Jumat, 15 Januari 2021

NDENDHENG

 

Jemuah Legi, 15 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Para Hakim 2 :16-23

Jabur 139 :1-6,13-18

Para Rasul 13 :16-25

 Saben-saben manawa Sang Yehuwah njumenengake hakim ana ing antarane, Sang Yehuwah banjur nunggil karo hakim itu sarta ngluwari umate saka ing tanganing mungsuhe, salawase sugenge hakim mau, amarga Sang Yehuwah welas midhangetake pasambate, kang awit saka wong kang padha gawe rupeke lan nindhes. Para Hakim 2:18

 Tembung NDENDHENG kuwi klebu tembung sing ora popular, sanadyan manut tegese ya uakehe pol wong sing polahe kaya mengkene iki. NDENDHENG kuwi basa jawa khas Wonogiren, kuwi wae sisih kidul poncot kulon, pernahe daerah ngiromokonan. Dene tegese NDENDHENG kuwi kurang luwih meh pada NDABLEG, ananging amarga jejer ndableg wis nate kanggo dina setu pon wolulas mei 2019, mula ya ing dina iki nganggo jejer bedha, ben sing maca ora sujana, kok jejere okeh sing padha, sanadyan aku yakin mbolokin yen ora okih sing kritis tur kreatif. Lha wong gari macaw ae kalane jik maido kedawan, kamangka mung gari maca, apa meneh kon nulis, biyuhhh…Weh, malah nglantur, mbalik neng bab NDENDHENG, pokoke kuwi gegambaran watak lan polah menungsa sing angel diatur, malah seneng ngatur wong yen isa Gusti Allah wae arep diatur..hehe,angel dikandani utawa mung sakarepe dewe. Sing tersinggung nalika maca iki rasah terusake wae..hehe.




 

Polah NDENDHENG kuwi nate dicritakake neng KItab Suci, pernahe neng Para Hakim 2 ayat 16-23. Neng kana tinulis yen sanadya bangsa ngisrael kuwi kerep dirampog lan dibegal, ananging Gusti Allah tansah nulungi lumantar miji jejere Hakim, ananging sakwise masalahe ilang,ya njur lali lan mbalik meneh matrap urip sing NDENDHENG poll. Kahanan kuwi bola-bali kaya dolanan “yoyo” kae, ya munggah, ya mudun.Yen nembe rekasa, sambat ngaru-ara marang Gusti Allah, sok semuci-suci, solah nggaya solehe ngeram, njur ditulungi Gusti lumantar njejjeg’ake Hakim kang kinati deneing Gusti. Sakwise masalahe rampung lan uripe rinasa luwih kepenak, njur lali marang Gusti, Hakime ora diajeni meneh, sanadyan nalika rekasa lan butuh sajak ngemis-ngemis njaluk tulung. Pokok’e polahe bangsa ngisrael kuwi nggregetke tenan, jare wong sepuh “Luput Cinatur”.

 

Nalika mangerti bab polahe bangsa ngisrael ing jamane para Hakim, mbokmenawa ana sing maca tulisan iki njur nduwe panduga ala, kuwi lumrah. Ananging aja kebablasen anggone nduweni panduga ala,ananging isa wae sakjane lelakone bangsa ngisrael kuwi ya gegambarane menungsa ing jaman saiki, luwih penere warga greja. Nalika rumangsa ora butuh, biyuhh cueke raukur. Ananging nalika mbutuhake, biyuh…lagake sopane ngeram, alus tur munduk-munduk, ngko yen wis rampung butuhe, palinga ya ora merduli meneh. Cen jindull nan og..hehe.

“Seka ngendi Jo, kok tumben rapi?” Takone Lik Ndoleng.

“Seka sowan daleme mbah’e, ..” Semaure Dalijo sareh, njur lungguh lan nyumet MLDne.

“Lha iyo, kok kayane ora ana perkara wigati, kok sowan “mbahe” ta kang? “ Iin melu takon merga ya bingung.

“Ya mung sonjo, sowan wae sinartan atur panuwun..merga berkahe Gusti neng uripku iki” Semaure Dalijo sinambi merem-merem merga ngrasakne MLDne.

“Lha nalarmu kuwi piye Jo, kok sowan “mbahe” ananging ora ana kahanan “mirunggan”, aja ngowah-owahi adat Jo!! Rabecik!” Lik Ndoleng sajak rada kesinggung.

“Sing takowahi kuwi adat sing ora bener Lik, Lha ngapa kaya sampeyan kuwi, sowan “mbahe” yen mung arep duwe butuh, bar kuwi babarblas, malah mung nyangkem,maido wae,ngrasani.n rasumbut Lik, kuwi kaya wong Israel jaman para Hakim, apik karo Gusti Allah mung neng nalika butuh, sowan mung nalika rumangsa nampa berkah mirunggan, kamangka kabeh kuwi berkah mirunggan. Jale, wis ping pira awakmu “sowan mbahe?”, ratahu blas ta? Cen NDENDHENG kowe kuwi Lik..” Dalijo malah emosine mumbul kaya plembungan kisenan karbit, dene Lik Ndoleng mung kukur-kukur sirah sing rambute mung patang las, merga ya rumangsa, babarblas ratahu “sowan mbahe”.

 

gnelodn kiL

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH