. Yen ing jaman
saiki, ya memper bocah nggolek sekolahan, mokal nggolek sekolahan sing ora
apik,sing mung ceng-cengpo. Mesti nggolek sing paporit, sanadyan larang lan
papane adoh. Kuwi kabeh klakon, amarga butuh arep sinau,arep MEGURU. Yen wong
butuh kuwi mesti nggoleki, mokal lali utawa nglali.
Lha
yen saiki gegambaran ing ndhuwur dipapanake bab “MEGURU” marang Gusti Yesus?
Neng Kitab Injil, Simon, Andreas, Yokanan,Yakobus nalika ditimbali Gusti
langsung “njranthal”, kuwi amarga padha mbutuhake Gusti, mula ya kabeh
ditinggal. Ing jaman saiki kira-kira jik isa klakon pora ya? Angel! Lha saiki
wis padha Gerang mbongkang wae, nyang nggreja sing dipercaya minangka cara
ngrumati keslametan wae jik kaya cah cilik, kudu dielak-elikake wae. Saiki
sanadyan wis Gerang bongkang, nyang nggrejam mung datnyeng, malah kala-kala
nyalahake “Liyan”, jian pora nggregetake kae. Kuwi kabeh bisane klakon amarga
ora mapanake Gusti minangka Guruning
Kauripan, mula ya ora mraktekake MEGURU. Ngabekti mung patut-patute, mangkat
neng nggreja njur turu nglipus,tangi-tangi bareng krungu tembung AMIN!
“Ayo
mangkat Lik” Unine Dalijo, neng Lik Ndoleng, nalika minggu esuk kuwi cecawis
arepngabekti neng greja.
“Mangkata
sik Jo, aku arep mangkat jam sanga” Semaure Lik Ndoleng saka njero kamar, sajak
jik kemulan, ketara seka swarane.
“E…yowis,
tak mangkat ndisik Lik”, Dalijo arepnganggo sepatu bulug’e, meh mangkat, njur
Iin ya meh mangkat, nakoni Dalijo.
“Lha
paklik ramangkat ta kang?”
“Jare
ngko jam sanga”
“Haiyahh…ngko
jam sanga palinga ditakoni wis mangkat esuk jam pitu..cen racetha paklik ki”
Iin muni, sajak nesuu.
“Ora
apa-apa In, paklik mbokmenawa rung rumangsa butuh piwulange Gusti, mula dipeksa
kaya ngapa ya angel. Yen butuh piwulange Gusti, kuwi tegese MEGURU, kaya
critane Injil markus ing dina iki kae lho. Paklik kuwi neng nggreja mung arep
ketemu Yu Wasti,lha ndelalah Yu Wasti ra mangkat,merga tilik mertuane neng
Mbrengkut” Muni ngono, Dalijo diserok-serokne,lan keprungu Lik Ndoleng.
“Jindullllll…jik
ngrasani aku cah loro kae….” Batine Lik Ndoleng.
Mba
Tidak ada komentar:
Posting Komentar