Jemuah
Pon 22 Januari 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Yeremia
20 :7-12
Jabur
62 :5-12
2
Petrus 3 :1-7
“Kang luwih dhisik kudu koksumurupi,
yaiku manawa besuk ing dina-dina wekasan bakal ana juru-juru pamoyok kang
jumedhul memoyoki, yaiku wong kang lakune padha nuruti hawa-nepsune, sarta kang
padha duwe uni mangkene: “Endi prasetya bakal rawuhe iku? Jalaran wiwit nalika
ngajale para leluhurkita samubarang kabeh ajeg bae kaya nalika donya
dititahake.” Wong-wong iku njarag ora kapengin weruh, manawa marga saka
sabdaning Allah wiwit biyen mula wis ana langit sarta ana bumi, kang dumadine
saka banyu sarta srana banyu.” 2 Perus 3: 3-5
Mbokmenawa kabeh sing maca tulisan iki
wis dong karo tembung NJARAG, yakuwi tumindak kang disengaja, sanadyan tumrap
ing uripe ora patio migunani. Gunane tumindak NJARAG tumrap sing nglakoni ya mung
marem lan ngrasakne lega ana ing uripe, ing kene lega utawa mareme kuwi mligi
bab hawanefsu kamanungsane. Dadi tembung NJARAG kuwi artine meh kabeh negative.
Sanadyan kaya mengkono, hora sithik menungsa sing seneng ngayahi ayahan NJARAG
kuwi, sanadyan resikone ya gede. Sepisan meneh, NJARAG kuwi sawijining tumindak
kang disengaja, sanadyan manfaate ora ana.
Ana piwulang Kitab Suci kang ana
gegayutane karo bab NJARAG, yakuwi neng surate rasul Patrus bab 3, ing kana
tinulis yen okeh wong sing ngece marang piwulange Gusti lumantar Kitab Suci.
Mligi ing tulisan kuwi sing pada dipoyoki yakuwi bab dinaning wekasan. Okeh
wong sing hora percaya lan malah moyoki. Pirsa kang kaya mengkene iki, Rasul
Petrus ngelikake marang pasamuan supaya waspada, ora usah kalah karo pamoyok
kang kaya mangkono kuwi. Kabeh pamoyok kuwi dening rasul Patrus kinaranan
NJARAG pangandikane Gusti.
Ing jaman saiki ora sithik wong sing
seneng NJARAG, malah sing dijarag kuwi Gusti Allah piyambak. Ngerti yen wajibe
pasamuan kuwi ngrumati keslametane, malah mincing, ngerti yen sesuk dina minggu
malah bengine begadang,lek—lekan, njur esuke raisa tangi, kuwi kabeh isa
diarani NJARAG. Pancen kabeh kuwi pilihan, ananging ora luput yen lumantar
tulisan iki, kena kanggo srana ngelikake.
“Jo, ngandi paklikmu Ndoleng, kok
durung njedul?” Takone Wa’ane Solebo, nalika sore kuwi wis klunuh-klunuh neng gazebo
sor Talok, ndelalah padhang mbulan.
“Mbuh dhe, mau alesane meriang, arep
nglengek sik, ben luwih seger, presh jare paklik..”Semaure Dalijo sinambi
dolanan androit lan nglepus karo MLDne.
“Weh, lha jebul penyakit kuwi ana sing
cluthak ya Jo? Lha mbek Ndoleng wae doyan” Wak’ane Solebo nanggepi inpormasine
Dalijo bab Lik Ndoleng.
“Yakuwi nggumunku dhe, peruse bggragas,
doyan karo Lik Ndoleng” Semaure Dalijo , njur ketungka tekane pakde Kento, njur
nimbrung rembugan.
“Jian kepenak kuwi Markun kae lur,
poknak-piknik wae. Rungsuwe piknik erte, iki piknik sekolahan ngeterke muride,
jian joss..poll..” Unine dhe Kento, sinambi nebahi papan lungguhue.
“Weh, kang Markun piknik apa karo Yu
Wasti dhe?”Takone Iin, sinambi mlebu saka nyuci gelas wingi bengi sing rung
kober dicuci.
“Hora, Wasti lan anake ora dijak, dewe
si Markun” Wangsulane Dhe Kento.
“Waduh, brarti paklik
mang-meng,mang-meng neng kamar kae, aja-aja tilpun-tilpunan karo Yu Wasti?”
Unine Iin, njur wa’ane Solebo lan Dalijo njranthal nyedaki kamare Lik Ndoleng.
“Oalah Leng….alesanmu meriang, jebul
mung arep neng kamar, telpun-telpunan…jian poll awakmu kuwiiii!!” Unine wa’ane
Solebo sinambi nggeret tangane Lik Ndoleng dijak neng gazebo.
“Leng, aja NJARAG marang kahanan,
elinga ngendikane “mbahe” neng BENINGE MEBUN ESUK kae, NJARAG kuwi ora apik,ora
becik. Wis aja mbok terusne olehmu noleh neng Wasti” Omongane Dhe Kento sareh,
sajak mibawani.
“Dussss..sidane konagan
caahhhh..Jindulllll” Lirih Lik Ndoleng olehe muni, njur njerit kicat-kicat,
merga nyruput kopi sing jik mongah-mongah..
“Aooohh..angass..angas..angashhh..hhh”
Mbah’e
Tidak ada komentar:
Posting Komentar