Senin, 18 Januari 2021

NDEDONGA

 

Senen Wage, 18 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK




1 Samuel 9:27-10:8

Jabur 86

2 Korinta 6 :14 – 7:1

Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka tedahaken margi Paduka, supados lampah kawula manuta ing kaleresan Paduka; manah kawula mugi Paduka golongaken supados ajrih-asih dhumateng asma Paduka.” Jabur 86 :11

 

Salah sijining gawean kang paling mayar tumrap menungsa ing babagan agama yakuwi bab NDENDONGA. Sedehana, mayar lan ora paitan babarblas, mulane ya ora sithik sing nduweni hoby NDEDONGA, sanadyan ya mung NDENDONGA thok-thil iwil-iwil, amarga ya mung tekan NDEDONGA, yen kon tumandang pomeneh cucul, angele ngeram. Yen rapercaya njajal dieling-eling nalika nembe ana bencana alam, dijak umbruk atur pambiyantu, mesti ndisik dewe mbantu DONGA, yen banda mengko ndisik. Ananging ya aja kleru, ora sithik sing  arang banget NDEDONGA, mbuh apa alesane lan uga ora sithik sing ragelem yen dijaluk mimpin NDEDONGA nalika nembe bebarengan manembah.

 

Bab NDEDONGA utawa Ndonga kuwi klebu piwulang pokok neng saben agama lan uga okeh tinulis neng Kitab Suci. Neng Kitab Jabur ya semono uga, neng kana okehe ngeram tulisan-tulisan sing dipercaya minangka Pangandikane Gusti kang awujud donga. Lan dongane dawa-dawa uga apike ngeram bab tata basane. Sanadyan dawa, ananging ora mboseni, amarga kabeh rinakit kanthi rasa lan pangangit, beda karo jaman saiki. Yen ing jaman saiki okeh wong NDEDONGA dawa-dawa ananging ora cetha, mung dibolan-baleni lan sok-sok tanpa isi. Uga ana sing NDEDOGA mung ceka lan aose poll…sing ngrungkokake durung rampung ambegane, wis Amin. Njur NDEDOGA sing pas lan pener kuwi piye?

 



Manut Kitab Suci, NDEDONGA sing bener kuwi nalika mrentul saka punjering ati kang tuwuh saka rasa-pangrasa kang wening. Lan uga NDEDONGA kuwi beda karo “Proposal”, sing isine mung njaluk lan njaluk tanpa modal babarblas. Neng Kitab Jabur bab 86 dijlentrehake kanthi pas banget, salah sijine neng ayat 11, yaiku NDEDONGA nyuwun diparingi patraping urip sing “WEDI-ASIH” marang Gusti. WEDI-ASIH kuwi beda karo wedi, amarga WEDI-ASIH kuwi wedi kang ginaranan urmat lan tresna, ora wedi amarga lara ati lan serik. Amarga WEDI-ASIH marang Gusti, mula sakparipolahe tinalesan penemu yen Gusti Maha Pirsa, mula mokal yen arep cidra lan neka-neka, beda yen mung Wedi tinalesan sengit, gething lan serik, lan uga dasaring penemu bab Gusti Allah luput, mesti polah-tingkahe ora karuwan. Mula saka kuwi yen pada NDEDONGA, kudu bener lan pener, nyuwun marang Gusti sing ora mung kanggo mareming kamanungsan, anangingcikben Asmane Gusti Kamulyake.

 

“Jo, wingenane aku diskusi karo Solebo, bab NDEDONGA. Jare Ndonga sing apik kuwi nalika ora mung mikirake butuhe dewe ya Jo?” Ujug-ujug Lik Ndoleng ngajak rembugan bab sing sajak serius.

“Weh, ya cen kuwi sing bener Lik. Lha wong saiki kuwi menungsa yen NDEDONGA ora beda karo Proposal, usine mung njalukkkk lan njaluk…” Wangsulane Dalijo.

“Lha sakngertiku ya cen NDEDOGA kuwi njaluk lan njaluk. Njaluk sehat, kuwat, umure dawa, bojone ayu yen sing Ndonga wedok, bagus yen sing Ndonga lanang. Njaluk nyambut gawe entheng ananging blanjane pol-polan lan sakpanunggalane..” Lik Ndoleng semaur, sajak malah sansaya bingung.

“Sokur yen wise ling Lik, tegese sampeyan wis mlaku neng dalan kang bener. NDEDONGA kuwi rembugan rong arah, menungsa lan Gusti Allah, mula ya aja mung njaluk lan njaluk” Dalijo semaur sinambi nyumet MLDne.

“Sing dadi gumunku kuwi Jo, saiki si Solebo kuwi solehe ngeram, jian kaya nabi neng Kitab Suci kae.” Jlentrehe Lik Ndoleng.

“Hust, ora ana nabi udud’e Jisamsu, Wak’ane Solebo kae jik pas-pus njijsamsune..”Semaure Dalijo.

“Bar ngerti bab intine NDEDONGA, ya jik arep nyebutake jenenge Yu Wasti neng dongamu Lik?” Iin njedul, nggawa kopi lan kimpul bakar sinambi nyemes Lik Ndoleng.

“Dusss…anggere kowe njedul kok mesti tekan Wastiiiiiiiiiiii wae ta Innnn?!!” Unine Lik Ndoleng sinambi kukur-kukur sirahe sing rambute mung kari limangler.

 

mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH