Jumat, 08 Januari 2021

GESEH

 

Jemuah Wage 8 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 16 :1-13

Jabur 18

1 Timotius 4 : 1-16

Bareng padha lumebu, Nabi Samuel mirsani marang Eliab banjur mosik: “Lah wong kang bakal jinebadan saiki ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.” Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.” 1 Samuel 16 : 6-7

 

GESEH kuwi isa diartekne kahanan kang ora padha utawa bedha, ananging  ora isa kabeh kang beda kinaranan GESEH. Sing diarani GESEH kuwi kurang luwih nalika ana sing nduweni kekarepan, njur konkonan liyan supaya ngapayakne kekarepane kelakon. Ananging nalika sing dikongkon mau rumangsane wis ngayahi jejibahane, jebule ora padha karo kekarepane sing ngongkon, kuwi kang kinaranan GESEH.

 

Ana crita neng Kitab Suci bab GESEH, yakuwi nalika jamane ngisrael wiwit nduweni raja. Nalika iku sing jumeneng raja Prabu Saul, ananging amarga “kurang sajen” njur ora manut marang Sang Yehuwah, mula lumantar nabi Samuel Sang Yehuwah kagungan kersa njugarake Saul. Kanggo nggenteni kalungguhane nalendra, Gusti Allah nimbali lan ndhawuhi nabi Samuel, mulane njur tindak menyang Bethlekhem saperlu nggolek wong sing isa didadekne raja. Bener wae, nalika nganaake pangibadhah, njur ana pawongan putrane Isai sing mlebu. Pirsa dedeg-Piadeg’e sing jian nggumunake kuwi, nabi Samuel ngrasa yen kuwi sing piniji dadi ratu njugarake Saul. Ananging jebule pangiane nabi Samuel GESEH karo kersane Gusti. Nabi Samuel dielikake, lan manut, amarga ana neng pamawase Sang Yehuwah, apa kang sinawang manungsa apik kuwi durung temtu atine ya apik. Sanadyan karepe nabi Samuel GESEH karo kersane Sang Yehuwah, ananging nabi Samuel ora nesu, ora ngamuk, ora mutung..tetep ngayahi ayahan peparinge Sang Yehuwah.

 


Bab GESEH kuwi ora mung neng jamane nabi Samuel, ing jaman saiki bab GESEH kuwi okehe ngeram, jare wong wonogiri “nggladeg”. Amarga jik okeh tinemu bab GESEH ing bab kekarepane menungsa karo kersane Gusti Allah, ayo pada nuladha nabi Samuel, tetep manut lan ora mutungan. Yen mbok menawa wae sing maca iki ana sing nate ngalami GESEH karo liyan, karo kersane Gusti, hayo…ora pareng nesu..mengko yen nesu malah GESEH lho perbawane, amarga menungsa kuwi tinitahake apik, aja nganti katon ala, kuwi jenenge GESEH..

 

“ Jo, ngandi Iin mau ya, jare neng warung kok meh sedina muput?” Takone Lik Ndoleng.

“Palingo ngobrol karo Yu Wasti Lik..” Semuare Dalijo, sinambi nyumet MLDne.

“Biyuh, apa ndadak tekan warunge Wasti, wong mung meh tuku uyah, karo aku nitip mbako..?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Haiyah, sampeyan wae tuku udud sak-ler wae direwangi tekan warunge Yu Wasti, saiki Iin mrana ndadak mbok paido Lik..”Unine Dalijo lan bebarengan karo kuwi, Iin njedul lan menehake udud marang Lik Ndoleng.

“Weh, tik iki udud’e In? Aku ora pesen iki!!!” Pambengok’e Lik Ndoleng.

“Haiyah, sing penting udud Lik sepurane, aku ngertiku kuwi..”Wangsulane IIn.

“Iki sing kinaranan mbah’e GESEH. Akonku tuku  “A” malah ditukokne “G”,, Apesss..apess” Unine Lik Ndoleng.

“Sssstt..sareh Lik, udud kuwi mau wis dielus-elus lan diambung Yu Wasti..”Muni ngono Iin langsung mlebu omah lan Lik Ndoleng mung kaya padatan, nesu lan misuh sanadyan mung dibatin.

“Jindulllll….”

 

mbahe..

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH