Minggu, 31 Januari 2021

SANDHUNGAN

 

Minggu Pahing 31 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Pangandharing Toret 18 :15-20

Jabur 111

1 Korinta 8 :1-13

Markus 1 :21-28

Pangan iku ora njalari kita saya cedhak karo Gusti Allah. Kita padha ora kapitunan apa-apa manawa ora mangan, lan ora bathi apa-apa manawa kita padha mangan.” Nanging poma kowe padha diawas, aja nganti wewenangmu iku dadi sandhungan tumrap wong kang padha ringkih.” 1 Korinta 8 : 8-9

 

Tembung SANDHUNGAN kuwi linggane Sandhung, sing tegese mung sadrema barang. Saka tembung Sandhung kuwi mau isa dadi pirang-pirang tembung sing tegese uga isa beda ing antarane siji lan sijine. Ana tembung Kesandhung, sing tegese nerak utawa nabrak samubarang lan isa ndadekne tatu, ana tembung SANDHUNGAN sing tegese isa marakne liyan Kesandhung. Ing antarane tembung SANDHUNGAN lan Kesandhung kuwi sejatine ana gandeng-cenenge, mokal klakon ana sing Kesandhung nalika ora ana SANDHUNGAN, ananging sanadyan ana SANDHUNGAN, mokal ana sing Kesandhung nalika isa urip mawas-diri lan wicaksana. Dadine, tangeh lamun ana sing Kesandhung sanadyan ana SANDHUNGAN nalika menungsa kabeh mawas-diri lan wicaksana.

 

Bab SANDHUNGAN kuwi nate diwulangake dening rasul Paulus, mligine kanggo pasamuan neng kutha Korinta. Kutha Korinta kuwi kutha gede ing jamane rasul Paulus, isa diarani “metropolitan”, mulane ya sing manggon wong okehe ngeram lan uga saka pirang-pirang bangsa lan budaya. Kahanan kang “kompleks” kaya mengkono kuwi isa ndadekake cengkah lan pasulayan ing samubarang. Ndilalah pasamuan ing Korinta wektu kuwi lagek “engkel-engkelan” bab  panganan. Ana sing nduweni kawruh yen apa wae kena dipangan, merga kuwi titahe Gusti. Ananging ana uga sing nduweni penemu yen ora kabeh panganan olih dipangan, jarene karam po ngono. engkel-engkelane kayane rame banget, mula  rasul Paulus njur ngelikake, supaya ora njur udrek-udrekan. Inti saka piwulange rasul Paulus kuwi sederhana, bab panganan kuwi kabeh kinersakne dening Gusti, ananging yen ana sing nduweni penemu oleh lan ora bab dipangan, rasul Paulus mbelani kabeh pihak.

 

Sing rumangsa kabeh isa dipangan ya dipangan wae, ananging aja ngolok-olok sing nduweni penemu sing ora kabeh panganan isa dipangan. Sakliyane kuwi, rasul Paulus uga memulang supaya bab beda penemu kuwi aja ngasi dadi SANDHUNGAN ing antarane siji lan sijine. Kabeh kudu isa mangerteni kahanane liyan, supaya ora ana sing Kesandhung, sanadyan ya pancen ana SANDHUNGAN. Intine, urip kuwi ora mungkin sragam, uga tangeh lamun ora ana SANDHUNGAN, sing penting dingati-ati  cikben ora Kesandhung ing baba pa wae.

 

“Wingi awan aku disindir bojomu Wak’ane, kok BENINGE EMBUN ESUK ora netes apa kudanan ta Jo?” Ngono Dalijo miwiti jejagongan neng Cakruk sor Talok.

“Weh, lha pancen iya gek Jo, esuk-esuk bar nggawekne aku kopi lan ngelus-elus pipiku, klesak-klesik, iki BENINGE EMBUN ESUK po ora netes ya Say..ngono Gek..mesrane ngeram bojoku kuwi “, Muni ngono Wak’ane Solebo sinambi nglepus jisamsune lan uga nglirik Lik Ndoleng.

“Dusss..rasah pamer Bo..takakoni yen bojomu pancen mimpluh-mimpluh…Trinil bojoku blass renek etele..

“Haiyahh..baper Lik sampeyan kuwi…aku sing jik njomblo wae woles…” Dalijo melu semaur sinambi nyumet MLDne, lan mbacutake rembugane.

“Aku takon mbah’e, jebul wis kawit jam papat esuk netes, ananging ora diuncalake neng grup WA, kon do mbukak panggonane asline” Dalijo menehe katrangan.

“Ora baper Jo, ananging Solebo pamer dieus-elus bojone gek…aku lakyo kemropok..” Semaure Lik Ndoleng.

“Mangkane Lik, kae mbokcilik Trinil ya disayang-sayang, dielus-elus..ben mesra..ora mung mikir yu Wasti wae..” Iin njedul,nggawa kopi lan melu nyemes Lik Ndoleng.

“Dusss..cah siji iki mesti nyoal-nyael yen ana sing rembugan..” Unine Lik Ndoleng.

“Ngene wae Leng, lus-lusen Trinil, bayangna Wasti..mesti esip….joss” Wak’ane Solebo nambahi Lik Ndoleng merkitik.

“Lambemu Bo, malah nambahi mumet sliramu kuwi..” Njenggureng Lik Ndoleng nyauri rembugane wak’ane Solebo.

“Wis..wis, aja padha regejegan. Yen Pakde Solebo isa mesra karo bojone, aja padha meri, yen awakmu ora isa semesra pakde Solebo, ya trimanen..uga yen Dalijo jik njomblo..tampa wae..Aja dadi SANDHUNGAN ing antarane siji lan sijine, ben ora ana sing Kesandhung…” Unine Pakde Kento sing lungguh neng pojokan, ananging lali retsletinge durung dibenekne, mbuh ben isis yak’e..

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH