Rabu, 06 Januari 2021

MLETHEK

 Rebo Pahing 6 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 60 :1-6

Jabur 72 :1-7,10-14

Efesus 3 :1-12

Matius 2 :1-12

“Ngadega dadia pepadhang, sabab padhangira teka, lan kamulyaning Sang Yehuwah mletheki sira. Awit lah pepeteng nglimputi bumi, tuwin palimengan nutupi bangsa-bangsa; nanging pepadhanging Pangeran Yehuwah mletheki sira, sarta kamulyane katingal mayungi sira.” Yesaya 60:1-2


MLETHEK kuwi kahanan, yakuwi kahanane sabarang apa wae kang wus ora wutuh meneh. Ananging kudu dimangerteni yen bab MLETHEK kuwi ora kabeh ngemu  teges alautawa negatip, amarga ya ana (lan malah okeh) sing nduweni arti apik utawa positip. Yen sing MLETHEK kuwi srengenge, merga wong ndesa njaman mbiyen bab srengenge MLETHEK kuwi isa dadi titikan yen dina wis meh awan lan bengine rampung, yen sing MLETHEK kuwi who randu ya minangka kabar apik,amarga minangka tanda yen wayahe panen. Ananging yen sing MLETHEK kuwi tembok utawa jogan sing diasangi keramik utawa jobin, kuwi minangka kabar yen wis wancine ndandani.


Ana piwulange Kitab Suci sing ngrembug bab MLETHEK, yakuwi neng Kitab Yesaya. Neng kana sinebut yen menungsa kudu ndang “ngadeg” murih dadi pepadhang, amarga kamulyaning Sang Yehuwah wis MLETHEK’I, sing tegese wis tumeka lan dumunung ana ing uripe para menungsa kabeh, klebu sing maca tulisan iki lho ya.. Pangandikane Gusti neng Kitab Yesaya iki cetha, supaya menungsa eling, yen sejatine wis binerkahan pepadhang ing sakjroning uripe, mulane ya kudu kabuktekake. Dene carane mbuktekake yen pepadhang kuwi jian wis MLETHEK temenan, ya mung lumantar tumindak apik lan marakne satitah kabeh bungah lan kuwi isa marakne titah kabeh memuji lan manembah marang Gusti Allah.


Mula saka kuwi, sakwise eling amarga maca BENINGE EMBUN ESUK, sing dina iki kawanan merga karipan simbahe,mugane sing apik, kabeh isa ndang mbuktekake yen kadunungan pepadhang saka Gusti Allah. Payo padha MLETHEK’ake pepadhange Gusti Allah lumantar tumindak apik, lumantar lung-tinulung  lan sangkul sinangkul supaya kahanane njagad iki sing jik dikupengi si Topik songolas ndang ngrasakake pangrumate Gusti Allah.


“Seka ngendi Lik?” Takone Dalijo neng Lik Ndoleng, nalika sore kuwi ketok Lik Ndoleng mlaku saka wetan.

“Seka Warung” Wangsulane Lik Ndoleng cekak, sinambi menehi MLD neng Dalijo.

“Weh matur tengkiyu ya Lik..ngepasi aku kentekan gek..”Semaure Dalijo, sinambi nggeser linggihe, merga meh nggo liwat Lik Ndoleng. Lan ngepasi kuwi Iin njedul, nggawa kopi lan gedang goring.

“Weh, jare kenthekan MLD kang, kok kuwi nduwe jik wutuh?” Takone IIn.

:Ditukokne Paklik In, kamangka aku ora ngakon..jian..”Unine Dalijo,sinambi nglirik Lik Ndoleng sing mesam-mesam sajak bungah banget.

“Ealahhhhh…lha kok bajekno MLETHEK Lik sampeyan? Entuk wangsit seka ngendi?” TAkone IIn.

“Tumindak apik mbingungi, ora apik dirasani..jian! Iki merga aku entuk pepadhang saka Gusti In..”Wangsulane Lik Ndoleng.

“Lha aja-aja kuwi MLD ngutang warunge Yu Wasti?” Takone IIn..

“Hmmm..dusss..kok ora percaya..Aku tuku neng warunge Guntur, ora warunge Wasti” Semaure Lik Ndoleng.

“Wis..wis, rasah engkel-engkelan, sing penting aku entuk MLD lan paklik wis MLETHEK babagan loma ing urip” Dalijo nyeramahi, jian kaya wong sing klambine ana putih-putihe neng nggulu.


mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH