Setu
Wage 23 Januari 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Yeremia
20 :14-18
Jabur
62:5-12
Lukas
10 :13-16
“Bilai kowe kutha Khorazim! Bilai kowe
kutha Betsaida! Amarga saupama ing kutha Tirus lan ing kutha Sidon ana
mukjijat-mukjijat kaya kang kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis
biyen-biyen anggone mratobat kalawan manganggo bagor lan linggih ing awu.”
Lukas 10 :13
Yen maca wacan Kitab Suci leksionari
dina iki, Sekli Lulijan, mbok menawa ana sing marakne bingung. Lha lira ing
kono tinulis bab ngamuk lan dukane Gusti Yesus. Kutha-kutha sing tinulis ing
wacan Injil Lukas dina iki kabeh kayane diamuk dening Gusti. Iki ya isa wae
dadi papan pitakonan, jarene Gusti Yesus kuwi sabar, lembah manah,loma lan
sakpiturute, lha iki kok nyupatani kutha-kutha kang mestine ya ana sing ngenggini. Lha sejatine
ana apa ta?
Manut sakpangertenku, sing jian cubluk
iki, anane Gusti Yesus nyupatani marang kutha-kutha sing tinulis neng Injil
Lukas kuwi amarga jian ngengkele ngeram. Wis rakepetung anggone kutha-kutha
kuwi mrangguli mujijat-mujijat sing babarblas ora tinemu nalar, ananging angele
ngeram yen dikon percaya marang pakaryane Gusti Allah. Uripe warga kutha kuwi
mung nguja kekarepaning kamanungsan, kamangka kuwi cengkah karo kersane Gusti.
Gusti Yesus pancen ngamuk, lan kuwi ya lumrah,amarga sing diamuk ya pancen
kebangeten temenan. Ngamuke Gusti Yesus kuwi njur mbandingake karo kutha
liyane. Manut kawicaksanane Gusti Yesus, yen ing kutha sakliyane Khorazim ana
mujijat, orasah gede-gede, mesti warga kutha kuwi wis mertobat kabeh. Ananging
kahanan sing klakon beda,sanadyan wis digebyur mujijat, ananging ora gelem
mertobat.
Kahanane kutha Khorizim sing wis
bola-bali nampa mujijat kuwi mbokmenawa ya memper kahanane jaman saiki,tumrap
warganing pasamuan. Ing sajroning kahanan kang nggegirisi amarga “topik
songolas”, wis ora sithik sing dadi korban. Lha sing jik isa maca tulisan iki
tegese kan tansah nampani gebyurane berkah saka Gusti, ananging kan ya ora
sithik sing jik ndableg sak ndableg-ndablege. Jik okeh sing ora gelem manembah,
wegah dijak makarya mirunggan neng pakaryane Gusti, urip mung sakarepe dewe,lan
yen nampa kahanan kang rinasa abot njur sambat ngaru-ara, njur sok suci. Mula
ing jaman saiki, sakumpama Gusti nindakne kaya kang ditindakne marang kutha
Khorezim, mbokmenawa ya okeh lumrahe. Mula saka kuwo, sakdurunge didukani
Gusti, diamuk Gusti, disupatani Gusti, ayo ndang mertobat. Dijak makarya apa
wae manut, nglatih kawaskitaning percaya, kuwi kang njalari isa nyawang apa
kang dadi kebutuhane pakaryane Gusti. Dilantip gamaning karohanen lan
kapercayan, kuwi mung isa klakon menawa gelem latihan.
“In, kae ngapa pakmu cilik sing baguse
kaya irus kok sajak ngamuk, gembronang dewe?” Takone Siwo Solebo,nalika esuk
kuwi mampir, arep mangkat ngarit neng nJaten.
“Ambuh dhe, kawit tangi turu mau,
ujug-ujug nesu..ngomyang dewe..” Semaure Iin, saka njero pawon, sajak nggonso
bumbu oseng-oseng kacang.
“Mau tak takoni Wo, ana apa ta Lik,
malah mung meneng wae,karo menthelengi androite” Semaure Dalijo, sing sinambi
ngasah arit neng ongkal neng Sor Talok.
“Lha kara lagi mens ta Jo?” Siwo Solebo
sajak penasaran, njur nggagapi sing ora-ora.
“Kara iyo Wo, lha kae njedul, ana
swarane mbukak lawing” Unine Dalijo.
“Dusss…jindulll…iki wong nggawe
renungan padinan, taktunggu saben kesuk, kok judule marakne aku bingung,mumet
dengkul lurrr…” Lik Ndoleng nyedak cakruk, jik sarungan sinambi menthelengi
androite.
“Aturngono’a, Leng. Apa sing mbok gagas
kuwi,kok esuk-esuk malah kaya pitik sing mbebeki?” Pakde Kento melu urun
rembuk, nalika wis mandeg, kayane ya arep nyang tegal, ndangir tandurane
Porang.
“Jale To, iki judule tulisan iki apa
jal,awakmu ngerti ra?” Takone Lik Ndoleng sinambi meruhake androite.
“Bangbayiiiiiiiikkkkk….kuwijudule
diwalik Leng…aja diwaca apa anane, kaya ra apal karo sing nulis sing cen
senenge clelek’an wae..”Unine Pakde Kento,lan Lik Ndoleng mung kukur-kukur
sirahe sing rambute mung kari telulas ler kuwi.
“Hmm…aku yakin, sakliyane aku ya ana
sing bingung maca judule tulisan iki” Lik Ndoleng mbaten, sinambi mesem, kaya
sing nembe maca tulisan iki.
Mbah’e
Tidak ada komentar:
Posting Komentar