Jumat, 29 Januari 2021

NGGATEK’AKE

 

Jemuah Kliwon 29 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Pangandharing Toret 12 :28-32

Jabur 111

Wahyu 2 :12-17

Gatekna temenan apa kang dakprentahake marang kowe, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha ginanjara slamet ing salawas-lawase, marga kowe nglakoni apa kang becik lan bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.” Pangandharing Toret 12 :28

 

NGGATEK’AKE kuwi sawijining pakaryan kang sejatine ora mbutuhake energy sing linuwih, ananging arang wong sing isa nglakoni kanthi bener lan pener. NGGATEK’AKE kuwi tumindak kanthi permana nggunakake kabeh indraning panguripan supaya isa mangerteni pas karo kang kinarepake. NGGATEK’AKE kuwi biasane migunakne pangrungon,pangrasa lan panyawang supaya bisane mangerti kanthi bener lan pener. Yen sing digatekake swara, pangrungon sing paling pokok, sing sing digatekake rasa ya pangrasa sing paling utama lan nalika sing digatekake sesawangan, ya panyawang sing dadi undheraning gawe. Sepisan meneh, ancase NGGATEK’AKE kuwi supaya isa mangerteni kanthi sampurna apa kang digatekake.




 

Ing Kitab Pangandharing Toret dicritakake bab kepiye piwelinge Gusti Allah supaya menungsa isa NGGATEK’AKE kabeh kang dadi prentahe Gusti Allah. Menungsa dinawuhan NGGATEK’AKE kanthi temenan, supaya anak-putu dalah tedak turune ginanjar keslametan ing saklawas-lawase. Saka piweling iki uga isa dipethik piwulang saka sisih sewalike, yaiku yen nganti ora NGGATEK’AKE, mesti padha ora nampa keslametan. Apa ta lantarane Gusti Allah maringi piweling kang kaya mangkono kuwi? Kabeh amarga menungsa kuwi angel yen dikon NGGATEK’AKE, senenge mung sakarepe dewe,sakmareme dewe,sakepenake dewe. Yen ora NGGATEK’AKE baba pa wae, tangeh lamun isa ngayahi gawean, lha arep nglakoni apa wong ora ngerti babarblas.

 

Ora mung ing jamane nabi Musa Gusti Allah meling supaya menungsa isa NGGATEK’AKE bab pangandikane Gusti. Ing jaman saiki semono uga, ananging yakuwi mau,arang sing gelem NGGATEK’AKE, amarga mung senenge nggugu karepe dewe. Sawangane mangkat neng nggreja,ngibadah, ananging durung mesti NGGATEK’AKE apa kang dadi pangandikane Gusti lumantar kotbah utawa renungan. Lha kepiye arep NGGATEK’AKE, lha tekan papan pangibadah njur turu angler lan tangi-tangi nalika krungu tembung AMIN, saka speaker’e sing swarane jian ora kepenak kae. Mulane aja padha nyepelke lek bab NGGATEK’AKE, yen durung isa nglakoni,sinauo bab NGGATEK’AKE. Carane ora usah ndakik-ndakik, maca BENINGE EMBUN ESUK lan dipethik apa kang apik kanggo panguripan, lha basane ya sederhanane ngeram, basa padinan. Yen karo BENINGE EMBUN ESUK wae babarblas ora isa sinau NGGATEK’AKE, utawa malah radigatekne babarblas, yawis, walaualam…

“Leng, jik kelingan ora kotbah dek dina minggu kepungkur? Aku kok lali ya..” Unine wak’ane Solebo nalika nembe teka neng Cakruk Sor Talok, nakoni Lik Ndoleng sing wis nyengkruk sinambi nglinthing, merga kenthekan udud.

“Oalah Booo, jebul awakmu kuwi lalen. Lagi dek minggu wingi wae wis ora eling..Mula yen ngibadah kuwi aja mung ngorok” Semaure Lik Ndoleng.

“Nyat iya gek Leng, aku ngantuk banget dek minggu wingi kuwi. Lha mbok wedok ngajak “nglembur”, mumpung bocah-bocah neng mae mbahe” Semaure wak’ane Solebo, sinambi nyumet jisamsune.

“Gek watakanmu ya imbah-imbuh wae Bo, wong bojomu jik moblong-moblong kaya ngana..”Unine Lik Ndoleng.

“Jrett, malah tekan bojoku. Jik eling ra kotbahe dek minggu wingi?!” Wak’ane Solebo sajak rada erosi.

“Weh, iki rebutan apa Lik, Wo, kok jik wong loro wis ramene kaya swarane Jangkrik Jlitheng” Iin, nyuguhi kopi, wis patang nggelas, sanadyan Pakde Kento lan Dalijo, “para penghuni cakruk” durung ketok.

“Iki lho In, Solebo lali kotbahe ndek minggu wingi, runganti seminggu wis lali njur arep nglakoni apa jal..” Unine Lik Ndoleng.

“Oalahh..aku ya lali lho wo, tenin..yakin mbolokin..Kowe eling Lik?” Unine Iin.

“Weladalah..lha wong lagi limangndina wae kok…ya jelas…a..”Durung rampung olehe Lik Ndoleng nyauri, ketungka tekane Dalijo, sajak seka kebon Porange.

“Takrungokne kawit seka Watumrangas kok ramene ngeram, kayane ngrembug bab kotbah minggu wingi ya? Aku kok ya lali..” Dalijo melu rembugan bab kotbah minggu kepungkur.

“Oalahhh..jebul kabeh lali…bangbayikkkk…” Sajak ngece Lik Ndoleng anggone menehi wangsulan, njur njedul Pakde Kento.

“Lha apa ta Leng Kotbah ndek minggu?” Takone Pakde Kento.

“Weh, anu..To, hmmm..anu…kuwi lho bab sing apik pokok’e..hmmm” Plegak-pleguk Lik Ndoleng olehe semaur.

“Lhaaa rak tenan ta, jebul kowe ya lali Leng. Mula ta mula, yen ngibadah sing pada NGGATEK’AKE, aja mung sakarepe dewe. Klebu kowe Leng..” Ngendikane Pakde Kento.

“Anu, aku luwih seneng ngabekti tinimbang ngibadah…yo pora Jo?” Lik Ndoleng sajak entuk srana njarak Dalijo.

“Jindul, cah tuwek siji iki ngajak bithen..”Batine Dalijo.

 

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH