Kamis, 14 Januari 2021

PENTHUL

 

Kemis Kliwon 14 Januari 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Para Hakim 2 :6-13

Jabur 139:1-6,13-18

2 Korinta 10 :1-11

Anadene bangsa mau tetep padha ngabekti marang Sang Yehuwah salawase sugenge Senapati Yusak lan salawase sugenge para sesepuh kang isih kasambungan yuswane nganti sapengkere Senapati Yusak, lan kang padha menangi sakehing kaelokane Sang Yehuwah kang ditandukake marang Israel.” Para Hakim 2:7

 

PENTHUL, dudu jarum lho ya,jaman saiki mbokmenawa wis ora okeh sing ngerti, ananging tumrap sing lairan sakdurunge tahun 80-an, mesti eling. PENTHUL kuwi memper Topeng, wong pancene ya aran liya saka Topeng. PENTHUL kuwi nganggone ana neng rai, amarga sing nembe nganggo PENTHUL kuwi  nempe nepakake sing rupane memper PENTHUL kuwi. Jaman mbiyen, saben  ana wayangan, mesti okeh sing jajan PENTHUL lan njur esuke dingo dolanan karo kanca-kancane. Dadi, manut penemu, PENTHUL kuwi barang kang digawe memper raine menungsa lan nganggone ya ana ing rai. Mulane apa sing ana neng sakwalike PENTHUL kuwi sing asli, dene sing ketok,ya PENTHUL kuwi, dudu rai sing asli, yen dibukak mesti beda. Racake wong yen tampil nganggo PENTHUL luwih teteg tinimbang yen ora nganggo..

 



Bab macak “PENTHUL” kuwi nate dicritakake neng Kitab Suci, pernahe neng Para Hakim 2 ayat7. Kuwi crita bab bangsa ngisrael sing dipimpin dening Yusak, nalika mlebu neng tanah leluhure. Nalika Yusak jik sugeng, wong-wong ngisrael manut lan ngabekti marang Sang Yehuwah, ananging bareng tinilar ,amarga seda, dening Yusak, wong-wong ngisrael kuwi menthalit, mbalela lan lali marang Sang Yehuwah. Polahe wong-wong ngisrael kuwi isa kinaranan nganggo PENTHUL. lha manute marang Sang Yehuwah ora amarga metu saka prenthuling ati ananging mung merga pekewuh utawa wedi marang Yusak. Crita kuwi sangsaya cetha, amarga saksedane Yusak, wong-wong ngisrael malah hora ngabekti marang Sang Yuhuwah, nggolek sesembahan saksenenge dewe.

 

Menawa ing jamane bangsa ngisrael mlebu neng Kenaan ora sithik sing seneng nganggo “PENTHUL”, ben sing ketok praenan apik, mbokmenawa ing jaman saiki ya ora sithik sing seneng nganggo PENTHUL. Apik nalika kepethuk, nalika ora kepethuk njur ngrasani. Nalika nembe butuh nganggo PENTHUL mesem tur sumeh, ananging nalika rumangsa wis ora butuh njur PENTHUL’e diuculi lan sing katon ya raine sing asli. Ora sithik wong sing nduweni penemu yen wis nganggo PENTHUL kuwi aman, merga liyan ora ngerti, kamangka Gusti ora isa diapusi nganggo PENTHUL. Yen ana sing maca tulisan iki,njur jik sok seneng nganggo PENTHUL, elinga, Gusti pirsa, dadi ya  matrap urip apa anane wae. Yen ora seneng ngomong ora seneng, ananging kudu ditaliti bab rasenenge, nalika nesu ya aja ngguyu malah lucu..hehe. Hayoo, sing ngguyune angel, mesti nembe nesu..

 

“Jo, jebul angel ya ngerteni wong liya kuwi ya?” Takone Lik Ndoleng, nalika esuk kuwi nyedaki Dalijo sing meh ngrabuk Porang’e.

“Lha ana apa ta Lik?” Takone Dalijo.

“Eee, lha kae si Markun, saben kepethuk aku ya sumeh,mesem lan sapa aruh apik kae, lha jebul jarene Iin, sok ngrasani aku..” Sambate Lik Ndoleng.

“Ngrasani bab sing bener wae ya ora apa-apa ta Lik, kuwi malah jujur, blokosutho,blakkotangterus embuh..hehe” Semaure Dalijo, sinambi nyumet MLDne.

“Weh, ngrasani kok bener ki piye nalare?” Takone Lik Ndoleng.

“Lha sampeyan saben tuku udud neng warunge Yu Wasti, mung sakler wae , saben kang Markun pas renek ngomah suwene ngeram, tur ya sik jowal-jawil..”Dalijo njletrehake bab rerasanane Lik Ndoleng.

“Jare mbahe, sampeyan kuwi nganggo PENTHUL lik,nalika ketemu kang Markun, ketok sumeh,ananging jik gething ngikit-ikit merga mbiyen kalah suk mbek kang Markun..”Unine Iin nalika njerengi klambi sing bubar dikumbahi.

“Jindulll..lha mosok ngerti yen aku sok njawil Wasti In?” Takone Lik Ndoleng sajak rada kaget, njur nyruput kopine sinambi merem-merem, nganti rangerti ditinggal Dalijo mangkat arep ngrabuk Porang.

 

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH