Rabu, 27 Januari 2021

ROLAS

 

Rebo Pon 27 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




Wulang Bebasan 8 : 1-21

Jabur 46

Markus 3 :13-19a

Wong rolas kang kapiji iku yaiku: Simon, kang banjur kaparingan jeneng Petrus, Yakobus, anake Zebedheus, lan Yokanan sadulure Yakobus, kang karone banjur kaparingan jeneng Boanerges, kang tegese anak gludhug, nuli Andreas, Filipus, Bartolomeus, Mateus, Tomas, Yakobus anake Alfeus, Tadheus, Simon wong Zelot, lan Yudas Iskariot….”

Markus 3:16-19a

 

Kabeh paham yen manut Kitab Suci, cacahe sekabate Gusti Yesus kuwi ana ROLAS. Yen ana sing takon, ngapa ndadak ROLAS, ora sisan satus utawa sewu lan sakpanunggalane, kuwi sah-sah wae. Ananging kayane ya ora patia penting banget yen tulisan iki ngrembug bab kenangapa cacahe sekabate Gusti Yesus ndadak ROLAS, luwih becik ing kahanan lan cara kang beda wae isa  tan jlentrehake. Sing jik penangsaran, ya ndang kono sinau mandiri, yen ora trimo ya dolane neng padepokane Lik Ndoleng, asal nggawa upeti..haha..

 


Mbalik neng crita Kitab suci, mligine neng Injil Markus. Neng kana dicritakake bab ROLAS wong sing diajak nderek lan ndereake Gusti kanggo sinau lan leladi. BENINGE EMBUN ESUK dina iki mung arep nyoba methik pasinaon sederhana wae, ora usah ndakik-ndakik. Dene pasinaon kuwi yakuwi bab guyup-rukune wong ROLAS kang tinimbalan nderek lan nderekake Gusti Yesus. Sakliyane kuwi, ing antarane wong ROLAS kuwi, ora nduweni “kepribadian” kang seragam, ROLAS wong ya ROLAS Watak, sijia wae ora ana kang padha. Sakliyane kuwi, sanadyan  nate ana sing meri lan kuwi lumrah, ROLAS wong sing nderek lan nderekake Gusti Yesus kuwi ora kabeh wasis ngomong. Sajake mung Simon kang kinaranan Petrus sing yen bab ngomong wasise ngeram. Ana sing bagean nyekel duit, yakuwi si Yudas, ana sing gampang monga-mangu kaya si Tomas, ana sing seneng njaluk hak istimewa kaya Yokanan lan Yakobus. Sepisan maneh, sanadyan ana ROLAS wong kanthi plageyan beda-beda, ananging tetep isa guyup-rukun tumeka wekasan.

 

Urip kuwi kawit jamane ulo durung enak dipangan tekan saiki dadi panganane kaum elit, pancen kudu bebarengan lan uga beda ing watak. Mokal ana sing memper satus persen. Sinau saka ROLAS sekabate Gusti Yesus, ayo pada sinau mangerteni ing antarane siji lan sijine. Aja meksa kekarepan, sanadyan kuwi apik,merga apik tumrape wong siji durung mesti apik kanggo liyan. Kabeh tinimbalan supaya ngrampungi gawean peparinge Gusti Allah, lan uga kabeh wus diparingi tanggungjawab manut kawicaksanane Gusti Allah, ora usah meri siji lan sijine,lakoni wae timbalan kuwi manut swara sing tansah alus nywara neng telenging ati.

 

“Biyuhhh, ademe ngeram lurrr…”Raisa turu aku sewengii.

“Haiyah Leng, lha wong turu wae kok ora isa, mbok diawur wae, kaya pas kowe sekolah testing kae, raisa nggarap mbok awur..”Semaure Wak’ane Solebo sing nembe teka neng cakruk, sinambi klepas-klepus karo jisamsune.

“Ndi ana adem ta Lik? Genah ya biasa wae ngene” Dalijo ya semaur nalika nembe tumeka ing cakruk.

“Jindul, ademe kaya mengkene kok ora isa ngrasakne,aja-aja kowe ilang rasamu Jo? Lan meneh turu kok kon ngawur kuwi ngen-ngenmu piye Bo!!?” Lik Ndoleng mak jenggirat, sajak ora nampa wangsulane Wak’ane Solebo lan Dalijo.

“Kopine Lik, kang..Pakde..”Iin metu nggawa kopi, lan malah sambat kesumuken.

“Sumuke ngeram neng pawon..”

“Dusss..iki kabeh kok sajak ngece aku cah!! Aku kademen ora ana sing madani sing takrasakne..asem kecut tenan..Trondoloo!!!”Lik Ndoleng mish-misuh ora karuwan, njur ketungka tekane Pakde Kento.

“Aja meksa kekarepan ta Leng, uga aja meksa rasa. Yen awakmu kademen ya rasakne wae, yen Pakde Solebo, Dalijo lan Iin ora ngrasakne adem, ya ora apa-apa. Kael ho,piwulange mbah’e, ana ROLAS sekabate Gusti, kabeh ya beda rasa pangrasane, ora apa-apa,,becik wae.. Aja kulina meksa kahanan lan rasa..” Ngendikane Pakde Kento.

“Kuwi Lik, dirungokne sesorahe Pakde Kento, aja meksa kahanan, aja meksa rasa, klebu rasa cintamu neng Yu Wasti, Iklaske wae nggo kang Markun” Unine Iin njur makbrabat mlayu neng njero pawon.

“Dussssss….!!!!!!”Lik Ndoleng njondil,mbengok lan spontan njupuk sandal arep dipathakake Iin, ananging telat, kasep, kaya kasepe tresnane marang Wasti.

 

 

Mbahe..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH