Minggu, 17 Januari 2021

NDELENGA

 

Minggu Pon 17 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 3 :1-10

Jabur 139:1-6,13-18

1 Korintus 6 :12-20

Yokanan 1 :43-51

Wangsulane Filipus: “Ayo, ndelenga!” Bareng Gusti Yesus mirsa Natanael sowan ing ngarsane, banjur ngandika bab dheweke: “Lah, iku wong Israel sajati, kang ora kadunungan cidra.” Yokanan 1 :47

 

NDELENGA, kuwi tegese  nyawang kanthi serius, hora mung sakderma namatake. NDELENGA kuwi printah, supaya bisa nyawang kanthi sakwutuhe kahanan. Ing sakjroning NDELENG, ana wutuhing urip. NDELENGA kuwi prentah supaya makarya migunakake paningal utawa mripat kanggo namatake kanthi tumemen marang sesawangan kang ana. Dadi ana beda sing pokok ing antarane nyawang lan NDELENG.

 

Crita Injil Yokanan ing dina iki bab pangajake Filipus marang kancane sing jenenge Natanael. Filipus wis nate ketemu karo Sang Mesih, yakuwi Gusti Yesus sing pancene ditunggu-tunggu rawuhe, supaya nulungi bangsa ngisrael luput saka panindese bangsa Rum. Ananging sanadyan wis dicritani dening Filipus yen dewekne wis ketemu Gusti Yesus, Natanael sajak mangu-mangu,malah nyepelekake bab Nazaret. Semune Filipus dudu “diplomat” aing apik, mulane nalika ngonangi Natanael angel dikandani, njur diajak supaya NDELENG dewe. Mulane neng Injil Yokanan njur ditulis,”Ayo NDELENGA!”.Sakwise gelem diajak dening Filipus lan Natanael NDELENG dewe marang Gusti Yesus, Natanael langsung percaya satus persen lan malah ngonangi pangalamaning urip kang ngedab-edabi.

 

Saka crita Kitab Suci ing dina iki, isa dipethik pasinaon apik, yakuwi bab manpaate NDELENG dewe. Ing jaman saiki okeh sing wis krungu bab Gusti Yesus, ananging mbokmenawa arang sing wis tahu NDELENG dewe bab Panjenengane, amarga  kaya Natanael, sombong lan seneng ngremehake kahanan. Okeh sing saben wektune ngabekti ya ngabekti, ananging atine wis tinutup pangerten kaya Natanael,mula ya ora isa NDELENG Gusti Yesus. Ketok yen “beragama” lan sajake ya rajin ngibadah, ananging yakuwi, ora isa NDELENG Gusti lan mulane ya ora nate nemahi utawa ngonangi pengalaman kang ngedab-edabi.

 

“Lik, ayo ndang mangkat neng nggreja” Ajak’e Dalijo.

“Haiyah, palinga sing Kotbah si Markun, moh aku, aku isa renungan dewe..” Semaure Lik Ndoleng.

“Weh, lha sampeyan kuwi yen ngabekti arep manembah karo Gusti apa arep nyawang sing kotbah?” Takone Dalijo.

“Yen isa loro-lorone” Semaure Lik Ndoleng.

“Kuwi sakmenange dewe, egois Lik, ora apik. Kudune sampeyan isa NDELENG Gusti Allah, mbuh sapa wae sing Kotbah. Aja sombong, kumlungkung..ora apik..” Dalijo njjal njlentrehake.

“Sstt..Lik, ngepasi kang Markun sing Kotbah, ngko isa njejeri  Yu Wasti Lik, kuwi kahanan sing langka, arang klakon. ayo Lik kesempatan emas..” Iin melu nranjul rembugan.

“Jindulll..malah tekan Wasti meneh, tapi ya bener kandhamu In, kesempatan emas..yowis tak adus sik..” Omongane Lik Ndoleng.

 

Mbahe..

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH