Sabtu, 09 Januari 2021

PIWELING

 

Setu Kliwon 9 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Para Raja 2 :1-4,10-12

Jabur 29

Lukas 5 :1-11

Nglakonana kawajibanmu kalawan setya marang Sang Yehuwah, Allahmu; karo maneh lakumu metua ing dalan pitedahe sarta lestarekna anggonmu ngenut sakehing katetepan, prentah, pranatan tuwin katemtuan, kaya kang katulis ing angger-anggere Nabi Musa, supaya samubarang kabeh kang koklakoni lan sakehing sedyamu bisa oleh gawe,..” 1 Para Raja 2 :3

 

PIWELING kuwi linggane Weling, sing tegese sawijing dhawuh sing kudu dilakoni, ananging ora langsung kudu dilakoni. Mulane PIWELING kuwi isa diartekne sawijining dhawuh saka liyan, sing kudu dilakoni sanadyan ora mung ing wektu kuwi, amarga isa wae PIWELING kuwi ngemu teges ing wektu kang suwe.

 

Ing Kitab Suci, pernahe neng 1 Para Raja 2 ayat 3, ana PIWELING saka Prabu Dawud marang putrane, Soleman. Dene isine PIWELING kuwi, supaya sakmengko,sakwise Prabu Dawud tinimbalan dening Gusti, Soleman tetep setya tuhu anggone mapanake urip manut kaya kang dadi pranatane Sang Yehuwah. Dene ancase PIWELING kuwi, yaiku supaya ing sakdawane uripe, Soleman tetep tansah binerkahan. Saka isine PIWELING kuwi ya isa diwenehi arti, menawa Soleman ora netepi apa kang dadi PIWELINGE bapakne, uripe bakalan ora nampa berkah saka Gusti Allah. Ing tembe, manut critane Kitab Suci, Soleman ya nglakoni PIWELINGE bapakne, lan ya nampa berkahe Sang Yehuwah kanthi linuber, ananging nalika nglalekake PIWELING saka bapakne, uripe Soleman ya njur bubrah langkrah ora karuwan.

 


Sanadyan PIWELING saka Prabu Dawud kuwi tinujokake marang Soleman ing jaman mbiyen, ananging sejatine ya isa dipapanake ing jaman saiki lan tumeka ing mbesuk, yakuwi supaya uripe menungsa kuwi manut ing pepakon-pepakone Gusti Allah. Sing sapa nglakoni apa kang mbiyen dadi PIWELING saka Prabu Dawud mesti bakalan binerkahan, ananging kosokbaline, sing ora netepi PIWELING supaya urip manut pranatan lan pepakone Gusti Allah, ya mesti bakalan nemahi urip kang bubrah-langkrah.

Mulane, saka tulisan sakuplit ing setu kliwon iki, payo nglakoni urip manut PIWELING saka Prabu Dawud, yakuwi setya tuhu netepi pepakon lan pranatane Gusti Allah, sanadyan kerepe ya cengkah utawa ora gathuk karo kekarepane kamanungsan. Lan, supaya gampang anggone pada mangerteni endi ta urip sing manut pepakon lan pranatane Gusti Allah, pilih wae sing cengkah karo kekarepan kamanungsan. Contone, sapa sing nate maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki, njur ngedum marang liyan, cikben liyan ya isa nampa “srana renungan” ing wanci esuk? Mesti ora akeh ta? Lha wong maca nganti rampung wae aras-arasen..hehe. Hayoo, sing maca sinartan mesam-mesem mesti ngrumangsani, dene sing maca sinartan mbesengut, kuwi sing luwih rumangsa..

 

“In, ngandi Paklik, kok bajekna ora ngetok?” Takone Dalijo neng Iin.

“Takkon bali neng warung Kang, lha wong mung dititpi minyak telon wae kleru sabun cuci..pora jian njengkelake..” Semaure IIn, sinambi nyapu jogan.

“Weladalah, lha mesti neng warunge Yu WAsti, lha ya rindik asu digitik kanggone Lik Ndoleng, malah kepara disengaja..” Unine Dalijo, lan nembe wae rampung olehe muni, njedul Lik Ndoleng.

“Nyohh In, welinganmu. Lenga Klentik..”Muni ngone Lik Ndoleng menehake lenga klentik marang Iin.

“Weladalah Lik..minyak telon, dudu lengo klentik telung liter!!! Biyuhh..iki sampeyan kadunungan apa taaa Likkkk?” Unine Iin, sajak nesu.

“Yawis, kene takijolne neng warung wae, rapapa, aku ora kesel!” Unine Lik Ndoleng.

“Rasah!! Kesenengen kowe Lik, isa nyowang-nyawang Yu Wasti. Mula yen entuk PIWELING kuwi digatekne, ora mung anggere iya-iyo wae..malah kesempatan nggo njawil Yu Wasti!!”Muni ngono Iin bablas mlebu pawon, dene Lik Ndoleng mung mesam-mesem kaya sing maca tulisan iki.

 

mbah’e..

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH