Selasa, 26 Januari 2021

WIRANG

 

Selasa Pahing 26 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK


BIBIT PORANG


Purwaning Dumadi 45;25-46;7

Jabur 46

Para Rasul 5 :33-42

Para rasul padha mundur saka ing ngarsane Pradata Agama kalawan bungah, jalaran wus padha kaanggep pantes nandhang kawirangan marga saka Asma Yesus.” Para Rasul 5:41

Mbok menawa ora ana wong kang seneng nemahi kahanan WIRANG. Lha apa ta sejatine WIRANG kuwi?WIRANG kuwi kahanan kang isa marakne isin amarga tumindak kang (diwawas) ora bener lan penenr. Ananging sing kudu dimangerteni, kahanan WIRANG kuwi durung temtu ala utawa ora bener, kuwi gumantung saka “sudut pandang” wae. Saka tembung WIRANg kuwi isa dadi pirang-pirang “tembung daden”, isa nandhang WIRANG, ke-WIRANG-an, di-WIRANG-WIRANG-ake lan sakteruse. Sepisan maneh, bab WIRANG kuwi gumantung kahanan sing lumaku, amarga WIRANG tumrap golongan A durung temtu WIRANG ing golongan B.

 

Crita bab tembung WIRANG kuwi nate tinulis ing kitab Para Rasul, ing kana sakwise Gusti Yesus mekrad menyang Swarga, njur para rasul diwenehi kasekten. Amarga nduweni kasekten sing jos-gandos nganti kotos-kotos kuwi, para rasul njur nduweni kekendelan memulang bab Gusti Yesus. Ananging ora kabeh gelem nampa piwulang kuwi, okeh sing nampik, salah sijine para penggedene agama Yahudi. Rumangsa nduweni pangerten bab Kitab Suci, para wong Yahudi, mirunggan ahli Toret nyoba mbantah piwulange para rasul, neng ngarepe wong okeh sajake para rasul di-WIRANG-ake. Sanadyan rumangsa ke-WIRANG-an, ananging ora ndadekne para rasul kuwi nglokro, amarga justru nalika ngrasakne WIRANG ing ngarepe wong akeh (sing durung percaya) kuwi mau para rasul rumangsa wis ngayahi dhawuhe Gusti Yesus.

 

Kw-WIRANG-an kuwi meh pada tegese karo kisinan utawa nandang isin. Para rasul rumangsa diisin-isinake utawa di-WIRANG-WIRANG-ake, ananging amarga kuwi wis dadi pamecane Gusti, sing sapa ngrasa di-WIRANG-ake amarga mbabar piwulange kuwi malah bukti yen bener-bener nglakoni dhawuhe Gusti. Mula sanadyan ngrasa ka-WIRANG-ake, para rasul malah bungah, ora nglokro. Lho, njur apa ya ora olih ngayahi dhawuhe Gusti Yesus kuwi entuk pangalembana? Oleh, ora apa-apa, ananging aja nganti kuwi mengko “ngrampok” sing sejatine kagungane Gusti Yesus. Menungsa kuwi mung sadrema utusan, sing pantes pinuji-puji kuwi mung Gusti Yesus. Mulane, yen dipaido nalika ngayahi dhawuhe Gusti, aja nglokro,aja malah mutung,ajamalah mudhur, yen nglokro,mutung lan mundhur, kuwi tegese ora arep memuji Gusti, ananging mung njaluk pangalembana.

 

“Bo, sukneh mbok rasah melu nyanyi dadi kantoria, swaramu blero kaya mengkono” Unine Lik Ndoleng neng wak’ane Solebo, nalika jejagongan neng cakruk Sor Talok.

“Genah ya swarane apik ngono kok ndadak maido ta Lik?”Iin sinambi nyuguhake kopi lan kimpul goreng melu semaur.

“Yen aku aluwung ora usah tampil yen mung swarane blero kaya mengkono” Lik Ndoleng sajak jik maido wak’ane Solebo, dene siwo Solebo jik meram-merem sinambi klepas-klepus karo jisamsune.

“Lha kuwi yen sampeyan ta Lik, aja madakne penemune dewe kanggo liyan, ora pas Lik..” Dalijo melu nanggepi,sinambi nguthek androite lan ora keri sinambi ngematake MLDne.

“Pokoke kanggoku yen ora apik,aluwung rasah tampil..ngisin-isini..” Rada seru Lik Ndoleng olehe muni.

“Cen awakmu kuwi bakat dadi ketua Komisi Pamaido Leng, kabeh saben ora apik kanggomu olehmu maido entek amek kurang nggolek..jale tampila apa ya isa singkron swaramu”  Swarane Pakde Kento, sing nembe njedull.sanadyan sajake wis ngrungokake sadi kadohan, neng sor asem lor kandang.

“Mbok ben luur, cen lageane Ndoleng cen ngono,rasah remit mikire..sing panting niatke muji Gusti, wis maksimal,wis latian poll. Yen kanggone Ndoleng jik ora ejoss, ya ora apa-apa..rasah nuntut Ndoleng tampil, wong cen dekne kuwi tinitahke kanggo maido..yora Leng? Nyoh jisamsu, rasah imbas-imbis kayangono, aku ngerti kowe kentekan udud. Arep tuku yen ora warunge Wasti ora mathuk, kamangka saiki Wasti lagi pikenik neng mbali mbek Markun..lha pora dobel lara atimu leng?”Unine wak’ane Solebo jik sinambi merem lan senderan soko cakruk.

“Jindulll..saiki kowe melu Mirangke aku Boooooooo!!!” Unine Lik Ndoleng, sinambi ndudud jisamsune wak’ane Solebo.

 

Mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH