Sabtu, 16 Januari 2021

NGELMU

 

Setu Pahing 16 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 2:21-25

Jabur 139 :1-6,13-18

Para Rasul 13 :16-25

Kawula linggiha utawi ngadega Paduka uninga, Paduka mirsa osiking manah kawula saking katebihan. Paduka nguningani manawi kawula lumampah utawi ngaso, saha salampah-lampah kawula Paduka uningani.Sabab saderengipun ilat kawula ngedalaken tetembungan, sayektosipun Paduka sampun nguningani punika sadaya, dhuh Pangeran Yehuwah.Paduka ngempit kawula saking ing wingking lan saking ing ngajeng, lan asta Paduka tansah Paduka ungkulaken ing kawula. Kawruh ingkang makaten punika langkung dening elok tumrap ing kawula, inggilipun ngantos boten kenging kawula gayuh. “ Jabur 139:2-6

 

Jarening jare, tembung NGELMU kuwi asale saka tembung lingga “ilmu”, sing tegese kawruh bab samubarang. Yen sakbanjure dadi NGELMU kuwi tegese kawruh kang tinindakake utawa dilakoni. Yen mung kawruh wae, kuwi ora ana manpaate babar blas marang kahanan utawa liyan, ananging yen ilmu kuwi katindakake utawa  kang kinaranan NGELMU, kuwi nembe ana pungsine. Coba dipikir sinambi udud lan wedangan, yen ana wong sing nduweni ilmu bab sopir kan isa diarani “isa nyopir”, ananging ora nate digunaake, apa manfaate jal? Sing pakaryane dadi sopir olih mesem, pomeneh wis pengsiun njur ben kesuk “dikopeni” bojone sing jik ayu moblong-moblong kaya gemblong dibungkus godong..hehe. Mbalik neng bab NGELMU, kuwi isa isane migunani nalika bab pangerten kuwi dadi lakuning urip., uga pangerten bab iman utawa agama, yen mung ngerti ananging ora dilakoni ya dudu NGELMU,kuwi mbuh apa jenenge.

 


Paseksine Juru Jabur neng Jabur 139 ayat 2-6 apik kanggo pasinaon ing dine setu iki. Neng kana Juru Jabur nulis apa kang dadi pengalamane (pengalaman kuwi pangerten lan lelakon  kang nate dialami), yakuwi bab pangwasane Gusti Allah. Manut Juru Jabur, mbuh ngapa wae polahe, Gusti Allah pirsa, lan apa kang dimangerteni bab iki dilakoni, mula isa diarani NGELMU. Dadi, cekak aose, Juru Jabur kuwi mbiyen jebule wis ngondeli NGELMU kasekten sing ngedab-edabi, yakuwi kawruh ing batin yen sakparipolahe dimangerteni dening Gusti Allah. Mulane Sang Juru Jabur njur ora wani tumindak “bain-bain”, amarga NGELMU kang dipatheg nuntun marang kesadaran, yen Gusti Allah kuwi maha pirsa.

 

Ing jaman saiki bab pangerten yen Gusti Allah kuwi maha pirsa meh kabeh wong (klebu sing macatulisan iki, merga inyonge yakin sing isa maca bung bangsane menungsa…xixix), ndueni ilmu bab pangwasane Gusti Allah,, ananging yen pangerten kuwi ditindakake utawa dilakoni, Sik, mengkodisik!! Mbokmenawa ora okeh sing mapaneke NGELMU kang kaya mengkene iki. Lho, kok isa kuwi nalare kepiye? Ngene nalare, meh kabeh menungsa nduweni pangerten bab pangwasane Gusti Allah, ananging ora okeh wong sing mapanake NGELMU kang kaya mengkono kuwi, buktine jika okeh sing ngapusi, ngrasani, mutungan,nesunan, kopropsi lan uga..hehe…”nolah-noleh” sanadyan wis nduwe dewe neng ngomah..hehe, kuwi lak conto sing ora isa mapanae NGELMU bab kawruh marang Gusti Allah. Dadi, puputane, sanadyan ngerti bab pangwasane Gusti Allah, durung temtu isa mapanake bab kuwi ana ing uripe, beda kaya Juru JAbur, ngerti ya nglakoni, kang kinaranan NGELMU.

 

“Weh, ududmu tik saiki jisamsu Lik, bajekna, entuk seka ngendi kuwi mang?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng, nalika ngerti udude jisamsu patangmbungkus.

“Jobo’o wingi aku arep nempil udud neng warung, jebule kepethukan si Solebo, mulih seka njakarta. Nakoni aku, njur malah nukokake aku udud iki Jo..aku ya maturtengkiyuperimak..”Lik Ndoleng semaur sinambi pah-poh ngisep jisamsune.

“Wah, brarti Kang Solebo kuwi kaya piwulange mbah’e neng BENINGE EMBUN ESUK kae Lik, NGELMU bab kawruhe marang Gusti Allah” Dalijo nanggepi inpone Lik Ndoleng.

“Yakuwi Jo sing takrasakne, wong kuwi omong karo tumindak’e gathuk, lan kuwi sing dilakoni Solebo, ora mung ngerti bab sing apik, ananging nglakoni bab sing apik kuwi, ora kaya si..” Durung kober mbacutake omongane, kutungka swarane Iin sajak rodok mbengok.

“Rasah ngrasani kang Markun Lik, kowe kuwi kalah bab Yu Wasti, akonono wae, rasah nyalahake kang Markun. Niruo Lik Solebo kae, sepi ing rembug ananging rame ing gawe, kae NGELMUNE tingkat tinggi lho Lik..rakaya samyen..cetheke ngeram..” Unine Iin.

“Dusss….kenek meneh cahh…cen jindulnan og ponakanku sing kaya manuk cemblek iki..!” Batine Lik Ndoleng.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH