Selasa, 12 Januari 2021

DUPA

 

Selasa Pon 12 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 30 :22-38

Jabur 69 :1-5,30-36

Para Rasul 22 :2-26

Anadene dupa kang padha sira gawe manut campuran mangkono iku aja padha sira gawe kanggo awakira dhewe, iku kagem Sang Yehuwah kang suci tumrap sira. Wong kang gawe lenga kang kaya mangkono dianggo ambon-ambon, iku kudu kasirnakake saka ing antarane bangsane.” Pangentasan 30 :37-38

 

Ora sithik wong sing ngrasuk “agama impor” serik nalika krungu bab DUPA. Jare yen wis percaya marang Gusti Allah (iki ya basa impor), ora kena maneh nganggo sabarang kang asli daerah local. Jare sesat, sekte, mangro lan sakpanunggalane, pokoke okeh alesan kanggo ngegung-gungake basane agama impor kuwi mau, lan nindes basa asline. Jian ramekakat temenan saben sapa wae wis (rodok) mendem agama. Uga bab DUPA, kuwi tumrape agama impor, biyuh..biyuhh..dadi barang kang siningkirake, kamangka babar blas ora dong kekarepane. Lha neng Kitab Suci ya jebulnya ana je, tulisan kang ngrembug bab DUPA, malah kuwi dhawuh saka Gusti Sang Yehuwah dhewe, piya jal nek ngene iki?

 


KEBON PORANG

Manut  pangerten Dalijo sing cethek’e pol-polan kae, DUPA lan sabarang liyane kuwi ora kleru yen dingo srana manembah. Sing penting arahe manembah kuwi mung marang Gusti Allah. Yen kudu nganggo srana, mbuh kuwi kembang, DUPA, lilin, parpum lan liya-liyane, ya ora apa-apa, sing penting enere utawa arahe  ngibadhah kuwi mung marang Gusti Allah. Neng Kitab Pangentasan dicethakne kanthi cetha tur ya wela-wela nyulek mata, bab dhawuhe Gusti sing gegayutan karo DUPA. Ora pareng mung kanggo awake dewe, kudu kanggo Gusti Allah, sing coba-coba nggawe mung kanggo awake dewe kudu siningirake,kuwi dhawuhe Kitab Suci.

 

Dadi cetha, sing luput kuwi dudu sranane, dudu pirantine, dudu DUPA ne, ananging entering ati. Lhambok ora nganggo srana wae, yen enere ati ora marang Gusti Allah, lha ya Luput. Pungkasane, sing paling utama,sing paling wigati kuwi entering urip iki, marang awake dewe (ego pribadi) utawa marang Gusti Allah. Srana kuwi penting, kuwi kayadene piranti, sing ancase mung supaya luwih gampang ketemu Gusti Allah.Dene siji lan sijine menungsa kuwi beda-beda, aja padha tukar-padu, sing pada rukun lan anduma pengalaman iman, bab ketemu karo Gusti Allah.

 

“Jo, wingi adimu wedok sing ayune ngromyong kae , wadul karo aku. Jare awakmu jik kerep semedi utawa meditasi ya?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, sinambi nyumet pituneme sing sajak meh entek.

“Iyo Lik, lha apa ana sing luput manut diajeng Iin?” Semaure Dalijo sinambi nutuli androite lan ora keri, MLD neng jepitan driji tangane.

“Jare Iin, yen wis percaya karo Gusti Yesus kuwi, orasah neka-neka, wis percaya wae, nyembahe ya kudu kaya piwulange kae!. Ngono Jo, kuwi penemune Iin..” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Lha semediku uwi kan ya manengku puja marang Gusti Kang Mahakwasa, njur apa lupute Lik? Sing penting kuwi enere utawa arahe. Mbok kuwi kaya ajarane greja, ananging yen mung ben mareme kamanungsane, ya percumtakbergun..ora ana gunane..” Wangsulane Dalijo sareh, jian kaya wong sing gulune ana putih-putihe kae.

“Weh, yen ngono aku ya mathuk. Kabeh kuwi manut enere, ora blegere..Oiya, aku nate ketemu, wong sing ngandi-ngandi nganggo putih-putih neng gulune, kowe kenal Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Haiyah..kae kancane mbah’e, cah klaten, sing sok bakulan akik kae ta?” Semaure Dalijo,

 

mbah’e..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH