Kamis, 07 Januari 2021

PIRANTI

 

Kemis Pon 7 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 3 :1-21, Jabur 29, Para Rasul 9 : 10-19a

Ewadene Gusti ngandika: “Wis, sira mangkata, jalaran wong iki piranti pilihaningSun kanggo martakake asmaningSun marang bangsa-bangsa liya sarta para raja lan wong-wong Israel.” Para RAsul 9:15

 

PIRANTI kuwi basa liyane alat, sing gunane ya minangka srana kanggo ngayahi ayahan ben luwih lancar lan apik. Sanadyan tanpa PIRANTI ya sejatine gawean kuwi isa kelakon, ananging yen nggunakne PIRANTI rinasa luwih prayoga. PIRANTI kuwi isane nduweni pungsi ya nalika diguna’ake, tangeh lamun PIRANTI isa migunani yen ora diguna’ake. Sakapik-apik’e PIRANTI, yen ora digunaake ya muspra, ora ana gunane.


Ana pangandikane Gusti kang tinulis neng Para Rasul 9 ayat 15, neng kono disinggung bab PIRANTI, eling lho ya dudu Priyanti..hehe.. Dene lelakone mangkene, ana sawijining wong kang kinaranan Ananias, deweke wong mursid, ndilalah nampa wangsit dinawuhan lunga neng Tarsus, dinawuhan mbabtis pawongan. Bab mbabtis kuwi sejatine ora masalah abot tumrap Ananias, ananging dadi rinasa abot nalika ngerti sapa sing kudu dibabtis, yakuwi gentho seka Yerusalem, Saulus. Ngerti kang kaya mangkono kuwi, Ananias meh enda,moh ngayahi gawean kuwi. Ananging Gusti maringi pangandika, yen si gentho Yerusalem, si Saulus kuwi arep didadekne PIRANTI kanggo Gusti. Ngerti kang kaya mengkono, Ananias njur luwih manteb ngayahi ayahan peparinge Gusti.

 POTONE YU WASTI LAN LIK NDOLENG

Saka crita ing ndhuwur, isa dipethik pasinaon yen kersane Gusti kuwi ora isa dipenggak. Sepira sangare pawongan, yen wis kinersakake dening Gusti, mesti dadi PIRANTI sing apik. Mula saka kuwi, yen nampa timbalan saka Gusti, mbuh lumantar apa wae, aja mbok tampik, aja mbok endani..ananging tampanana kanthi bungah, rasah wedi amarga menungsa kuwi mung saderma PIRANTI. Mosok PIRANTI arep maneni sing nganggo? Uga kudu dieling, PIRANTI kuwi mung migunani nalika dikanggokne..

 

“Nggawe apa kuwi Jo?” Takone Lik Ndoleng, nlika esuk kuwi meruhi Dalijo nembe sengkut ngrumati kompos neng mbritane.

“Iki lho Lik, srinthil wedus, suket,lan amubarang kang seprene ora dikanggone, arep takolah dadi rabuk kompos, nggo ngrabuk Porangku..”Semaure Dalijo sareh, njur nyedaki wisuhan,lan wisuh, bubar kuwi nyedak triris cedak omah.

“Lha pora aluwung tuku rabuk,mayar,rarepot lan reget..” Unine Lik Ndoleng.

“Bener Lik, rabuk tukon kuwi luwih mayar,sanadyan ana regane. Ananging aku arep manpaatke apa wae sing isa dimanpaatke, ben isa dadi PIRANTI kanggo apik’e kahanan..” Semaure Dalijo.

“Kuwi Lik, dirungokne, Kang Dal kuwi kreatif, manpaatke apa wae kanggo PIRANTI srana apik’e kahanan. Aja kaya sampeyan, isane mung mapaatke kesempatan nggo njawil yu Wasti” Iin melu rembugan, nalika liwat seka ngumbahi neng Kali Dungplatar.

“Dusss!!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH