Senin, 25 Januari 2021

MINGKET

 

Senen Legi 25 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 12 :1-9

Jabur 46

1 Korinta 7 :17-24

Sang Yehuwah dhawuh marang Rama Abram: “Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira, menyanga ing nagara kang bakal Suntedahake marang sira. Rama Abram tumuli bidhal netepi apa kang didhawuhake dening Sang Yehuwah, sarta Lut ndherek. Rama Abram nalika bidhal saka Haran yuswane pitung puluh lima tahun.

Purwaning Dumadi 12 :1,4

 

MINGKET kuwi tembung sing ngemu tegese pindah saka papan panggonan wiwitan. Dene bab adoh apa cedak olehe pindah, kuwi ora dadi masalah, sing baku tembung MINGKET kuwi tegese pindah panggonan. Pancen ora kleru yen ana sing nduweni penemu, sing diarani MINGKET kuwi pindah papan kang ora adoh, kayata saka papan lungguh neng kursi siji menyang kursi liyane, kang jik ana ing sakjroning ruangan, ananging ing perkembangane tembung MINGKET kuwi ya kaya tembung-tembung liyane, isa nduweni “makna denotatif” lan uga nduweni “makna konotatif”. Bab apa tegese  deno lank ono tatif, sesuk awan dolan wae mae Dalijo, mung cukup nggawa MLD sebungkus. Hehe..

 

Ana crita neng Kitab Suci, cethane neng Purwaning Dumadi, kang menehi pangerten bab MINGKET. Ing Kitab kuwi dicritakake bab brayate rama Abram (Jenenge rung ganti) kang sejatine (kayane) wis makmur, amarga nduweni banda kang okehe ngeram. Ananging sajake klakon regejegan karo dulur-dulure, njur kepengin lunga menyang papan liya. Dene  lungane menyang papan liya  kuwi dipercaya amarga dhawuh saka Gusti Allah, bab wujud’e dhawuh kuwi kaya ngapa, angel dimangerteni, mung saka lapurane kitab Purwaning Dumadi isa disinaoni. Neng kitab kuwi dicritakake yen rama Abram tinimbalan, kon lunga. Didhawuhi ninggal sedulure,bapakne tumuju papan kang durung cetha. Wektu kuwi rama Abram durung duwe anak, lan sajake nampa wangsit saka Gusti kuwi dadi pancatan anggone rama Abram ndang MINGKET saka papan panggonan kawitan.

 



Liding crita, rama Abram wani nampa timbalane Gusti, njur MINGKET saka papan kawitane menyang papan kang durung dimangerteni babarblas. Ing kene sing dadi garaning laku mung rasa percaya marang batine, amarga ing sakjroning batin kuwi mau Gusti Allah kang awujud roh makuwon. Rama Abram MINGKET, wani ninggal sabarang kang nate dadi darbek’e, ninggal kenangan, ninggal lemah papan wutahing getihe, ninggal bapa-biyunge, lan ninggal liya-liyane. Kuwi perkara sing  ora gampang. Saka critane rama Abram sing wani nampa timbalan njur MINGKET, iki isa dadi pasinaon bab patraping urip, mligine ana ing bab kapercayan utawa iman. Ora sithik wong sing wegah MINGKET saka papan uripe sing lawas, merga dirasakne kepenak,sanadyan ing kono kebak tengu lan tinggi. Mbokmenawa sing maca tulisan iki ya emoh MINGKET saka papane urip lawas, amarga rumangsane kepenak,sanadyan sejatine ing kono kebak panerak. Mulane, sinau saka rama Abram sing wani MINGKET kanggo netepi timbalaning percaya lan uga kanggo nggayuh kauripan sing luwih mulya, ayo ndang MINGKET. Sing maune pelit ya sing loma, sing maune males ya sing sregep, sing maune nesunan lan raine kaya Jentrung ngemut es krim ya ndang mesem lan sakpanunggalne, ben jagad sansaya nemahi tentrem lan rahayu.

 

“Ngapa Jo, nyawang HP kok mesam-mesem dewe?” Takone Lik Ndoleng.

“Lha mesem apa ndadak diesemke ta Lik?” Takone Dalijo.

“Weh, ditakoni wong tuwa malah njarak, maca apa sejatine awakmu kuwi?” Takone Lik Ndoleng sajak pengnangsaran.

“Iki lho, mbahe nulis sing mbokmenawa cocok karo kahananmu Lik, jian mathuk nan aku” Unine Dalijo.

“Weh, aku rung mbukak gek Jo, apa isine esuk iki?” Takone Lik Ndoleng.

“Bab MINGKET. Awakmu kudu ndang MINGKET saka perbawane  Wasti Leng, ndang mope’on” Swarane Wak’ane Soleba ujug-ujug keprungu ing pojok omah, sinambi ngasah arit.

“Iyo Lik, iklasna Yu Wasti bahagia selalu karo kang Markun..rasah usil,iyik,,,marakne puyeng…”Iin melu nyoal-nyael saka njero pawon.

“Jindull..lha apa mung aku thok sing kudu MINGKET? Dalijo kuwi ya kudu MINGKET, wong aku ya paham kahanane, yo pora Jo?” Lik Ndoleng , sajak erosi lan tembunge katon nggacar, rasido ngamuk, merga ketekan Pakde Kento, njur nuturi.

“Kabeh kudu wani MINGKET, kaya piwulange dina iki. Mingket saka papan kang ora becik marang papan kang luwih becik, ngono wae welingku, selak ketheke ngentekne jagung neng prampalan king ko” Unine Pakde Kento, lan kabeh njur meneng.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH